Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Senin, 07 Desember 2015

Cerita Rakyat

Crita rakyat yaiku crita rakyat kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ana ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumpraping bacah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga ana ing sajroning crita kasebut akeh pesen-pesen moral kang bisa dadi lantaran nandurake budi pekerti luhur tumprap bocah-bocah.
Mupangate crita rakyat yaiku:
  1. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng, uga menehi hiburan (panglipur)
  2. Mupangat didaktif yaiku ndidik para kang maca amarga nilai-nilai kebeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita
  3. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan
  4. Mupangat moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek
  5. Mupangat religiusitas yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
Titikane crita rakyat yaiku:
  1. Panyebarane kanthi lisan
  2. Asipat tradhisional
  3. Sugih cakrek lan variasi
  4. Jenenge pangaripta ora konangan
  5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
Unsur Instrinsik: 
Crita rakyat iku duweni unsur-unsur kang bisa disinau kanggo nemokake tegese. Unsur-unsur kang bisa ditemokake ana ing sajroning crita bisa kasebut unsur instrinsik. Dene kang kalebu unsur instrinsik kayata: tema, latar, paraga, alur lan amanat.
  1. Tema yaiku undere bab kang dadi dhasar/landhesaning crita. Tegese sawijining prakara kang diangkat lan dijabarake ana ing saperangan gedhe crita/pokok masalahe crita. Tema-tema kang diangkat ana ing crita maneka warna kayata legenda, crita dewa-dewi, fabel lsp.
  2. Latar yaiku katrangan kang nuduhake panggonan lan titimangsa/wayah dumadine kadadeyan-kadadeyan ana ing crita. Latar bisa dimagerteni sakabehing prakara kang dadi latar belakange dumadine crita.
  3. Paraga yaiku tiyang kang wonten ing dalan crita. Paraga siji lan sijine nduweni watak wantu (perilaku watak) kang seje. Ana paraga kang kalebu paraga protagonis (apik, patriot, tumindake bener) lan ana uga paraga antagonis (jahat, kasar lan liya-liyane).
  4. Alur yaiku urutane dalane crita.
  5. Amanat/pesen yaiku pituduh kang sinimpen ana ing crita. Amanat bisa kaserat langsung liwat narasine pangripta utawi dialog kang ditindakake dening paraga-paraga ana ing crita, nanging bisa uga sinandi ana ing crita wutuhe.

0 komentar:

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.