Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Kamis, 11 Februari 2016

Materi Cerita Cekak (Cerkak)

Materi Cerita Cekak (Cerkak)

Cerkak inggih menika cekakan saking tembung cerita cekak. Cerkak menika mujudaken gegambaran cekak ngengingi lelampahan wiwit saking purwa, madya, lan wusana. Cerkak ugi mujudaken karya sastra ingkang ngemot piwulang, saengga saged kangge ngasah kalantipanipun ing bab kabudayan mliginipun budaya Jawi.
Titikanipun/tetengeran Cerkak:
  1. Critanipun cekak
  2. Prekawis ingkang dicariyosaken namung setunggal
  3. Cacahing paraga namung sekedik
  4. Paraga ingkang dipuncariosaken boten ngantos owah nasibipun.
  5. Menawi dipunserat antawis namung 3-10 kaca.
Amargi cerkak minangka karya sastra, mila ing sajroning wonten unsur-unsur pandhapuking ingkang kapantha dados kalih, yaiku unsur instrinsik lan unsur ekstrinsik.
1. Unsur instrinsik cerkak yaiku: unsur ingkang mbangun cerkak saking salebeting cerkak, ing antawisipun:
  1. Tema yaiku undering perkara/ saripatine prakara ingkang dipunandharaken utawa ingkang dipuncariosaken.
  2. Paraga (tokoh) yaiku tiyang ingkang maragani carita. Paraga wonten 3 werna yaiku paraga utama (protagonis), paraga mungsuh (antagonis) lan paraga tambahan (tritagonis).
  3. Watak (penokohan) yaiku wataking paraga siji lan sijinipun ing sajroning carita.
  4. Alur/plot yaiku lakuning carita utawi urut-urutanipun carita. Alur wonten 3 werna yaiku alur maju (progresif), alur mundur (regresif/flasback) lan alur campuran.
  5. Latar/setting yaiku perangan ingkang mratelakaken papan, swasana utawa wektu kelakonipun kedadean ing crita kasebut.
  6. Sudhut pandhang (point of view) yaiku kalungguhaning pangripta ing sajroning carita.
  7. Lelewa basa yaiku basa ingkang dipunginakaken pangripta ing sajroning carita.
  8. Amanat/pesen yaiku pesen utawa piweling ingkang badhe dipunaturaken dening pangripta marang pamaos, utawi pesen ingkang sinandhi ing crita kasebut.
 2. Unsur ekstrinsik cerkak yaiku: unsur ingkang mbangun cerkak saking sajawinipun cerkak, ing antawisipun:
  1. Agama.
  2. Ekonomi.
  3. Sosial.
  4. Pendhidhikan.
  5. Budaya.

Related Posts:

  • PRANATACARA PRANATACARA Pengertiane Pranatacara Sajrone bebrayan Jawa dibedakake antarane pranatacara lan pamedhar sabda. Pranatacara kerep uga diarani de… Read More
  • Metode SesorahMetodhe sesorah ana papat, yaiku: Metodhe Naskah, yaiku sesorah kanthi maca sawutuhe naskah utawa teks sesorah kang wis gawe sadurunge. Methode iki b… Read More
  • Materi Cerita Cekak (Cerkak) Materi Cerita Cekak (Cerkak) Cerkak inggih menika cekakan saking tembung cerita cekak. Cerkak menika mujudaken gegambaran cekak ngengingi lelampaha… Read More
  • Materi Wara-WaraMateri Wara-wara Manungsa ora bisa urip ijen, lan mbutuhake pasrawungan karo wong liya. Kanggo nyukupi kabutuhan mau diprelukake sarana komunikasi kan… Read More
  • Contoh Basa Ngoko - Basa Krama InggilAna ing wewengkon bebrayan Jawa wis kawentar luhuring tata kramane lan sapanunggalane ing tindak solah bawaning bangsa. Mangkono uga ing bab basa Jawa… Read More

0 komentar:

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.