RPP Bahasa Jawa SMA/SMK Kelas XI Kurikulum 13 Crita Rakyat
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
Sekolah : SMK/SMA
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : XI / Genap
Pertemuan : 1
Materi Pokok : Carita
Rakyat
Alokasi waktu : 2 X 45 menit
A.
Kompetensi Inti
KI 3 :
|
Memahami, menerapkan, menganalisis
pengetahuan faktual, konseptual, prosedural berdasarkan rasa ingin tahunya
tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan
wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab
fenomena dan kejadian, serta
menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai
dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah.
|
KI 4 :
|
Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah
abstrak terkait dengan pengem-bangan dari yang dipelajarinya di sekolah
secara mandiri, dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan.
|
B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi
Kompetensi Dasar
|
Indikator
|
1.2 Menerima, menyukuri, menghayati, dan
mengamalkananugerah Tuhan berupa bahasaJawa dalam bentuk teks carita rakyat
daerah setempat.
|
·
Menunjukkan sikap menerima anugrah Tuhan
YME berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks Carita rakyat.
·
Menunjukkan sikap syukur anugrah Tuhan YME
berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks Carita rakyat.
·
Menunjukkan sikap menghayati anugrah Tuhan
YME berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks Carita rakyat.
·
Menunjukkan sikap mengamalkan anugrah Tuhan
YME berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks Carita rakyat.
|
2.2 Menunjukan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong
royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsif dalam menggunakan bahasa
Jawa melalui teks carita rakyat daerah setempat.
|
·
Menunjukkan sikap jujur, disiplin,
bertanggung jawab, peduli dalam mengerjakan tugas.
·
Menunjukkan perilaku bahasa yang santun
reponsif dan proaktif dalam menggunakan bahasa Jawa dalam kehidupan sehari-hari.
|
3.2 Memahami isi teks carita rakyat
|
· Menemukan unsur-unsur pembentuk teks carita
rakyat.
·
Bertanya jawab tentang isi teks carita
rakyat.
· Menemukan nilai-nilai yang terkandung di
dalam carita rakyat.
· Mengaitkan nilai yang terkandung dengan
kondisi masyarakat saat ini.
|
4.2 Menulis dan menyajikan sinopsis teks carita
rakyat.
|
·
Menulis carita rakyat daerah setempat.
·
Menulis sinopsis teks carita rakyat.
· Menyampaikan sinopsis carita rakyat dihadapan
teman-teman sekelas.
· Menyunting kesalahan sinopsis carita rakyat hasil
teman.
|
Karakter
yang dikembangkan: religi, santun, komunikatif, kerja sama selama proses
pembelajaran.
C. Tujuan Pembelajaran
Setelah mempelajari materi
Carita Rakyat dengan model
pembelajaran Cooperative
learning siswa dapat:
1. Menerima, mensyukuri, menghayati, dan
mengamalkan anugrah Tuhan YME melalui teks Carita Rakyat.
2. Menggunakan
bahasa yang santun (unggah ungguh basa
Jawa) dan bersifat jujur.
3. Menemukan unsur Carita Rakyat.
4. Menemukan isi Carita Rakyat.
5. Menemukan
nilai-nilai dalam Carita Rakyat.
6. Menemukan
unsur-unsur teks Carita Rakyat.
7. Membuat carita rakyat (legenda) terjadinya
daerah tempat tinggal siswa.
8. Mencaritakan
kembali isi teks Carita Rakyat menggunakan bahasa Jawa (sinopsis).
9. Menyunting sinopsis hasil teman.
D. Materi Pembelajaran
1. Fakta
Teks Carita Rakyat
2. Konsep
a.
Pengertian
Carita Rakyat
b.
Jenis
Carita Rakyat
3. Prinsip
a.
Unsur-unsur
Carita Rakyat
b.
Isi
Carita Rakyat
4.
Prosedur
a.
Teknik
menulis carita rakyat
b.
Teknik
damel sinopsis
E. Pendekatan, Model, dan Metode
Pembelajaran
1.
Pendekatan
: pendekatan teks.
2.
Model
Pembelajaran : cooperative learning.
3. Metode :
ceramah, diskusi, tanya jawab, dan penugasan.
F. Media, Bahan dan Alat
1.
Media
: power point lan contoh teks Carita Rakyat.
2.
Bahan : teks
Carita Rakyat Rawa pening.
3.
Alat : LCD lan laptop.
G. Sumber Belajar
-
Mulyono,
Slamet dkk. 2015. Trampil Basa.
Surakarta: Mediatama.
-
Widaryatmo,
Gandung dkk. 2013. Prigel Basa Jawa Jilid
1. Jakarta: Erlangga, halaman 32-39.
H. Kegiatan Pembelajaran
Kegiatan
|
Deskripsi
|
Alokasi Waktu
|
Pendahuluan
|
1.
Orientasi /Pembukaan
- Guru membuka pembelajaran dengan salam, berdoa, dan menanyakan siswa yang tidak hadir
2.
Motivasi
- Guru memotivasi siswa untuk selalu bersemangat dalam menerima pelajaran.
- Guru
menanyakan materi sebelumnya atau bertanya jawab tentang materi sebelumnya.
(Terjadi
proses komunikasi)
3.
Apersepsi
- Guru melakukan apersepsi untuk mengaitkan materi yang
telah dikuasai siswa dan yang akan dipelajari
- Siswa menerima informasi tentang materi Carita Rakyat.
(Terjadi
proses komunikasi danberpikir kritis)
4.
Penyampaian
tujuan pembelajaran
- Guru
menyampaikan tujuan pembelajaran kepada siswa.
|
10 menit
|
Kegiatan Inti
|
1. Mengamati
- Siswa mengamati contoh teks Carita Rakyat
berjudul Rawa
pening yang diberikan guru.
- Siswa mendengarkan carita Rawa pening yang dibaca salah satu teman di depan
kelas.
- Siswa mencatat kata-kata sukar (belum tau artinya)
(Siswa harus kreatif untuk mengamati pada kegiatan
ini. Mencatat hal-hal yang penting atau yang belum diketahui)
2. Menanya
-
Terlebih dahulu, guru membagikan teks Carita Rakyat berjudul Rawa pening
- Guru menanyakan unsur-unsur Carita Rakyat
- Guru menanyakan pokok-pokok isi Carita Rakyat
-
Guru menanyakan tanggapan siswa terhadap isi Carita Rakyat
(Terjadi proses kolaborasi dan sikap berpikir kritis).
3. Mengumpulkan informasi
-
Guru
menyampaikan pengertian, jenis, dan unsur-unsur Carita Rakyat menggunakan
LCD.
-
Guru membentuk 8 kelompok, setiap kelompok mendapatkan tugas yang berbeda
antara lain:
- Kelompok 1 dan 2 bertugas menemukan
kata-kata sukar dalam Carita Rakyat Rawa pening dan mencari arti dalam
kamus.
- Kelompok 3 dan 4 bertugas mencari unsur-unsur teks Rawa pening.
-
Kelompok 5 dan 6 bertugas membuat sinopsis Carita Rakyat Rawa pening.
-
Kelompok 7 dan 8 bertugas menulis contoh Carita Rakyat legenda daerah
setempat dan menyajikannya di depan
kelas.
(Terjadi proses
komunikasi, kolaborasi, kreatif sekaligus berpikir kritis).
4. Mengasosiasi
- Siswa mengaplikasikan
pengetahuan unsur-unsur Carita Rakyat untuk
menentukan isi teks Carita Rakyat
-
Siswa mengaplikasikan pengetahuan tentang Carita Rakyat untuk membuat sinopsis.
(Terjadi proses komunikasi, kolaborasi,
kreatif sekaligus berpikir kritis).
5. Mengomunikasikan
-
Siswa mempresentasikan hasil diskusi tentang kata-kata sukar beserta arti kata yang terdapat dalam teks Rawa pening.
-
Siswa mempresentasikan hasil diskusi berupa unsur-unsur Rawa pening.
-
Siswa menyampaikan
sinopsis Rawa pening.
-
Siswa menyajikan Carita Rakyat legenda daerah
setempat yang telah dibuat.
(Terjadi proses HOTS (High Order Thinking Skill/ Keterampilan Berpikir Tingkat Tinggi)
|
70 menit
|
Penutup
|
1.
Guru bersama siswa
merefleksi penguasaan materi yang telah dipelajari dengan membuat catatan/
rangkuman/ kesimpulan.
2.
Guru memberi
umpan balik.
3.
Guru memberi tindak lanjut berupa pemberian tugas
(remidi/pengayaan).
4.
Guru menginformasikan rencana pembelajaran
berikutnya.
5.
Guru menutup pembelajaran dengan doa
dan salam.
(Pada kegiatan ini, terjadi aktivitas
literasi/ kegiatan menulis)
|
10 menit
|
I.
Penilaian
Penilaian Pengetahuan
a.
Teknik penilaian : tes tertulis
b.
Bentuk penilaian : uraian
Penilaian Keterampilan
a.
Teknik penilaian : penilaian produk
b.
Bentuk penilaian : unjuk kerja/ praktik
............................................... 2018
Mengetahui,
Kepala Sekolah Guru
Mata Pelajaran
.................................. .........................................
LAMPIRAN
1
A. Tuladha Teks Carita Rakyat
Rawa Pening
Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong-wong ing desa padha
masak kanggo nyiyapake pesta. Kabeh padha njupuk bagian, ora ana kang keri.
Wong-wong padha nyiyapake ubarampe pesta kang minangka wujud rasa syukur marang
Gusti kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana
bocah kang ala rupane, pesing lan amis gandane.
Mangerti kahanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora seneng,
amarga manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake memala, ora
oleh berkah anggone pesta. Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane
ditundhung kanthi kasar. Bocah mau bisane mung nangis, karo mlaku sempoyongan
amarga wis pirang-pirang dina ora mangan, bocah ala rupa mau lunga lan ngadoh
saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan nabet jroning ati amarga tansah
digawe kasar lan diina, bocah kang ala rupane mau mlaku
menyang kampung tanpa arah lan jluntrunge. Anggone mlaku ora krasa
tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kahanane lan adoh saka
masyarakat. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi randha.
Ing gubug mau bocah kang elek rupane dirumat (dipelihara) dening
Mbok Randha. Dheweke diwenehi pangan kanthi lawuh apa anane. Sawise
mangan, bocah ala mau crita marang simbah randha yen dheweke iku Baru Klinthing
utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru
Klinthing, malah urip bebarengan sawetara dina. Bareng wis rumangsa wis
rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinting nerusake mlaku lan marani
wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge lunga , Baru Klinthing
weling marang simbah yen mengko ana prastawa gedhe simbah supaya numpak lesung.
Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep
urmat lan ngeling- eling piweling kasebut.
Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada
lanang. Lakune wis tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha ngusir marang
Baru Klinthing. Nanging Baru Klinthing ora gelem lunga, malah nantang marang
wong-wong kampung lan ngetokake sada lanang. Sada lanang kasebut banjur ditancepake
ing lemah. Wong-wong dikandani supaya njabut sada mau, yen bisa njabut sada mau
arep diwenehi bebana dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru klinthing kang
kaya mengkana, Wong-wong pada nyoba njabut sada mau. Saka sing awake
cilik tekan wong sing awake gedhe ora ana kang bisa njabut.
Pungkasaning, sada mau saged dinjabut kaliyan Baru Klinthing lan muncrat banyu.
Muncrate banyu sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan padha
golek papan panggonan kang luwih dhuwur. Omah, kewan, wit-witan, raja brana,
lan wong-wong mau ora ana tilase, kabeh wong pada sirna amarga piwalese saka
tumindhake dewe. Kampung kang mirip rawa mau, diarani Rawa Pening.
Rawa pening saiki panggonan plancongan ing
Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Rawa iku ambane kurang luwih 2.670
hektar lan mapan ana ing Kecamatan Ambarawa, Bawen, Tungtang, lan Banyu Biru.
Rawa iki mapan ana ing ereng-ereng gunung Merbabu, Temoloyo, lan Ungaran.
B. Pengertian Carita Rakyat
Carita rakyat inggih menika salah setunggaling
karya sastra ingkang lair kaliyan ngrembaka wonten salebetipun masyarakat
tarisional kaliyan disebaraken salebetipun wujud relief tetap, utawi
salebetipun bentuk baken ingkang sumebar ing antawis kolektif tertentu wonten
ing salebetipun wekdal ingkang langkung dangu.
C. Fungsi Carita Rakyat
Fungsi carita rakyat jawa kejaba
kanggo lelipur uga bisa didadehaken tuladha utamane carita-carita rakyat sing
ngandung piwulangan-piwulangan moral. Akeng sing pada ora mangerteni menawa
negari sing endah kiye nduweni akeh carita rakyat indonesia sing durung nate
kita krunggu. Bisa dimaklumi amarga carios rakyat sumebar sekang lesan marang
lesan sing diwarisken sakcara turun temurun.
D.
Ciri-ciri
Carita Rakyat
Ciri-ciri carita rakyat:
1. Anonim, mboten dipun mangertosi sinten sejatosipun
ingkang nganggit
2. Kalebu karya kolektif, dipun anggep ngadhahi rakyat
sareng-sareng
3. Nyariosaken bab awon lan leres kangge nggambaraken
kadadosan-kadadosan ingkang mokal wontenipun (imajinasi)
4.
Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewah
ingkang wigati saking jaman dateng jaman salajengipun.
E. Unsur-unsur Carita Rakyat
Unsur
intrinsik carita rakyat:
1.
Tema, inggih menika gagasan baken
ingkang dados dhasaripun cariyos.
2.
Paraga, inggih menika purusa ingkang
nglakoake cariyos.
3.
Penokohan, inggih menika gambaran watak.
4.
Alur/plot, inggih menika rerangkening
cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.
5.
Latar/setting, inggih menika panggenan,
wekdal, utawi swasana ing crita.
6.
Amanat, inggih menika pitutur utawi
pesen pangripta wonten ing cariyos.
7.
Sudut pandang, inggih menika posisi
pangripta wonten ing cariyos.
Pangripta
saged dados:
-
Purusa kapisan paraga utama (orang
pertama pelaku utama)
-
Purusa katiga (orang katiga)
-
Sarwi mangertos (serba tahu)
F. Sinopsis
Sinopsis
yaiku ringkesan sawijining crita. Ringkesan yaiku salah sawijining wujud
nyekakake sawijining crita kanthi tetep migatekaken unsur-unsur
intrinsiksawijining crita iku. Gawe sinopsis iku cara kang efektif kanggo
ngaturaken sawijining crita kang dawa dados wujud cekak. Sajroning sinopsis
kaendahan gaya basa, ilustrasi lan penjelasan-penjelasan diilangaken, nanging
tetep gumathok marang isi lan gagasan umum pagripta. Dawane sinopsis biasane
seperlima utawa sepersepuluh saka dawane karangan asli.
Cara gawe
sinopsis:
1.
Maca naskah asli kanggo nggoleki gagasan
umume panulis
2.
Nyatet gagasan utama kang penting
3.
Ngrantam maneh gagasan utama dadi
paragraf
4. Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis
utamane
5.
Sinopsis ora kena owah saka lakune crita
asli
G. Jenis Carita Rakyat
Jenis-jenis carita rakyat kados ingkang sampun dipunandharaken ing materi
mirengaken teks carita rakyat teng ngajeng, ingkang saget dipun lebetaken teng
kategori jenis-jenis carita rakyat punika
wonten werni-werni, antawisipun legenda, mite, sage, dongeng, lan fabel. Teng
ngandhap punika badhe dipunjlentrehaken sakedhik pangertosan saking kategori carios
rakyat ing inggil.
1. Legenda
Pengertian
Legenda inggih punika carita rakyat ingkang dipun anggep leres nat kedadosan,
ingkang caritanipun dipun hubungaken kaliyan tokoh sujarah, ingkang sampun
dipun bumboni kaliyan keajaiban, kasekten, lan keistimewaan tokohipun, Utawi carita
jaman ganu sing ana gegayute karo prastawa sujarah (minurut KBBI).
2. Mite
Pengertian
Mite inggih punika carita prosa rakyat ingkang dipun tokohi dening para
dewa-dewi utawi makluk lembut ingkang kedadosan ing dunya sanes (kahyangan
utawi alam gaib) lan dipun anggep leres kedadosan dening inkang nganggit carita
punika utawi penganutipun.
3. Sage
Pengertian
Sage inggih punika carios dangu ingkag wonten gegayutanipun kalian sujarah,
ingkang nyritakaken kewantunan, kasekten, kepahlawanan lan keajaiban
satunggaling tiyang utawi tokoh.
4. Fabel
Pengertian
fabel inggih punika carita ingkang nyritakaken gesangipun kewan utawi sato
ingkang tindhak-tandhukipun kados manungsa, carita punika mboten leres-leres
kedadosan, namung carita fiksi, terkadang fabel ugi nglebetaken karakter
mioritas arupi manungsa.
5. Dongeng
Pengertian
Dongeng inggih punika satunggaling carita ingkang mboten nate kedadosan namung carita
fiksi, ingkang nyritakaken satunggaling bab ingkang ngaeng, aneh, lan mboten
saged dipun logika. Adatipun nyritakaken bab keajaiban lan kasakten para dewa,
raja, pangeran, putri, lan sanesipun.
LAMPIRAN 2
A. PENILAIAN
1. Pengetahuan
a. Tehnik
Penilaian :
Tes tulis / tes lisan
b. Bentuk
Isntrumen :
Uraian non obyektif
c. Kisi –
kisi
:
LEMBAR PENGETAHUAN
No
|
Indikator
|
Rubrik Penilaian
|
Butir Instrumen
|
1
|
Menjelaskan
struktur Teks asal usul Rawa Pening.
|
||
2
|
Menentukan
unsur kebahasaan Teks asal usul Rawa Pening dengan benar
|
||
3
|
Menjelaskan
makna kata sukar dalam teks asal usul Rawa Pening.
|
||
4
|
Menjelaskan
makna kata, kalimat dan ungkapan dalam teks narasi menyimpulkan teks asal
usul Rawa Pening.
|
||
5
|
Menjawab
pertanyaan terkait isi teks asal-usul kuta Semarang dan asal usul Rawa
Pening.
|
||
6
|
Menyimpulkan
isi teks asal usul Rawa Pening.
|
||
Tes lisan:
Menilai
pemahaman peserta didik tentang pesan moral teks asal usul Rawa Pening.
|
|||
7
|
Menjelaskan
pesan moral teks asal usul Rawa Pening dengan benar.
|
2. Keterampilan
a. Teknik Penilaian : P1= evaluasi Produk dan P2= evaluasi Unjuk
Kerja
b. Bentuk Instrumen : Lembar Penilaian
c. Kisi-kisi:
No.
|
Indikator
|
Rubrik Penilaian
|
Butir Instrumen
|
1.
|
Peserta
didik menyajikan hasil apresiasi dalam bentuk karya tulis sederhana
|
*) Terlampir pada lembar penilaian.
B.
Lembar Pengamatan Diri
1. Wenehana tanda centang (√) ing
andharan(pernyataan) sing kokanggep paling pas karo kanyatan sing koklakoni.
2. Katrangane kanggo mbiji pakulinane
(kebiasaan):
5 = ajeg
4 = kerep
3 = arang-arang
2 = tau
1 = blas
3. Lembar pengamatan
No.
|
Aspek
penilaian
|
Skala
Penilaian
|
||||
5
|
4
|
3
|
2
|
1
|
||
1
|
a.
Kulina ndonga sadurunge miwiti lan mungkasipasinaon Basa Jawa.
|
|||||
b.
Kulina migunakake Basa Jawa kanggo ngomong karo sapa bae (guru, kanca)
nalika jam pelajaran.
|
||||||
c. Kulina ngetrapake tatakrama nalika
ing pasrawungan.
|
||||||
2
|
Jujur nalika mangsuli
pitakon-pitakon ngenani wacan crita wayang manut panemune dhewe.
|
|||||
3
|
Tanggungjawab
marang tugas pribadi
|
|||||
Tanggungjawab
marang tugas kelompok.
|
||||||
4
|
Ngurmati panemune wong liya nalika
diskusi.
Migunakake tembung kang pas (ora
kasar lan kemproh) nalika ngomong lan takon ing diskusi.
|
C. Lembar
Pengamatan portofolio hasil tulisan
Wenehana
tandha centhang (√) ing andharan(pernyataan) sing kokanggep paling pas karo
kanyatan sing kokamati, tulisane kancamu.
1. Katrangane kanggo mbiji:
5 = pas banget
4 = pas
3 = cukup pas
2 = kurang pas
1 = ora pas
2. Lembar pengamatan
No.
|
Aspek
penilaian
|
Kriteria
|
||||
5
|
4
|
3
|
2
|
1
|
||
1
|
Tulisan
(hasil tulisan/karya tulis sederhana)sing pas karo kaidah ejaanlan penulisan
ing tata tulis basa Jawa.
|
|||||
Panulisane
vokal
|
||||||
Panulisane
konsonan
|
||||||
Panganggo
tembung
|
||||||
Ukarane
runtut
|
||||||
Kohesi lan
kohenrensi paragraf
|
LEMBAR PENGAMATAN PRAKTIK OLEH GURU
No
|
Nama
|
Tulisan (hasil tulisan/karya tulis sederhana) pas
karo kaidah pelafalan lan penulisan tata tulis ing basa Jawa.
|
||||||||||||||||||||||||||||||
Panulisane
vokal
|
Panulisane
konsonan
|
Pangang-go
tembung
|
Ukarane
runtut
|
Kohesi lan
kohenrensi paragraf
|
||||||||||||||||||||||||||||
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
1
|
2
|
3
|
4
|
5
|
||||||||
1
|
A
|
|||||||||||||||||||||||||||||||
2
|
B
|
|||||||||||||||||||||||||||||||
3
|
C
|
|||||||||||||||||||||||||||||||
Lembar
Pengamatan Diri
1. Wenehana
tanda centang (√) ing andharan(pernyataan) sing kokanggep paling pas karo
kanyatan sing
koklakoni.
2. Katrangane
kanggo mbiji pakulinane (kebiasaan):
4 =
mesthi dilakoni
3 =
asring dilakoni
2 =
arang-arang dilakoni
1 =
tau dilakoni
0
= ora tau dilakoni
3. Lembar
pengamatan
No.
|
Aspek
penilaian
|
Kriteria
|
||||
4
|
3
|
2
|
1
|
0
|
||
1
|
d. Kulina donga (ngucap/nulis krana
Gusti Kang Maha Kuwasa) sadurung miwiti blajar basa Jawa
|
|||||
e. Kulina migunakake basa Jawa kanggo
ngomong karo sapa bae (guru, kanca) nalika jam pelajaran Basa Jawa.
|
||||||
f. Kulina ngetrapake tata krama
nalika srawung karo kancane
|
||||||
g. Kulina ngetrapake tatakrama nalika
matur karo gurune.
|
||||||
2
|
Jujur nalika njawab
pitakon-pitakon ngenani wacan crita wayang manut panemune dhewe.
|
|||||
3
|
Tanggungjawab
marang tugas pribadi
Tanggung
jawab marang tugas kelompok.
|
|||||
4
|
Ngurmati panemune wong liya nalika
diskusi.
Migunakake tembung kang pas (ora
kasar lan kemproh) nalika ngomong lan takon ing diskusi.
|
|||||
5
|
Nggatekake nalika nyemak crita
rakyat.
Tertarik, pingin ngerti lan bljar
crita rakyat
|
D. Lembar Pengamatan Praktik.
Wenehana
tanda centang (√) ing andharan(pernyataan) sing kokanggep paling pas karo
kanyatan sing kokamati, nalika kancamu sing makili kelompok presentasi ing
ngarep kelas.
3. Katrangane kanggo mbiji:
4
= pas banget
3
= pas
2
= cukup pas
1
= kurang pas
0
= ora pas
4. Lembar pengamatan
No.
|
Aspek
penilaian
|
Kriteria
|
||||
4
|
3
|
2
|
1
|
0
|
||
1
|
Maca teks
kanthi lafal kang pas karo kaidah pelafalan ing basa Jawa.
|
|||||
2
|
Anggone
nggawe kertas kerja lan power point
Pas karo
hasil diskusi.
|
|||||
3
|
Anggone
maparake hasil diskusi migunakake basa Jawa lan sikap sarta polatane slaras
karo unggah-ungguh (kesantunan)
|
|||||
4
|
Anggone
nanggapi pitakon migunakake basa Jawa lan sikap sarta polatane slaras karo
unggah-ungguh.
|
Soal latihan
!
A. Kaparingana tandha silang (X)
huruf a, b, c, d, utawi e wangsulan ingkang leres ing papan pawangsulan!
1. Pangertosan
carita rakyat inggih punika…
a. carita rakyat inggih punika carita ing masa lampau/jaman semana kang
dados ciri khas saben dhaerah
kang kagungan kultur budaya kang maneka warna kang digiyarake turun tumurun
kumantar lesan.
b.
carita kang boten nyata
c.
carita kang turun tumurun ing tlaltah tartamtu
d. carita kang magayutan kaliyan alam ghaib
e.
carita kang boten wonten naskahe
2. Kang boten
kalebet titikkanipun carita rakyat yaiku …
a.
dipun anggep minangka carita kang pancen
kadadean/nyata
b.
asifat sekuler (keduniawian), kadadean
jaman semana ,akeh manungsa
c.
“sejarah” kolektif, sejarah kang
nglamahi owah-owahan (distorsi) carita benten kaliyan asline
d.
asifat migration yaiku saged pindah
pindah saengga saged dipunkenali tlatah/daerah sanesipun
e.
caritanipun ngengini bab bab kang boten sae
3.
Ing ngisor iki, kang kalebu tuladha
carita rakyat keagamaan yaiku …
a.
Jaka Tingkir
b.
Walisanga
c.
Tunggul Ametung
d.
Roro Jonggrang
e.
Jaka
tarub
4. Pangertosan carita rakyat alam ghaib yaiku …
a.
carita kang magayutan kaliyan perorangan
b.
carita kang magayutan kaliyan papan
c.
carita kang sesambetan kaliyan alam lelembut
d.
carita kang sesambetan kaliyan
panyebaran agami
e.
carita kang sesambetan kaliyan khayangan
5.
Kang boten kagolong tuladha carita
rakyat yaiku …
a.
Timun
mas
b.
Rawa
Pening
c.
Jaka
tingkir
d.
Rara
jonggrang
e.
Jaka
tarub
6.
Carita Rawa pening, Danau Toba,
Tangkuban Perahu kagolong carita
punapa?
a.
perorangan
b.
agama
c.
legenda
d.
alam ghaib
e.
fabel
7.
Ing
tlatah ngendi dumadine Rawa Pening?
a.
Desa
banarawa
b.
Desa
banaran
c.
Desa
baran
d.
Desa
baronowo
e.
Desa
rawa pening
8.
Manut wacan “Rawa Pening”, satemene baru klinthing iku awujud kewan apa ?
a.
Kucing
b.
Wedhus
c.
Cacing
d.
Naga
e.
Pitik
9.
Welinge
Baru Klinthing, yen ana prastawa gedhe simbah kudu numpak apa?
a.
Dhokar
b.
Kapal
c.
Lesung
d.
Debok
e.
Gethek
10. Manut
wacan kasebut, kang nantang
wong-wong lan ngetoke sada lanang yaiku...
a.
Simbah
b.
Mbok
randha
c.
Wong
tuo
d.
Baru
klinthing
e.
Wong
desa
B. Kawangsulana pitakonan ing
ngandhap menika kanthi cekak aos!
1.
Goleka
(5) tembung kang durung kokmangerteni tegese banjur golekana tegese ing bausastra!
2.
Jlentrehna unsur intrinsik kang kamot
ing carita rakyat “ Rawa Pening”
kasebut?
3.
Ngungak teks Rawa Pening, sapa kang
ditulungi Baru Klinthing?
4.
Sebutna
pitutur luhur kang kamot ing carita kasebut!
5.
Gawekna sinopsis carita rakyat “Rawa Pening” nganggo basa padinan!
Kunci
Jawaban:
A. Pilihan
ganda
1.
A
2.
E
3.
B
4.
C
5.
A
6.
C
7.
A
8.
D
9.
C
10.
D
B. Uraian
1.
Miturut kawicaksanan dwija.
2.
Miturut kawicaksanan dwija.
3.
Simbah utawa Mbok Randha.
4.
- Aja tumindak ala lan ngina wong kang
duwe kekurangan.
- Seneng tetulung marang sasama.
5.
Miturut kawicaksanan dwija.
0 komentar:
Posting Komentar