Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Selasa, 08 Desember 2015

Kumpulan Tuladha Atur Pasrah Penganten Kakung

Tuladha 1:
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang tansah angudi dhumateng pepoyaning kautamen, saha pantes tinulad tuwin kinabekten, menapa dene panjenenganipun para tamu putri miwah kakung ingkang saestu pantes nampi ing boja krami.
Kanthi tansah angunjukaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun, mugia tansah rahayu sagung dumadi ing salami-laminipun, kalebet kula panjenengan sedaya. Amin. Amin Ya Rabbal ‘Alamiin.
Nuwun sewu mugi  tansah tinebihna saking tulak sarik menapa dene bebendu, dene kula cumanthaka kumawantun marak sowan anggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang saweg samya eca pangandikan, inggih awrat mundhhi dhawuh tinimbalansaking Bapak-Ibu … saperlu angyangkul jejibahan luhur minangka duta saraya sulih sarira Panjenenganipun Bapak/Ibu …. Ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan,  kula minangkasulih sarira aking saking panjenenganipun Ibu/Bapak … ingkang sepisan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan, sumrambah para keluarga samudayanipun, dene dhumateng para pinisepuh ngaturaken sungkeming pangabektos.
jangkep angka kaping kalih, ing nguuni sampun wonten pirembagan ing antawisipun Bp/Ibu …, anggadhahi putra kakung sesilih pun Bagus … kaliyan Bapak/Ibu … ingkang kagungan putra-putri asesilih gendhuk … golong giliging rembag nedya anuntumaken balung pisah daging renggang, bebasan angebun-ebun enjang anjejawah sonten (saking tembung awun-awun lan rarabi), andhodhok ing latar andhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe , kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun sami pepetangan anunggil cipta, rasa miwah karsa, ingkang menika saking adrenging manah panjenenganipun Bapak/Ibu … anggenipun katampi panglamaripun pramila iing wekdal menika ngaturaken sarana miwah upakarti minangka jangkeping tata cara sesemahan.
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Ibu/Bp … inggih punika :Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun kanthi pangajabing sedya minangka sarana sahipun sesanggeman saha raketing kekadangan, satemah boten pisah ing salami-laminipun.
  • Ageman ingkang awujud … minangka cihnaning katresnanipun Bapak/Ibu … kangge calon putra pinanganten inggih yoganipun Ibu/Bp … pun gendhuk ….
  • Ndungkap atur angka tiga boten kesupen Bapak/Ibu … ngaturaken dana wujudipun arta , kenginga kadamel angentheng-ngenthengi anggenipun Ibu/Bapak …anetepi darmaning asepuh inggih amengku gati amiwaha putra.
Kajawi menika, panyuwunipun Bapak/Ibu …, ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna sarta kapanggihna miturut satataning agami saha adapt ingkang sampun kalampah wonten ing mriki wiwitt alam kuna ing uni.
Minangka pungkasaning atur, mbokbilih Bapak/Ibu … anggenipun ngaturaken sarana dalahh upakarti wonten kuciwa lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksama. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Ibu/Bapak …, menawi wonten galap-gangsuling atur, gonyak-ganyuking wicara miwah boten jangkep ing unggah-ungguh lan tata basa satemah adamel runtiking wardaya, saestu nnamung tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.
Akhirul kalam, wa billahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.Nuwun.


Tuladha 2:
Assalamualaikum Wr.Wb.
Nuwun, kula nuwun.
       Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Akarya Jagad mugi tansah kajiwa kasarira wonten Panjenengan sedaya dalasan kula.
       Panjenengan Bapak (................../kang nampa) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (................./besan) kula kinen masrahaken putra penganten kakung pun Bagus (...............) mugi katur panjenengan Bapak saha Ibu (.........................../mengku gati).
      Wondene kundhuk kaalampahanipun mekaten:
Kalawau wanci tabuh 9.00 pengenten kakung kula pendhet saking dalem Srikaton, saking wisma palereman kanthi kairing para sepuh, kulawangsa, sanak kadang, pamong mitra sawetawis. Kula bekta sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancar rahayu wilujeng nir ing sambekala.
      Pramila ngemban dhawuh wigatosing sedya, keparenga ing mangke penganten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng paanjenengan minangka sulih saliranipun Bapak (...............) cundhuk kaliyan lampahing adicara.
      Ing wasana, kupat jangane santen menawi lepat nyuwun ngapunten.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb

0 komentar:

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.