Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Kamis, 14 Januari 2016

Tembung Garba

Tembung garba duweni tegese yaiku  tembung loro/luwih digandheng mung dadi satembung wae. Tembung-tembung iku akeh banget digunakake ana ing sesorah utawa panyandra. Tujuwane tembung garba digunakake supaya dadi endah.
Tuladha:
age + gelis            = aglis
murba + ing          = murbeng
mungguh + ing      = mungging
ana + ing              = aneng
priya + agung       = priyagung
nara + dipati        = narpati
nata + ing            = nateng
maha + raja         = maharja

Ukara Crita, Ukara Pakon, Ukara Pitakon, Ukara Sambawa, Ukara Sananta

1. UKARA CRITA (KALIMAT BERITA)
Ukara crita yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandharake sawijining bab utawa kedadean marang wong liya. Tuladhane kaya ing ngisor iki:
  1. Saben wulan Mulud ing Ngayogyakarta lan Surakarta mesthi ana Sekaten.
  2. Rikala aku ngepit mau, ing protelon Tugu ana uwong kesrempet truk.
  3. Ahad sesuk simbah arep kondur ing Purwokerto.
2. UKARA PAKON (KALIMAT PERINTAH)
Ukara pakon utawa imperative yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa perintah marang tiyang sanes supados nindakaken salahsawijining bab utawi pakaryan kados ingkang dipunkajengaken ingkang ngaken.Wujudipun ukara pakon iku warna-warna, yaiku kaya ing ngisor iki:
a. Ukara Pakon Lumrah
Tuladha:
  1. Ndang ombenen!
  2. Awas sing ati-ati!
  3. Wis enggal garapen!
b. Ukara Pakon Pamenging
Tuladha:
  1. Kowe ora kena dolan yen durung sinau!
  2. Aja rame-rame simbah nembe sare!
  3. Aja mangan ana ing ngarep kelas!
c. Ukara Pakon Pangajak
Tuladha:
  1. Awake dhewe saiki leren dhisik!
  2. Ayo padha mampir nggonku dhisik!
  3. Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!
d. Ukara Pakon Panantang.
Tuladha:
  1. Antemen yen pancen kowe wani!
  2. Maraa rene yen nyata-nyata dhugdheng!
  3. Gage balangen yen njaluk benjut sirahmu!
e. Ukara Pakon Paminta.
Tuladha:
  1. Mbok kowe kuwi mengko dolan menyang omahku!
  2. Dhik, tulung cendhelane ditutup bae!
  3. Aku dakdolan nang omahmu, nanging disuguhi ya!
3. UKARA PITAKON (KALIMAT TANYA)
Ukara pitakon yaiku ukara kang isine awujud pitakonan. Ukara iki racake migunakake tembung pitakon apa, piye, pripun, kadospundi, sinten, sapa, pira, pinten, ing ngendi, wonten pundi, caba, cobi, kapan, lan kala punapa. Ukara pitakon kapilah-pilah dadi kaya ing ngisor iki:
a. Ukara Pitakon Lumrah
Tuladha:
  1. Omahmu ing ngendi?
  2. Saiki wis jam pira?
  3. Paramasastra kuwi apa ta tegese?
b. Ukara Pitakon Kang Ora Perlu Wangsulan (Ukara Retoris)
Tuladha:
  1. Kesandhung kuwi apa lara ta, Kang?
  2. Sapa sing ora kepingin lulus sekolah?
  3. Iki ta daleme Pak Teguh?
c. Ukara Paminta
Tuladha:
  1. Piye yen leren dhisik?
  2. Saupama klambi kuwi diwenehake adhimu piye, Nduk?
  3. Kowe mathuk apa ora yen saiki awake dhewe besanan?
4. UKARA SAMBAWA
Ukara sambawa yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama, utawa sanadyan. Ukara iki rancake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang -a utawa -ana.
Tuladha:
  1. Panasa, ya klambiku ben garing.
  2. Udana sing deres ben tandhuranku subur.
  3. Mrenea wiwit biyen kowe ora katon kapiran.
  4. Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
  5. Tinangisana nganthi semaput, dheweke ora bakal urip.
  6. Diwenehana klambi apik, ya ra tahu dienggo.
5. UKARA SANANTA
Ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niyat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi wae ukara iki durung kalakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niyat.
Tuladha:
  1. Sesuk awan aku arep golek degan ijo.
  2. Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau mempeng.
  3. Aku arep umbah-umbah, kowe aja ngajak crita wae.
  4. E, dak dolan menyang daleme simbah.
  5. Tinimbang ndomblong, dak resik-resik latar mburi, ah!

Selasa, 05 Januari 2016

Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa

PILIHAN GANDA
Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi milih salah siji wangsulan kang wis sumadya !


 Prathelan crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no.1-3!
Nulung Sedulur
       Sawise lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolah jalaran wong tuwane ora duwe ragad. Sanajan nasibe kaya mangkono Sarno ora nglokro, tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku, majalah, lan liya-liyane  supaya krawuhe saya mundhak pinter lan dewasa ngadhepi kahanan uripe. Bareng saya gedhe pikirane saya maju ora kalah karo kanca-kancane sing padha isih tetep sekolah. Sanajan wis ora sekolah anggone kekancan karo kancane sing isih sekolah tetep sumambung apik.
       Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukur. Usaha iki dilakoni kanthi seneng jalaran manut panemune Sarno, tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulya. Awit saka katrampilane dadi tukang cukur, wong dadi kathon ngganteng. Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe. Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.
       Kaya unen-unen : Sapa temen bakal tinemu, sapa obah mamah. Ikhtiyar Sarno diridlani dening Gusti. Akeh wong kang padha teka lunga anggone njaluk tulung Sarno supaya dicukur.  Sarno ora tahu ngarani upah kang dibayarake sing padha cukur, amung sapawehe. Pakarti kang kaya ngene iki kang njalari wong-wong padha seneng cukur menyang nggone Sarno. Awit kekuwatane wong kuwi beda-beda mula ya ana sing menehi kanthi murwat uga ana sing sethithik. Kabeh mau ditampa dening Sarno kanthi lila legawa tanpa ngresula. Ing atine Sarno, kajaba usaha kuwi dalane rejeki uga bisa kanggo sarana tetulung marang tangga teparo. ***
1.   Wos surasane alenia 1 wacan ing dhuwur yaiku . . .
A.    Lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolah
B.    Sarno ora kalah karo kancane sing tetep padha sekolah
C.    Sarno bocah pinter lan pikirane maju                           
D.    Wong tuwane Sarno ora duwe ragad
E.    Sarno tansah ikhtiyar kanthi sregep maca buku
2.   Wos surasane alenia 2 wacan ing dhuwur yaiku . . .
A.    Dhuwit asile nyukur kanggo nyukupi kabutuhane, uga kanggo mbantu wong tuwane
B.    Awit saka katrampilane dadi tukang cukur, wong dadi kathon ngganteng
C.    tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing nistha nanging malah mulya
D.    Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe
E.    Sarana kang dibutuhake mung gunting, peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.
3.   Tegese ukara “Sapa temen bakal tinemu” yaiku . . .
A.    Sapa sing gelem usaha bakal sugih uripe
B.    Sapa sing gelem usaha bakal kelakon sing dikarepake
C.    Sapa sing gelem usaha temenan bakal ketekan apa sing dikarepake
D.    Sapa sing gelem usaha bakal mulya uripe
E.    Sapa sing gelem usaha bakal seneng uripe
4.   Pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
Suryani   :  “Piye kabarmu Pras?”
Prasetyo  :  “Oalah, Sur, esuk nakir sore nakir, sing  ditaksir godhong ploso, esuk mikir sore mikir, sing dipikir ora rumangsa!”
Suryani      :  “Tegese apa kuwi?”
Prasetyo kuwi kreatif kaya awake dhewe. Dheweke uga seneng migunakake parikan kanggo pacelathon.
Parikan kang diomongke Prasetyo gunane kanggo ... Suryani kanthi alus.
A.   Nesu marang                                                         
B.   maido
C.   ngritik
D.  nyemoni
E.   ngenyek
5.   Parikan ing ngisor iki tutokna supaya dadi parikan kang trep.
Kembang anggrek rumambat tepining bethek, ……
A.   nganti tuwek ngelmu iku ora kalong
B.   nganti tuwa ngelmu iku ora entek
C.   nganti sokmben ngelmu iku ora entek.
D.  nganti tuwek ngelmu iku ora entek.
E.   nganti sokmben ngelmu iku ora kalong
6.   Parikan kang migunakake pranatan (8 wanda + 8 wanda) x 2 yaiku ….
A.    Kembang cengkeh, gandha sedhep warna aneh. wong sing sumeh, tartamtu mitrane akeh.
B.    Gedheg manggar, bumbune mrica ketumbar. Lamun sabar, bisa lejar sarta binger
C.    Ngisor gendheng saponana, Nata watu jejer sanga. Abot entheng lakonana, Golek ngelmu nganti purna
D.    Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur. Kudu jujur, yen kowe kepingin luhur.
E.    Ngasah arit nganti landep, dadi murid kudu sregep.
7.   Wacanen pacelathon kang migunake wangsalan ing ngisor iki!
 Resi     : “Tinimbang nganggur, ayo bedhekan wae Mbak Siwi!”
 Siwi      :   “Manut, kowe apa aku dhisik sing mbedheki?”
 Resi     : “Kowe wae sing mbedheki dhisik Mbak. Aku sing mbatang(mangsuli)!’
 Siwi      : “Aku dhisik ya, rungokna! Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara kandha-kandha! Hayo, apa batangane  pring dhempet?”
 Rewangana Resi mikir lan mangsuli bedhekane Siwi. Kira-kira batangane ....
A.    bandha                                                              
B.    semaya
C.    duga                                                                   
D.    gadha
E.    andha
8.   Pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
A  :  Punapa kepareng, Kula badhe nyuwun priksa?
B  :  Ya, kena bae arep takon apa?
A  :  Jenisipun ukara  menika miturut isinipun wonten gangsal. Kula namung ngertos tiga inggih menika ukara pawarta, ukara pitakon, ukara pakon. Lajeng ingkang kalih menapa nggih….
B  :  O… ngono ta, sing 2 yaiku ukara pamenggak kang isine menggak supaya ora nglakoni kang dikarepke dene ukara pangajap yaiku ukara kang isine ngarep-arep.
A  :  Nggih…sakniki Kula sampun mangertos, matur nuwun.
Paraga kang luwih enom yaiku….
A.    A, katitik matur nganggo basa ngoko                   
B.    B, katitik matur nganggo basa ngoko
C.    A, katitik matur nganggo basa karma                  
D.    B, katitik matur nganggo basa krama
E.    A, katitik matur nganggo madya 
9.   Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku ….
A.    Kula boten sarujuk menawi tiyang dhahar punika kaliyan jumeneng tuwin ngendikan.
B.    Pak, punapa kula pikantuk nderek panjenengan?
C.    Le, tulung, coba golekana layang ulem nggone Pak Rejo.
D.    Menawi saged kula nyuwun wekdale sekedhap kangge ngendikan kaliyan panjenengan.
E.    Bu, nyuwun pangapunten menawi atur kula kalawau lepat.
10.          Ancase diwontenake musyawarah nggih menika ... .
A.    Njaluk informasi saka narasumber                 
B.    Golek panemu
C.    Ngudhari bab tertemtu                          
D.    Ngraketake paseduluran
E.    Golek jumbuhing pamawas utawa pasarujukan
11.          Kang pagaweyane golek warta diarani . . .
           A.    Penyiar                                                               
           B.    Juru warta
           C.    Juru tulis
           D.    Pranatacara
           E.    Pujangga
12.          Pawarta kang nyritakake prastawa utawa kadadeyan kaya-kaya wong kang maca nekseni dhewe prastawa mau utawa nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates kanthi cetha, diarani wacana . . .
          A.    Persuasi                                                             
          B.    Deskripsi
          C.    Argumentasi                                                       
          D.    Eksposisi
          E.    Narasi
13.          Ing ngisor iki titikane wacana narasi, kajaba . . .
A.    Ana perangane paraga              
B.    Aja perangane setting wektu
C.    Ana perangane setting panggonan    
D.    Ngembangake judul 
E.    Ana perangane setting swasana
14.          Tembang ing ngisor iki satitekna!





           Asmaradana

Sejatine uri iki
Kaya dene wong lelungan
Nang donya mung mampir ngombe
Teruse jagad akherat
Nunggal lawan Pangeran
Kang titis pangestinipun
Yekti antuk kanugrahan



















Watake tembang Asmaradana ing sisih kiwa yaiku . . . .
A.    Seneng
B.    Sedhih, prihatin
C.    Gagah, galak
D.    Kendho
E.    Luwes
15.          Ing ngisor iki kang migunakake guru lagu lan guru wilangan (6-i) yaiku ... .
A.    Dedalane guna lawan sekti
B.    Tumungkula yen dipun dukani
C.    Kudu andhap asor
D.    Bapang den simpangi
E.    Wani ngalah dhuwur wekasane
16.          Ing ngisor iki guru lagu lan guru wilangane tembang mijil kang miturutmu bener yaiku ... .
A.    12u, 6a, 8i, 12a.                                            
B.    10i, 6a, 10e, 10i, 6i, 6u.
C.    8a, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i.                                   
D.    10i, 8a, 10o, 10i, 6i, 7u.
E.    12i, 6a, 8i, 8a. 
17.          Ngrungokake  atur pambagyaharja penganten, kang nindakake saka pehak . . .
A.    Panatacara                                                          
B.    Penganten putri 
C.    Penganten lanang                                        
D.    Pambyawara
E.    Sesulih kang nduwe gawe
18.          Nalika ngrungokake atur pambagyaharja, ana pratelan : Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes punundhi. Para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.
Pratelan iku kalebu perangan tanggap wacana kang diarani . . .
A.    Pambuka                                                 
B.    Dudutan
C.    Surasa                         
D.    Basa
E.    Panutup
19.          Mijile temanten putri saka panti busana dikantheni kanthi gendhing . . . .
A.    Ketawang larasmaya
B.    Ketawang kodhok ngorek                     
C.    Ketawang sekarteja
D.    Kateawang tirta kencana                                                        
E.    Ketawang mayangmaya
20.          Sadurunge ditindakake tatacara panggih temanten, ditindakake tatacara . . .
A.    Pasrah temanten                                 
B.    Jengkar saka palenggahan
C.    Tatacara krobongan                            
D.    Dodol dhawet
E.    Rawuhing besan
21.          Paraga utama sajrone crita Dewa Ruci yaiku . . .
A.    Arjuna                       
B.    Dursasana
C.    Bima                               
D.    Duryudana
E.    Puntadewa
22.          Bima Bungkus, Laire Gathutkaca, Laire Wisanggeni, Kresna Duta, Wahyu Makutharama, Petruk dadi ratu, kalebu lakon wayang sing kajupuk saka crita ….
A.    Mahayana                               
B.    Mahabarata
C.    Mahadewa                         
D.    Ramawijaya
E.    Ramayana 
23.          Jinising aksara ing ngisor iki satitekna!
   a.  Aksara legena               f.  Angka murda
   b.  Sandhangan                  g. Aksara murda
   c.  Aksara sambung            h. Angka Jawa
   d.  Aksara pasangan           i.  Aksara rekan
   e.  Aksara swara
Tata tulis aksara jawa ing dhuwur, sing kalebu wujud- wujude maneka warna tata tulis aksara Jawa yaiku ... .
A.  a, b, c lan f                               
B.  a, b, d, lan g
C.  b, d, e, lan c                          
D. a, b, c lan f
E.  d, c, g, lan h
24.          Tumrape wong Jawa. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …..
           a.     ?tum][pP[w=ojw. 
           b.     ?tumR[pP[w=ojw. 
           c.     ?tumr[p[w=ojw.
           d.     ?tum][p[w=ojw.     
           e.     ?tumR[p[w=ojw.
25.          Ing jaman sewu. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …..
a.    ?ai=jmnSewu.                             
b.    ?ai=jmnsewu.                             
c.     ? ai=jmvSewu.
d.    ?ai=jm[nSwu.                           
e.    ?ai=jmn[swu.
26.           Luwes lan bisa nampa ilining jaman. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …..
a.    ?luweSlNbisnMpailini=jmN.
b.    ?lu[wsLnBisnmPailinNi=jmn\.
c.     ?luwesLnBisnmPailinNi=jmn\.
d.    ?lu[wsLnBisnmPailini=jmn\.
e.    ?luwesLnBisnmPailini=jmn\.
27.          Obahe mangsa lan wektu. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …..
           a.     ?[aobh[am=slnWekÒ|.                         
           b.     ?[aob[am=slnWekÒ|.
           c.     ?[aobaem=slnWekÒ|.                                             
           d.     ?[aobh[am=sl[nWkÒ|.
           e.     ?[aobhaem=slnWekÒ|.
28.          Tatag ngadhepi kanyatan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
          a.     ?ttg¿nGdepikvtn¿.                     
          b.      ?ttgZdepPikvtn¿.   
          c.     ?ttg¿zdepikvtn¿.                      
          d.     ?ttgZdepikvtTn¿.
          e.     ?ttgZdepikvtn¿.
29.          Saiki pancen jaman wesi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
         a.     ?saikip[vCnJmnWesi.                                           
         b.     ?saikip[vCnJm[nWsi.         
         c.     ?saikip[vCnJmvWesi.                         
         d.     ?saikip[nCnJmneWsi. 
         e.     ?saikipnCenJmnWesi.
30.          Swarane sendhok ing meja. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
        a.     ?sWr[n[s[nDokKi=[mj.                        
        b.     ?sWr[n[s[nDokHi=[mj.
        c.     ?sWr[n[s[vDokHi=[mj.                  
        d.     ?sWrnese[nDokHi=mej.
        e.     ?suwr[n[s[nDokHi=[mj.
31.          Ana rapat utawa pasamuan resmi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
        a.     ?anrptautwpsmuanresMi.      
        b.     ?anrptHutwpsmuanResMi.
        c.     ?anrptautwpsmuanResMi.
        d.     ?anrptHutwpsmuan>sMi.
        e.     ? anrptHutwpsmua[nRsMi.

32.          Wacanen wacan ing ngisor iki!
         Kenapa ilmuwan Barat seneng neliti wayang ing tanah Jawa? Miturut Franz Magnis Suseno jroning Etika Jawa (1985), saben wayang sakabehe ditampa minangka gegambaraning uripe manungsa Jawa. Kawit cilik, wong Jawa duwe saperangan identifikasi moral marang tokoh pewayangan. Dheweke bebas milih salah sijine gegambaran kang dianggep nocogi lan uga bisa ditampa masarakat. Nanging ora ateges kabeh gambaran wayang iku pantes digumuni. Maneka rupa lakon kang kebak sawetara piwulang kasusilan, mula figur kang ala wae uga nemokake papan ing panggung crita.”
Kang dirembug ing paragraph kasebut yaiku … .
A.    Alesane kenapa ilmuwan Barat seneng neliti wayang ing tanah Jawa.
B.    Andharane Franz Magnis Suseno jroning Etika Jawa (1985)
C.    Piwulang wayang sakabehe ditampa minangka gegambaraning uripe manungsa Jawa
D.    Wong Jawa duwe saperangan identifikasi moral marang tokoh pewayangan
E.    Maneka rupa lakon kang kebak sawetara piwulang kasusilan
33.          Ing ngisor iki kang kalebu wacan artikel kanthi tema ngasah kewasisan yaiku … . 
A.    Lah menika ta, wus dumugi wahyaning mangsa kala dhawahing pepesthen, ing samadyaning bale pinajang ing siang/dalu menika, wonten titahing Gusti Allah SWT. Ingkang arupi kakung miwahing putri, wus manunggaling tekad arsa mbangun brayat kanthi anetepi upacara adat.
B.    Ora dirasa Pak Naya ari mlaku-mlaku anjlog dhukuh  Randhu, Kalurahan danaraja. Terus duwe gagasan arep mampir maring umahe Pak Arja. Dhasare wis lawas ora ketemu. Temenan, Pak Naya mampir neng umahe Pak Arja, kayogawe won ge nang umah. 
        ”Kula nuwun.”  ”Mangga, e, e, e, ...... daning Pak Naya. Sing pundi mawon, si ?” 
C.    Kaping loro, sregep gladhen. Gladhen kuwi perlu kanggo ngasah keprigelan lan kewasisan kita. Saya asring diasah, saya landhep anggone magawe. Kejaba iku, uga bisa migunani marang dhiri pribadi lan sakiwa-tengene dhewe.
D.    Rong dina kepungkur MasAmat ora dodolan tape sebab dheweke nyambangi dulure sing ana ing Kutawinangun. Dina iki dheweke wis dodolan maneh kaya biasane. Rombong pikulan lan dhingklik ora nate kari ngancani Mas Amat ngubengi desa Tangkisan – Karangnangka ya desane. Kabeh wis apal karo swarane. Akeh sing padha seneng nukoni tapene Mas Ahmat sing pancen nikmat.
E.    Mas Amat : Inggih mangga.. matur nuwun lo Mbak…(Dhuwit seket ewu diambungi sadurunge dilebokna kesake) wihh.. iki jenenge rejeki nomplok..rejeki ketemu Pocong (muni ngono karo nyedhak setengah bisik-bisik ing kupinge Mas Pri sing mung nyawang karo mencep)
34.          Artikel  ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
         “Sanajan bakat uga dadi perangan kang bisa anyengkuyung bisa orane utawa kasil orane manungsa ing donya, nanging sejatine perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau gumantung saka tekad. Tekad kepengin bisa, tekad kepengin kasil. Kanthi tekad kuat, kita bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit lair.”
    Ing ngisor iki kang ora ana gegayutane karo Prathelan artikel Jawa ing dhuwur yaiku … .
A.    perkara bisa lan orane utawa kasil lan orane mau gumantung saka bakat.
B.    bakat uga dadi perangan kang bisa kasil orane manungsa ing donya.
C.    kang wigati iku tekad kepengin bisa lan tekad kepengin kasil.
D.    kanthi tekad kuat, kita bisa kasil.
E.    manawa kita duweni tekad kuat, mesti kita bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit lair.
35.          Dikandhanana bola-bali ya ora tau nggugu.
Miturut silsilahe ukara, ukara ing ndhuwur kalebu ukara . . .
A.    Andharan                       
B.    Pitakon
C.    Induktif                             
D.    Sambawa
E.    Krenteg
36.          Kang kudu digatekake sajroning mragakake sandiwara, kajaba . . .
A.    Lafal                                
B.    Mimik
C.    Intonasi                        
D.    Watak
E.    Dekorasi
37.          Paraga sandiwara kang gaweyane mungsuhi paraga utama diarani paraga … .
A.    Protagonis                 
B.    didagonis
C.    Betagonis                        
D.    tritagonis
E.    antagonis
38.          Ing tengah dalan ketepakan ketemu karo Mas Pri sing lagi ngrondha kemul sarung sajak males lan ngantuk banget.
Mbak Yupinah:  Lhaiki uwonge….!
Mas Pri          : ya ampyun… ngaget-ngageti ae..se Mbak..Mbak.. ana apa iki kok rombongan?
Zaenab           : Mas Pri.. aku tak takon….
MasPri            : Ee.. ana Mas Amat barang ta iki…emm nggawa tape ora, Mas?
Mas Amat       : Ora! Tapeku buyar diborong pocong!
Mas Pri           : Zaenab arep takon apa,mau?
Latar ing prathelan drama ing dhuwur manggon ana ing …
A.    Dalan                             
B.    Pos rondha
C.    Kuburan                            
D.    Pinggir kali
E.    Omah
39.          Petikan Drama ing ngisor iki satitekna!
      YUYU KANGKANG : “eiiiitsss, nanging..., ahaaa, ana syarate”
      PARA KLENTHING : “apa kuwi?”
      YUYU KANGKANG : “aku mung njaluk piiiiiii lussss, ahaaa”
      PARA KLENTHING : “pilus apa kuwi??”
      YUYU KANGKANG : “pilus kuwi yaiku pipi alus, ahaaaa, ngerti ta maksude?”
(para klenthing rambugan eyel-eyelen)
      YUYU KANGKANG : “piye, yen wegah ya wis, kowe kabeh ora bakal isa nyebrang”
      K. ABANG            : “ Yuyu Kangkang,”
      YUYU KANGKANG :  “ahaaa....”
         Watake yuyu kangkang ing drama kasebut yaiku …
A.    Galak                                
B.    Sekti
C.    Pinter ngapusi                              
D.    Pinter ngrayu
E.    Seneng mbeda
40.          Petikan Drama ing ngisor iki satitekna!
         K. IJO       :”apa, arep numpang ning kene? Ning kene panggonane wis entek!”
         K. UNGU   :“iya! Luwih becik kowe golek panggonan liya!”
         K. KUNING:“aku njaluk tulung banget, dikon turu kandhang pitik aku ya gelem”
         K. BIRU    :”huh, ki bocah ngeyel banget ta, dikon lunga ya lunga! Tak jiwit lho! nanging nganggo tang!”
Prathelan drama ing dhuwur diarani ... .
A.    Prolog                               
B.    Monolog
C.    Epilog                                       
D.    Katalog
E.    Pacelathon
41.          Geguritan ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
      Jaman iki wis banget tuwa

Dening : Turiyo Ragil Putra
Ngger, anakku
Jaman iki wis banget tuwa
Kabudayan wis rontang-ranting
Mung kari crita
 Aja maneh sinom, dhandhanggula, utawa gambuh
Salarik guritan wae wis ora ana sing nggape
Kajaba kerlap-kerlipe lintang ing langit kana
Sing setya ngrenggani sepine wengi
Binareng angambare cempaka sari
Piwulang apa kang bisa dijupuk saka geguritan ingdhuwur . . .
A.   Jaman saiki kabudayan wis dilalekake
B.   Kabudayan wis samsaya ditinggalake               
C.   Kabudayan kudu dilestarikake
D.  Jamansing wis tuwa
E.   Kabudayan sing kari crita
42.          Tembung-tembung kang nerangake tumindak pagaweyan, diarani tembung . . .
A.    Tembung kriya                         
B.    Tembung sesulih
C.    Tembung aran                
D.    Tembung wicalan
E.    Tembung katrangan
43.          Bebasan kaya ancik-ancik pucuking eri.
Apa tegese ancik-ancik pucuking eri . . .
A.    Nemu kasusahan                         
B.    Rebutan barang sepele
C.    Tansah kwatir                        
D.    Paseduluran sing ora rukun
E.    Andum barang marang wong liya, nanging  awake dhewe malah ora kedhuman
44.          Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
Nguri-uri Kesenian Jawa
Wiwitan ngadege paguyuban seni Laras Madya, ndhisike ing Desa Gembongan ana sawijining grup Wayang Wong, ananging saka ajuning jaman banjur ilang. Sabanjure ana salah sawijining pawongan kang asale saka Desa Gembongan, yaiku Mas Purwanto, kang lenggah ing Ngayogjakarta. Mas Purwanto sakdurunge babar pisan ora ngerti karo sing jenenge kesenian Jawa. Anehe bareng ora lenggah ing Desa Gembongan, piyambake ngajak-ajak nguri-uri kesenian Jawa. Pangajabe Mas Purwanto ditampa kanthi senenging ati dening pawongan kang padha seneng karo seni Jawa kuwi. Mula sing padha seneng kesenian Jawa kuwi terus nganakake kumpulan kanthi mbentuk paguyuban seni Laras Madya kang dijenengi "Ngesti Laras".
Wacan ana ing dhuwur didhelok saka panggonan ukara bakune. klebu paragraf . .. .
A.    Dhedhuktif                             
B.    Naratif
C.    Indhuktif                              
D.    Informatif
E.    Ineratif
45.          Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
         Tembang campur sari sing kawentar ditembangake Dhidhi Kempot iku akeh banget. Ana tembang sing nggambarake katresnane priya marang sawijining wanita sing pagaweane bakul lemper. Sing kasmaran nganti kedher atine, sanajan amung numpak sekuter. Tembang mau irah-irahane ‘Sekonyong-konyong Kedher’. Sing mesakake tembang sing nyritakake wong kang kasmaran, sing ditresnani lunga tanpa kandha, anggone nggoleki tekan ngendi-endi. Ora ana sing mangerteni lungane, prasasat sewu kutha wis diliwati, digoleki meksa durung ketemu.  Sing nggambarake kelangan katresnan ana ing Tanjung Mas Semarang, Stasiun Balapan Solo uga ana.
         Miturutmu, wacan ing nduwur kalebu  jinise paragraf…
A.  naratif                                 
B.  deskriptif
C.  indhuktif                                   
D. dhedhuktif
E.  dhedhuktif induktif          
46.          Ing ngisor iki kang dudu ca-cakane nulis wacana argumentasi yaiku …
A.    Milih topik
B.    Nemtokake tujuwan
C.    Nemtokake irah-irahan
D.    Nyusun cengkorongan
E.    Ngringkes cengkorongan
47.          Ing jaman samangke kathah tiyang ingkang boten saged basa Jawa kanthi sae.
Tembung samangke ana ukara ing dhuwur tegese …
A.   Saiki
B.   Kuno
C.   Modheren
D.  Saweg
E.   Biyen
48.          Ing ngisor iki tuladha ukara kang mratelakake cacah, ukuran, takeran utawa timbangan yaiku …
A.  Kowe aja lunga menyang ngendi-endi ing kono wae
B.  Ngene lho carane ngawe youtube, ora ngono kuwi
C.  Wangsul rumiyin, mangke mriki malih
D.  Dhuwit samana akehe mau apa sangumu sesasi?
E.  Sampeyan badhe tumbas manapa badhe sade?
49.          Kang kalebu ukara pakon pangajak yaiku …
A.   Awas sing ati-ati!
B.   Kowe ora kena dolan yen during sinau!
C.   Sadurunge, piwulangan diwiwiti sumnagga mangastungkara rumiyin!
D.  Gek ndang digarap!
E.   Aku dak dolan ning omahmu ya, nanging disuguhi ya!
50.          Mangkene, mangkono, mangkana kuwi minangka tetembungan kang mratelakake …
A.   Cacah, ukara lan timbangan
B.   Kahanan utawa patrap
C.   Panggonan barang kang dadi katrangane tembung aran
D.  Wektu kang kapungkur
E.   Barang kang mentas dirembug


 

Sugeng makarya!










Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.