Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Kamis, 14 Januari 2016

Ukara Crita, Ukara Pakon, Ukara Pitakon, Ukara Sambawa, Ukara Sananta

1. UKARA CRITA (KALIMAT BERITA)
Ukara crita yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandharake sawijining bab utawa kedadean marang wong liya. Tuladhane kaya ing ngisor iki:
  1. Saben wulan Mulud ing Ngayogyakarta lan Surakarta mesthi ana Sekaten.
  2. Rikala aku ngepit mau, ing protelon Tugu ana uwong kesrempet truk.
  3. Ahad sesuk simbah arep kondur ing Purwokerto.
2. UKARA PAKON (KALIMAT PERINTAH)
Ukara pakon utawa imperative yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa perintah marang tiyang sanes supados nindakaken salahsawijining bab utawi pakaryan kados ingkang dipunkajengaken ingkang ngaken.Wujudipun ukara pakon iku warna-warna, yaiku kaya ing ngisor iki:
a. Ukara Pakon Lumrah
Tuladha:
  1. Ndang ombenen!
  2. Awas sing ati-ati!
  3. Wis enggal garapen!
b. Ukara Pakon Pamenging
Tuladha:
  1. Kowe ora kena dolan yen durung sinau!
  2. Aja rame-rame simbah nembe sare!
  3. Aja mangan ana ing ngarep kelas!
c. Ukara Pakon Pangajak
Tuladha:
  1. Awake dhewe saiki leren dhisik!
  2. Ayo padha mampir nggonku dhisik!
  3. Sadurunge kawiwitan ayo padha ngeningake cipta!
d. Ukara Pakon Panantang.
Tuladha:
  1. Antemen yen pancen kowe wani!
  2. Maraa rene yen nyata-nyata dhugdheng!
  3. Gage balangen yen njaluk benjut sirahmu!
e. Ukara Pakon Paminta.
Tuladha:
  1. Mbok kowe kuwi mengko dolan menyang omahku!
  2. Dhik, tulung cendhelane ditutup bae!
  3. Aku dakdolan nang omahmu, nanging disuguhi ya!
3. UKARA PITAKON (KALIMAT TANYA)
Ukara pitakon yaiku ukara kang isine awujud pitakonan. Ukara iki racake migunakake tembung pitakon apa, piye, pripun, kadospundi, sinten, sapa, pira, pinten, ing ngendi, wonten pundi, caba, cobi, kapan, lan kala punapa. Ukara pitakon kapilah-pilah dadi kaya ing ngisor iki:
a. Ukara Pitakon Lumrah
Tuladha:
  1. Omahmu ing ngendi?
  2. Saiki wis jam pira?
  3. Paramasastra kuwi apa ta tegese?
b. Ukara Pitakon Kang Ora Perlu Wangsulan (Ukara Retoris)
Tuladha:
  1. Kesandhung kuwi apa lara ta, Kang?
  2. Sapa sing ora kepingin lulus sekolah?
  3. Iki ta daleme Pak Teguh?
c. Ukara Paminta
Tuladha:
  1. Piye yen leren dhisik?
  2. Saupama klambi kuwi diwenehake adhimu piye, Nduk?
  3. Kowe mathuk apa ora yen saiki awake dhewe besanan?
4. UKARA SAMBAWA
Ukara sambawa yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama, utawa sanadyan. Ukara iki rancake migunakake tembung-tembung kang kawuwuhan panambang -a utawa -ana.
Tuladha:
  1. Panasa, ya klambiku ben garing.
  2. Udana sing deres ben tandhuranku subur.
  3. Mrenea wiwit biyen kowe ora katon kapiran.
  4. Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah.
  5. Tinangisana nganthi semaput, dheweke ora bakal urip.
  6. Diwenehana klambi apik, ya ra tahu dienggo.
5. UKARA SANANTA
Ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya. Ananging, kang duwe niyat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi wae ukara iki durung kalakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niyat.
Tuladha:
  1. Sesuk awan aku arep golek degan ijo.
  2. Kareben munggah sekolah, aku kudu sinau mempeng.
  3. Aku arep umbah-umbah, kowe aja ngajak crita wae.
  4. E, dak dolan menyang daleme simbah.
  5. Tinimbang ndomblong, dak resik-resik latar mburi, ah!

14 komentar:

Aus mengatakan...

Matur nuwun! Membantu sekali.

Unknown mengatakan...

Kontil

Putrieka mengatakan...

Matur suwun

Unknown mengatakan...

Suwon rek

Unknown mengatakan...

matur nuwun sanget🙏

Unknown mengatakan...

Maturnuwun

Unknown mengatakan...

Xixixi

Unknown mengatakan...

Suwun nggeh

Unknown mengatakan...

Suwun nggeh

Unknown mengatakan...

Suwun nggeh

Unknown mengatakan...

Maturnuwun

glaze lily mengatakan...

Maturnuwun

Rexiyan mengatakan...

suwun

KARTIKAAA mengatakan...

matur nuwun njih

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.