Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Rabu, 16 Desember 2015

Selasa, 15 Desember 2015

Kumpulan Cerita Wayang (Lakon ANTAREJA, MAHARSI WIYASA, PANDHAWA SUWARGA, BAYI ABIMANYU, BATHARA SURYA)


Cerita wayang 1:
ANTAREJA
          Asma pepake Raden Antareja ya Raden Anantareja. Iseh putune Sanghyang Anantaboga, Dewa ing kahyangan Saptapratala. Ibune akekasih Dewi Nagagini. Dene ingkang ngukir jiwa ragane Raden Antareja iku satriya ing Munggulpamenang Raden Harya Sena. Apa sebabe Raden Harya Sena bisa tekan Saptapratala, critane mangkene.
Ing nalikaning Kurawa nganakake pista ing Bale Sigala-Gala, Pandhawa diundang dalasan Dewi Kunthi, nanging bale wewangunan kang dienggonidening para Pandhawa digawe saka kayu lan kertas kang gampang kobong. Namung digawe kaya kayu, dicet banjur diwenehi plitur kang apik. Jroning pista mau Pandhawa diaturi dhaharan kang wis dibumboni racun, mangkono uga unjukane, ya wis dicampuri racun. Nanging Sang Harya Sena waspada, panganan lan unjukane ora dicekel blas sanajan diisin-isin karo Dursasana.
Dikandakake para pandhawa lan Dewi Kunthi wus samiya mabuk, nanging ora weruh saka ngendi sangkan paraning jebul ana geni kang ngobong omah kang dienggoni para Pandhawa. Kagegeran, gugup,sigra sang Harya Sena kang cukat trengginas sigra mbopong Dewi Kunthi dalasan adhi-adhine digawa mlayu. Kocapa sajroning bingung ana kang nuduhi dalan yaiku garangan putih kang lakune banjur anjlog ing Kahyangan Saptapratala iku. Sawise padha diwaluyakake dening Sanghyang Antaboga, sarembug suntara wektu ngaso dhisik ing Saptapratala, kang wusanane Raden Harya Sena dipundhut mantu di dhaupake karo Dewi Nagagini. Lan ora suwe Pandhawa banjur nyuwun pamit bali, Dewi Nagagini tinilar ing kahyangan wis ana sajroning kahanan nggarbini.
Bareng tekan leking jabang bayi , babar miyak langse mandhala giri, brol cenger miyos kakung. Dening kang eyang diparingi asma Raden Antareja. Sanalika den dus bayu gege walagang gelis gedhe, glewo-glewo. Raden Anantarejo bergas, dedeg pidegsa,dening ingkanh eyang wineleg sakeh ngelmu kadigdayan, kanuragan, kawruh kasepuhan, pinaringan upas kang mandine kagila-gila. Bareng wis tekan diwasa kasektene wis ora nguciwani, nuli takon marang ibune sapa kang sejatine ngukir jiwa ragane. Banjur dikandani ramane yaiku satriya ing Munggul Pamenang kekasih Raden Harya Sena. Krungu ramane sapa, Raden Antareja banjur pamit kepingin bekti marang kang rama. Wektu kuwi ngepasi ing negara Madukara ana kedadean Duratmaka mateni Retna Wara Sumbadra. Kuwandhane kapapanake ing sajroning prau, rinenggo rengga kadidene penganten, dijaga dening Raden Harya Gathutkaca saka dirgantara.
Kacarita lakune Raden Anantareja jumedhul saka pratala tiba ing pinggire Begawaran Swilugangga, panggonane prau kang momot layone Dewi Wara Sumbadra. Sarehne ana kahanan kang nyalawadi, Raden Antareja kepingin sumurup apa isine prau mau, banjur dititi priksa, lan nuli weruh layon. Ketang gedhe rasa kamanungsane, layon banjur diuripake. Sawise waluyo jati nuli tetepungan, yen garwane satriya ing Madukara, Raden harjuna lan genti yen dheweke putrane satriya Pandhawa Raden Harya Sena…..
                                                                                       


Cerita wayang 2:
MAHARSI WIYASA
            Begawan Abiyasa uga sinebut Sang Maharsi Wiyasa. Ibune Abiyasa asma Dewi Gandawati, atmajane Prabu Wasupati ratu ing Negara Wiratha. Dewi Gandawati awit isih cilik wus diwenehake marang Prabu Dasa dening Ramane. Sawiseasa diwasa, Dewi Gandawati kagarwa Begawan Palasara, peputra Abiyasa. Dewi Gandawati sawise duwe anak Abiyasa, dheweke diwenehake dening Begawan Palasara marang Prabu Wasupati. Nanging nalika Dewi Gandawati nedya didhaupake Prabu Sentanu, ratu ing Ngastina, Begawan Palasara rawuh ing kedhaton Wiratha nedya mbaleni Dewi Gandawati, satemah Prabu Wasupati kawekon ing penggalih.
Dumadakan Bathara Narada rawuh ing kedhaton Wiratha nemoni Prabu Wasupati, Prabu Sentanu, lan Begawan Palasara. Bathara Narada paring dhawuh supaya Dewi Gandawati di dhaupake karo Prabu Sentanu, nanging Prabu Sentanu kudu masrahake negara Ngastina marang Begawan Palasara. Wiwit nalika iku Sang Palasara jumeneng ratu ing Ngastina jejuluk Prabu Dipakiswara. Mula barengwissawetara warsa anggone jumeneng nata, banjur kalingsirake marang Sang Wiyasa, jejuluk Prabu Kresna Dwipayana, Sang Rancakaprawa hiya jejuluk Sang Sutiknaprawa. Mula jejuluk Sang Kresna Dwipayana awit pakulitane ireng cemani terus ing balung sungsum, mula kawastanan Sang Rancakaprawa jalaran dhangan paring tetulung marang kawulane kang anandhang susah. Mulane jejuluk Sutiknaprawa awit remen nggeganjar sarta agawe senenging atine para kawulane.
      Garwane Sang Kresna Dwipayana kabeh ana telu yaiku:
  • Dewi Ambika, atmajane Prabu Darma Muka ratu ing Negara Kasi, patutan anak lanang pekik, mung cacat wuta wiwit lair, dijenengake Dhestaratra.
  • Dewi Ambalika rayine Dewi Ambika, peputra Pandhu Dewanata
  • Dewi Datri, wanita saka golongan waisya (ing sakawit parekane Dewi Ambika) peputra Widura (Yamawidura).
Ing sadurunge dadi garwane Sang Wiyasa, putri tetelu mau dadi garwane Raden Dewabrata ya Sang Bisma. Nanging gandheng Bisma wadhat, mula penggalihe Dewi Gandawati ya Dewi Setyowati susah banget, awit banjur cuthel ora ana sing nerusake nyambung dharah Barata. Mulane Bisma nuli matur.
“Nuwun sewun Kanjeng Ibu, kepareng kawula ngaturaken tetuladhan, nalika satriya saindenging bawana tumpes-tampis dipun sirnakaken dening Begawan Palasara, nalika semanten para putri garwanipun para satriya punika sami marak dhateng para brahmana, sami nyuwun dipun nugrahani putra. Putra-putrinipun warandhanipun satriya ingkang saking para Brahmana kalawau dados golonganing satriya. Mula kuwi, banjur ana satriya anyar ing marcapada. Kanjeng Ibu, sasampunipun paduka midhanget tetuladhan ingkang mentas kula aturaken, wontena kepareng paduka lajeng kersa milih Brahmana pundi ingkang badhe paduka minta sraya, supados nugrahani putra dhateng Dewi Ambika lan Dewi  Ambalika, kangge nyambet dharah Bharata sampun ngantos kalajeng cures utawi sirna.
Sapari purnanipun atur, Dewi Gandawati ya Dewi Setyawati mak byar, banjur kelingan yen darbe pulunan sadurunge ginarwa ing Prabu Sentanu, yaiku Maharsi Wiyasa, putrane Sang Dewi patutan karo Begawan Palasara. Kawiyos ngendikane Sang Dewi, ‘Kulup wruhanira, ing sadurunge ingsun winengku ramanira, ingsunwisnate kagarwa ing Brahmana pinunjul asma Begawan Palasara. Kula wus sesuta nunggal patutan kaliyan Sang Begawan, peparabe Maharsi Wiyasa. Aja dadi atimu, Sang Wiyasa  taktimbali, arep takdhawuhi ngepek bojo Dewi Ambika lan Dewi Ambalika.
Ature Bisma , “Kanjeng Ibu, sakalangkung kapasang yogi, menawi sang Maharsi Wiyasa kersa nggarwa warandha kekalih punika.”
Kacarita Dewi Gandawati ya Dewi Setyawati sakala banjur muja semedi, lenging cipta kang tinuju amung Sang Maharsi Wiyasa. Katarima panedhane sakala mak jleg tanpa weruh sangkane Maharsi Wiyasa rawuh. Sawuse dhinawuwan sandining gati, sang Maharsi Wiyasa gelem lan banjur klakon putri tetelune  pisan kagarwa dening Sang Kresna Dwipayana nganti patutan Dhestarata, Pandhu, lan Widura.
Sawise sawatara warsa , kalenggahaning kraton Ngastina banjur lumengser marang Sang Pandhu. Pandhu kagungan putra Pandhawa lima: Puntadewa, Bratasena, Harjuna, nangkula, lan Sadewa. Jroning kalengjroning kraton ing Ngastina kaparingake marang keng
putra Pandhu Dewanata, Sang Kresna Dwipayana bali mertapa ana ing wukir Retawu hiya Pertapan Wukir Saptaharga. Sang Begawan seneng banget marang putune, mligine Puntadewa…
                                                                                    


 Cerita wayang 3:
 PANDHAWA SUWARGA
Perang Baratayuda Jayabinangun paripurna. Pandhawa lima sing wis rampung nindaki jejibahan ing ngarcapada muksa sak badan wadage, merkahyangan. Bethara Narada minangka Ketua Sekretaris Berrsama Jonggring Saloka wis ngatur, Werkudara, Harjuna, dalah Nakula-Sadewa mangkat dhisik ; dene Puntadewa isih keri ana ngarcapada. Mbokmenawa isih ngenteni giliran. Meh ning kayangan kok daftar tunggu kaya munggah kaji ning Indonesiya, jan ora nalar.
Bareng wis nitipake si Pantom asu ingon-ingonane, Puntadewa enggal munggah kahyangan, njujug pasuwargan. Jebul kecelik, Pandhawa papat dalah garwane ora ana katon, mangkono uga para putra. Malah ing kono Darmakusuma nyumurupi Trio Ngastina, Prabu Duryudana-Patih Sengkuni-Pandhita Durna; padha nglaras karo macit gedhang goreng unjukane kopi tubruk. Ing ngendi dununge adil? Ingatase Prabu Duryudana cs sing budi candhala ing ngarcapada, malah antuk kasuwargan. Dene kulawarga Pandhawa kang tansah netepi tindak budi rahayu, mandar durung cetha nasibe.
”Pukulun Bathara Narada, kula protes. Pandhawa sing kerja mati-matian, berjuwang memayu hayuning bawana, kok mboten angsal menapa-napa. Niki pripun genahe, kok kaya Andi Malarangeng Partai Demokrat mawon…” kelahe Prabu Dermakesuma.
”Ulun mboya mangerti, elek-eleekkkk. Jeneng kita gugata menyang Bathara Guru, ulun saderma nindakake wajib, elek-elekkk!’  wangsulane dewa model Pulo Kalimantan iku saunine.
”Pripun nakmas Puntadewa? Dilanjut?” pitakone Dewaduta nodhi Puntadewa. Puntadewa ora bisa methuki Bathara Guru, amung di dherekake Dewaduta ajudane Bathara Guru.
”La inggih mbacut, no. Pun tanggung niki,” wangsulane Puntadewa geter.
Laku sabanjure sangsaya gawe mengkirige githok. Puntadewa kudu liwat wot ogal-agil, kang ngisor kebak mawa mangah-mangah.
”Kangmas Puntadewa, kula nyuwun dipun luwari!” sambate Harjuna.
”Mbarep Kakangku, gak kuwat aku. Panas!’ Werkudara uga klojotan kaya cacing kepanasen.
Mangerteni kadange Pandhawa kaya ngono, Puntadewa banjur nangis sesenggukan. Yagene Dewa selak karo janjine sakawit. Kurang apa wong Ngamarta anggone mlaku ing dalan bener, teka dceplungake ana kawah Candradimuka. Suwalike kulawarga Ngastina sing tansah gawe wisuna lan ndhaku darbeking liyan, malah kepenak ana kaswargan. Jaluk kulawargane dientasake saka kawah Candradimuka, Prabu Puntadewa banjur engal bali menyang Marcakundha . Yen pinangkane ora dituruti angur dheweke uga dicemplungake dadi siji, lebur bareng dhasaring kawah.
”Kaki Puntadewa, kenangapa jeneng kita mrene maneh, eellekkk-eleeekkk!”
”Pukulun Narada, perkawis menika mboten cekap dielekkkk-elleeekkkk mawon. Mesakaken kulawarga Pandhawa yen kedangon wonten Kawah Candradimuka,” pandhesege Puntadewa sajak adreng.
Padha-padha wayang, Puntadewa iku wayang kang paling jujur, ora nate gawe dosa. Mula kelahe ing kadewan enggal antuk kawigaten. Otoritas ing Jonggring Saloka enggal ndhawuhake PK (peninjauan Kembali) perkarane Pandhawa sakadang. Pungkasane hawa panas ana ing kawah Candradimuka, engal-engal didemake dening Bathara Darma. Wusanane kulawarga Pandhawa dientasake saka kawah candradimuka, dipindhah ana papan panggonan kang kaline mili susu lan temboke gemblong/jadah Kosokbaline kulawarga Kurawa dipindhah ana kawah Candradimuka.



Cerita wayang 4: 
BAYI ABIMANYU
Kekasihe Bambang Abimanyu ya Jaka Pengalasan. Dewi Rara Ireng ya putrane Dewi Wara Sumbadra kaliyan satriya Madukara Raden Janaka. Mulane kekasihe Abimanyu jalaran pinundhut putra dening Raden Arya Bhima (mung diaku). Dene kekasih Jaka Pengalasan jalaran nadyan putra satriya nanging laire neng tengah alas gung liwang-liwung. Dene critane mangkene : Manut buku kagungan dalem ing Prawiranegaran Mangkubumen Ngayogyakarta, nalikane Dewi Wara Sumbadra wayah tingkeban, nedya angrawuhake para kadang Nata lan satriya, Raden Arjuna banjur sare karo Dewi Wara Sumbadra, dene kang kadhawuhan mangkat yaiku Patih Surata.
Ambarengi lakon mau, ing satengahing alas Dhandhaka ana Raseksa lan Raseksi alasan, sing wadon pamitan sing lanang ngupadi memangsan, sing lanang ditinggal. Raseksi mau sekti tur bisa mabur, bareng ngungkuli sandhuwuring kasatriyan Madukara nuli niyub lan banjur lumebu iang patengganing kang lagi nendra. Raseksi gandrung marang baguse Raden Arjuna, Dewi Wara Sumbadra nuli kacidra winadhahan ing kendhaga banjur digawa menyang Madukara nuli memba warna Dewi Wara Sumbadra laju nusul nggone sare Raden Arjuna.
Kacarita Raseksa kang pinasrahan kendhaga dening sing wadon, nuli tumandang mbukak kendhaga jebul isi putri ayu. Ngira yen diajangi sing wadon supaya gelem wayuh karo putri ayu. Ngerti ana raseksa kang arep mondhong dheweke, Dewi Wara Sumbadra banjur tulung-tulung. Sembadra lumaris, nanging tinututan. Dewi Wara Sumbadra nyemplung jurang. Ora adoh saka kono ana padhepokaning pandhita mertapa ing pretapan Jatisari jejuluk Begawan Jayawilasa. Kagyat sang mahayogi dene ana angin lesus. Bareng lesuse wis ilang sang Begawan ndeloki sakubenge weruh ana putri ayu ing njero jurang banjur dicedhaki, Sang Putri arsa babaran, gya tinulungan, bayine miyos kakung pekik warnane, ari-arine pinuja uga dadi satriya. Jabang bayine sang putri pinaringan asma Jaka Pengalasan, dene kang dumadi saka ari-ari diparingi asma Aribawa. Bayi diasta kondur menyang Jatisari, den dus banyu gege walagang gelis gedhe katon jatmika merak ati. Bocak sekarone rukun teruntungan.
Jaka Pengalasan pinaringan klangenan pitik jago dijenengake Bedhil, nuli nyuwun pamit bakal adu jago. Kawuwusa kang aneng kasatriyan Madukara Dewi Sumbadra gadhungan uga wis babaran mijil kakung, nanging pasuryane raseksa, diparingi asma Bambang Sembotho utawa Senggotho. Sing kautus momong Semar sapranakane. Para Panakawan dhewe ya gumun, geneya Raden Janaka iku bagus tanpa cacad jebul peputra raseksa. Kajaba nakal lan rewel, Bambang Sembotho uga seneng dolan ana alas. Ing wana ketemu Jaka Pengalasan karo Aribawa nggawa jago si Bedhil golek mungsuh. Bambang Sembotho banjur ngajak totohan adu jago,  jagone kang aran Mimis. Yen Jaka Pengalasan jagone kalah dikethok gulune, nanging yen Bambang Sembotho jagone kalah mung diwenehi jaran tumpakane.
Jago nuli diedu, wusana jagone Bambang Sembotho ditladhung si Bedhil mati kapisanan. Jarane dijaluk ning ora oleh, njur perang karo Jaka Pengalasan. Bambang Sembotho kalah nangis wadul Raden Arjuna. Raden Arjuna muntab sigra ngliga pusaka, nedya mateni. Bocah loro mlayu mulih menyang Jatisari. Raden Janaka nututi. Bareng tekan Jatisari, Jaka Pengalasan lan Aribawa madul marang kang eyang Begawan Jayawilasa lan Dewi Wara Sumbadra yen dioyak satriya nggawa keris. Mangerteni Dewi Wara Sumbadra lan Raden Arjuna tekan Jatisari,  banjur sang Begawan Jayawilasa kandha wiwit purwa nganti pungkasan. Saiki Sang Arjuna priksa yen kang ana Madukara kuwi palsu, mula Dewi Wara Sumbadra, Jaka Pengalasan lan Aribawa diboyong menyang Madukara. Jroning Raden Arjuna mbujung Jaka Pengalasan, Raden Gathutkaca kang nenggani Kasatriyan Madukara. Rawuhe ingkang paman sagarwa putra nulya njateni kabeh sandining lelakon. Jaka Pengalasan lan Aribawa kadhawuhan mrajaya Sumbadra kang ana ing ndalem pengkeran.
Wara Sumbadra tiron ketaman pusakane Jaka Pengalasan badhar dadi Raseksi terus kaprajaya dening Raden Gathutkaca. Bambang Sembotho prang lan Aribawa cinakot Aribawa mati. Bambang Sembotho. Tamat mendhung peteng kang ngendhanu ing kasatriyan Madukara. Dene anggone kekasih Raden Abimanyu mau awit  nalika Wara Sumbadra babaran nyuwun ditulungi Bhima ingkang nalika semana mentas kondur mertapa, lan wis antuk wahyu Widayat sarta wahyu Maninten. Mula bareng jabng bayi wus lair pinangku dening Sang Bhima. Wahyu Widayat manjing ana ing anggane jabang bayi, lan banjur akekasih Abimanyu.
Rehning tirta susune Wara Sumbadra durung mijil, saka eguh pratikele Sri Kresna, sang Bhima kadhawuhan anesepsi. Wantuning satriya kekasihing Bathara, sakala payudarane raden Bhima modod telung jempol, mijil banyu susu, sinesep dening bayi Abimanyu ndadekake seger lan walagang gelis gedhe glewo sarta sinung kasekten saka dayane : Wahyu Widayat. Dene Rahyu Maninten tiba ing negara Wiratha, ya wahyu loro mau kang ing tembe bangkit nyambung dharah ratu ing negara Ngastina sak jajahane, bisa kawengku bali ing astane dharah Pandhawa. Suka panggalihe satriya Pandhawa, dene rampung ing pacoban, genti ngundhuh nugraha agung.



Cerita wayang 5:




BATHARA  SURYA
       Bathara Surya uga peparap Sanghyang Wiwaswat, ya kekasih Sanghyang Martanada sanyata Dewaaning Rahina, kahyangane ana ing Ekacakra. Sanghyang Bathara Surya kagungan garwa loro yaiku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Miturut pakem pedhalangan, Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni padha pinaringan antiga siji sewang (niji) dening Sanghyang Bathara Guru. Antiga iku pinangkane saka Dewi Kastapi, putra-putrine Bathara Wisnu. Antiga kang diparingake Dewi Ngruna ing tembene netes dadi loro yaiku Kagendra Sempati lan Kagendra Jenthayu . Dene ingkang kaparingake marang Dewi Ngruni netes dadi Naga Gombang lan naga cilik-cilik sapirang-pirang.
Manut carita pedhalangan  Bathara Surya atmajane Bethara Ismaya (Semar), kagungan titihan kang awujud kreta bhirawa apanggeret turangga pitu cacahe, padha gedhene, padha rosane lan padha dene banter playune.
Ya kreta kuwi kang nate diampil Sanghyang Bathara Wisnu, dienggo nggiles satruning Suralaya Prabu Watugunung rati ing Gilingwesi nganti tumekaning tiwas (nalika cangkrimaning sang prabu wis kelakon kabadhe dening Sanghyang Wisnu).
Putrane Sanghyang  Bathara Surya kang kerep kacaritakake ana ing pedhalangan ana loro: Sanghyang Rawiatmaja, yaiku ingkang nurunake para ratu ing Maespati. Ingkang nomer loro, lair saka Dewi Kunthi yaiku Sang Karno Basusena. Kajaba peputra Karno Basusena, Bathara Surya uga apeputra putri  yaitu Dewi Tapati. Dene Dewi Tapati nuli kagarwa dening Prabu Samwarana (Sambarana), peputra kakung Prabu Kuru.
Tedhak turune Prabu Kuru diarani Kurawa. Bisane Prabu Samwarana kaleksanan nggarwa Dewi Tapati, awit saka pitulungane Sang Maharsi Wasistha kang diaturi nglamarake sang Dewi. Ya, sowan Bathara Surya, Nyuwun supaya Dewi Tapati kepareng kagarwa Prabu Samwarana.
Kacarita Sang Bathara Surya iku kalebu salah sijining jawata kang mbeling, seneng nggonjak Widadari ing Kaenran, kalebu Dewi Windradi ya Dewi Windrati. Rehning Bathara Indra ngawuningani bab lekase Dewi Windradi kang agawe kuceming kawibawan Kaendran nuli bakal kadhawuhan tumurun ana ing madya pada, sarta bakal kajodhokake karo Sang Maharsi Gutama. Apa sebabe dene kang pinilih bakal kaparingan jodho Dewi Windradi kok Maharsi Gutama? Ana perkara kang dadi keprihatinane para Dewa.
Maharsi Gutama kuwi nggone anggentur tapa katarima dening Hyang Suksma Kawekas, tandhane,  resi Gutama iki sekti mandraguna, awas pandulune ora mung netrane nanging uga batine, bisa wuninga marang kedadeyan kang bakal klakon nadyan atusan taun bakale. Lan sabdane mandi ngalah-ngalahi sabdane para Dewata ing kahyangan. Para Jawata padha nguwatirake, kalebu Bathara Surya.
Mulane bareng midhanget yen Dewi Windrati arep diparingake marang sang Maharsi Gutama, nuli ditemoni ing patenggane sang dewi bab sandining laku sarta kaparingan jimat Cupu Manik Astagina kanggo piranti sesambungan. Kagawa saka bektine sang Maharsi Gutama marang ingkang murba wasesa jagat saisine iki, sanadyan kersane Bathara Indra iku wis diwuningani, nanging ora kersa andhisiki. Mulane nadyan tata gelar Dewi Windrati iku dadi garwane, nanging babar pisan tan nate ngladosi pulang asmara. Nganti duwe anak cacah telu yaiku Anjana kang pambarep, Anjarnaka kang tengah, lan Anjani kang wuragil. Kabeh putrane Dewi Windrati kuwi patutan karo Dewa Rahina ya Bathara Surya. Parandene katresnan lan pamomonge marang putra putri  telu mau katon gemati banget, ora mantra-mantra yen mau kabeh turase Bathara Surya. Resi Gutama pancen pinunjul lan limpat ing budi miwah bangkit ngaling-alingi wewadining para Dewa. Hyang Suksma banget rena lan tresna marang Sang Maharsi, mula nadyan Jawata anak Dewa kadidene Bathara Surya tansah sor wibawa karo sang Maharsi.
Ora mung kandheg semono Bathara Surya nggone maksih ngujo hawa nepsune, rumangsa darbe kalenggahan pangwasa dadi dewataning rahina, nalikane jaman Prabu Pandhu uga diambali maneh. Nalika semono Dewi Kunthi Nalibrata kagungan guru Begawan Durwasa utawa Druwasa. Sang Dewi pinaringan aji-aji kang aran Aji Sabda Tunggal tanpa lawan utawa aji Adityahredaya, yen winateg bisa nekakake dewa. Larangane ora kena diucapake wektu siram. Ananging Dewi Kunthi kesupen, anggone jajal dayaning aji mau ana ing sasana pasiraman.
Wau ta ing Kahyangan Ekacakra Sang Bathara Surya piniji aso sarira, ketaman getering daya kang asalae saka Negara Mandura, tanggap Sang Bathara, sigra nggeblas marepeki dununging daya pangaribawa, jebul manggon ana njero sasana pasiraman. Sakala kagyat kang tumingal, kekarone padha pandeng-pandengan, sakecap tan ana kang angandika, mung kena dayaning aji Adityahreday mau, embuh sapa kang miwiti datan saranta kekarone wus klelep ing madyaning yuda pulang asmara. Mangka Dewi Kunthi isih kenya, banjur nggarbini. Begawan Druwasa ditimbali, wusanane jabang bayi kang ana guwa garba banjur sinidhikara, gawe geger ing negara Mandura. Bareng wis samekta, ana kaelokan si jabang mijil saka ing karnane Dewi Kunthi. Miyos kakung bagus glewo-glewo, winadhahan kandhaga kalarung ing narmada ( bengawan).











Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.