Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Kamis, 22 November 2018

PRANATACARA

PRANATACARA

Pengertiane Pranatacara

Sajrone bebrayan Jawa dibedakake antarane pranatacara lan pamedhar sabda. Pranatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minangka pranatacara pambyawara, pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of Ceremony (MC). Regeng, nges, lan orane sawijining adicara iku saperangan gedhe dadi tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing nduweni jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijine upacara adat temanten, kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pasamuan (pesta), pangaosan utawa pentas (show) lan sapanunggalane. Kaya dene ing  acara upacara adat temanten  Jawa,  pranatacara  kajibah  nglantarake  titilaksana  (lakune)  adicara ijab, pawiwahan, lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (ijab kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi) temanten. Yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyang pasarean (kuburan).
Wondene sing diarani pamedhar sabda yaiku paraga sing kajibah (mengemban tugas) mbabar sawijininprakara.    Ing   tata    upacara     pahargyan    temanten, pamedharsabda mundhi dhawuhe sing duwe gawe. Jejibahan iku kaya dene, ngaturake pambagyaharja (sesulihe sing duwe gawe mantu), pasrah temanten utawa nampa pasrahe temanten, kutbah walimah (wasitatama). Yen ing omahe wong kasripahan (kepaten), pamedhar sabda duwe jejibahan ngaturake panuwun marang wong sing nglayat (takziyah) sing wis melu bela sungkawa. Dene, sajrone patemon ilmiah  (pertemuan  ilmiah)  jejibahanpamedhar  sabda,  kayata  ceramah,  sesuluh dines (penyuluh dinas), konferensi, seminar, sarasehan, kuliyah umum, wisuda, lan liyane.

A.   URUT-URUTAN RANTAMAN ADICARA

Sejatine dadi pranatacara kuwi ora angel, awit sapa wae sing ora nandhang tuna wicara (bisu) mesthi bisa nindakake pakaryan kuwi. Akeh-akehe padha wedi sebab bingung anggone ngecakake basa luwih-luwih ana sangarepe wong akeh. Mula in kene   dibutuhake   mental   kan kuwa lan   ngugemi   sarat   saranane   dadi pranatacara. Sarat saranane yaiku swara, busana, subasita, lan basa.

a. Swara

Anggonwicara  kudu  digladhi utawa dilatih  supaya  bisa cetha  wetune  swara, pangucap kudu jelas artikulasine (pelafalan), intonasi (penekanan kata) lan ora kesusu anggone ngucap, supaya apa kang diaturake bisa tinampa kanthi cetha dening para rawuh.
b. Busana

Ana unen-unen ‘ajining raga saka busana’, mula kudu digatekake     bab busana nalika nindakake pakaryan dadi pranatacara. Anggone nganggo busana kudu dijumbuhake karo kapreluwan ana ing acara kang bakal ditindakake, upamane yen ana ing adicara manten kang nganggo adat Jawa ya nggunakake panganggo adat Jawa, utawa nganggo klambi kang sopan jumbuh karo acarane.
c. Subasita

Subasita utawa tata krama sajroning dadi pranatacara uga kudu digladhi, sebab tatakrama sing kurang bisa nyuda kawibawane pranatacara. Solah bawa utawa obah sak obah aja nganti digawe-gawe, sing prasaja utawa lumrah lan ora kaku, pasuryan uga kudu grapyak sumanak, lan esem tansah sinungging ing lathi.
d. Basa

Basa sing digunakake kudu manut marang tuntunaning basa sing bener. Pamilihing tembung kang dironce (disusun) dadi ukara kudu bener lan pener, dadi bisa luwes anggone ngucap lan kepenak yen ta dirungokake para rawuh.

Rama Sudi Yatmana (1989:1) njlentrehake kanthi aran Saptama Pangolahing

Raga minangka syarat pranatacara, yaiku:

(1)   Magatra,  yaiku  bleger  wewujudane  rupa,  adining  sastra,  lan  nyandhang penganggo kang trep, pantes, lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe.
(2)  Malaksana, mlaku-samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih, lan ora wigah-wigih, sarta ora ngisin-ngisini.
(3)  Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendho, ora dhoyong.
(4)  Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gemeter, anteb lan anteng obahe awak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak, tangan kudu bisa nambahi cetha pada kang diucapake.
(5)  Malaghawa,  trampil  kepara  trengginas,  cag-ceg,  lancar,  gancar,  sembada  ing
karya. Ora ngleler nanging uga ora katon grusa-grusu.
(6)  Matanggap,   tanggap   in sakabeh swasana,   sarta  bisa  andayani  regenge swasana. Mula pranatacara uga bisa gawe gumrengsenge swasana prasasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa.
(7)  Mawwat: anteb, manteb ngentasi purwa, madya, lan wasananing karya. Dadi
pranatacara kudu bisa ngendhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane  acara  kanthi  manteb  lan  sampurna.  Aja  ngantana  acara  kang kececer keliwatan uwal saka rantaman.


Kejaba syarat-syarat kasebut, ana uga sangu penyengkuyung kang uga wigati, yaiku:

a.     Mental: amrih mentale kandel kudu akeh gladhen, biasa ngadhepi wong akeh

(forum), siap materi.

b.    Sekolah, kursus, maca buku bab pranata adicara.

c.    Gladhen: pranatacara kudu sregep gladhen micara murih wegig lan besus micara
d.    Pangrengga  swara  (sound  system):  MC  kudu  sesambungan  karo  pangrengga
swara bab tata papan, urutan gendhing, sasmita gendhing, lsp.

e.    Kasamaptaan  (sumadhiya  ing  dhiri  sawega  ing  gati):  Pranatacara  kudu  siap sawanci-wanci ditimbali dening pawongan kang ngersakake murih ora nguciwani, samapta ing raga, busana, basa lan wicara.
f.   Mitra   tembayata (relasi) kayat perias,   Weddin Organyzer catering, fotografer, lsp
Cengkorongan baku wicara pranatacara, yaiku:

(1)   Pambuka:
a)      Salam pambuka.
b)      Sapa aruh marang tamu.
c)      Muji syukur mring Pangeran.
(2)  Maosake rantamaning adicara.
(3)   Nyuwun agungan supaya para   tamu kersa ngestreni adicara saka purwa, madya,  tumeka wasana.
(4)   Ngaturake adicara siji mbaka siji kanthi wijang.
(5)  Panutup:
a) Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya).
b)  Ndherekake ndedonga panutup.
(6) Salam panutup.

Tuladhane rantaman adicara adat:
a.        Rantaman Adicara Kesripahan
(1)  Ingkang sepisan, pambuka
(2)  Ingkang kaping kalih, atur panuwun kulawarga
(3)  Ingkang kaping tiga, atur bela sungkawa saking para takziah
(4)  Ingkang kaping sekawan donga angkating layon
(5)  Ingkang kaping gangsal panutup

b.    Rantaman Adicara Penganten Prasaja (Sederhana/climen
       (1)  Pambuka
(2)  Atur Pambagyaharja
(3)  Pasrah saha panampi calon penganten kakung
(4)  Ijab qobul
(5)  Sumene/ sigeg ( gantine tembung : istirahat) (6)  Pengaosan utawi wasitatama
(7)  Panutup


Minangka    kanggo    ancer-ancer     yen    kanggo    gawe     ngrengrengan     teks pranatacara kudu weruh pokok-pokok teks prantacara mau, yaiku:
(1)  Salam    pambuka.     Salam     pambuka     kanthi     tembung,     “Asalamualaikum Warahmatullah  wabarokatuh (tumrap  wonIslam),  utawa  tembung nuwun kawula nuwun lan kang saemper.
(2)  Puji syukur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad (tumrap wong Islam), lan kang saemper.
(3)  Sapa aruh. Sapa aruh utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu undhangan.

Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tuwa nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
(4)  Ancasing  gati.  Ancasing  gati  yaiku  apa  kang  dadi  tujuan  saka  adicara  kang

ditindakake ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang. Ngenani adicara apa sing diangit dening pranatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane sarta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
(5)  Panutup. Ing perangan panutup iki pranatacara ngaturake panuwun marang para

rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak.  Salam panutup


Tuladha (1)

Pranata        adicara       pengantin        (trah-atmosukartan-solo.blogspot.com/.../mc- pranatacara-pranata-ad... diakses tanggal 6 Juli 2016):

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat  kalingga murdaning akrami.
Nyuwun panagapunten, dene kula cumanthaka sowan mangarsa, hanggempil kamardikan   panjenengan ingkankatemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangkpangendaliwara keparenga hambukwiwaraning    suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula ndherekaken  sesarengan manungkul puja-puji-santi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat  gumelaring alam agesanwonten  madyaning  bebrayan  agung.                                                                               Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta   kaperluan,                                                  rawuh  kempal  manunggal  ing  pawiwahan  punika,   saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa . (Doso DH). sakulawangsa  anggenipuhanetepi  dharmaning  sepuhangrakit  sekar  cepaka mulya,  hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
(1)  Eka laksitagati,  purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga.
(2)  Dwi laksitagati,  rawuh lan  jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning  sasana wiwaha.
(3) Tri laksitagati,  pasrah-pinampi putra temanten kakung.
(4)  Catur  laksitagati,    dhaup  panggihing  putra  temanten  anut  satataning       adat widhiwadana ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upacara krobongan
(5)  Panca laksitagati,  ndherek mangayubagyanipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha, tumunten kalajengaken upacara sungkem.
(6) Sad laksitagati,   atur pambagyaharja panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu.
(7)  Sapta  laksitagati,    lengseripun  temanten  sarimbit  saking  madyaning  sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatriyan.
(8) Hasta laksitagati, sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhong pudyastawa murih widadaning bebrayan.
(9) Nawa laksitagati,  paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking  madyaning  sasana  rinengga  tumuju  dhateng  wiwaraning  pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula dherekaken hangrantos tumapaking  tata  adicara   sinambi  nglaras   rarasing  gending-gendhing  Jawi. Nuwun, nuwun, matur nuwun.


Tuladha (2):
ithinkeducation.blogspot.com/.../bedane-pranatacara-lan-pamedhar (Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Kangge Siswa SMP. Ponorogo: MGMP Basa Jawa.) Bismillahirrohmanirrohim
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb,
Alhamulillaahirabbil’aalamiin. Alhamdulillaahilladzii hadaana lihaadzaa, wamaa kunnaa    linahtadiyaa                laulaa               anhadanallah.                   Asyhadu    anlaailaaha     illallahu wahdahulaa syariika lahu, wa asyhadu anna Muhammadan ‘abduhuu warasuuluhu laa nabiyya badah.
Dhumateng  panjenenganipun  para  pepundhen,  para  sesepuh  pinisepuh  ingkang
hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
Para   pangemban   pangembatin praja   satriyanin negar minangk pandam- pandoming para kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Para sarjana, para sujana-sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagya mulya, nun inggih brayat ageng baraya wira wiyata, baraya wira tamtama, para puma karya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma.
Para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhuring budi. Panjenenganipun para satya wredha, carana madya, para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi pakurmatan satuhu pantes lamunta sinudarsana.
Mradapa awit saking keparengipun Bp A sekalian garwa, kula ingkang kapitedhan  sinaraya  hambuka  wiwaraning  suka                                                          pinangka  jejering  pambiwara, keparenga hangaturaken  urut reroncenintata upacara ingkang  sampun  rinakit, rinancang dening para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing dinten kalenggahan punika. Nun inggih panjenenganipun  Bp A netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, miwaha siwi mahargya suta. Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun Gust ingkan apeparin gesang,  miwah   nyuwun   donga   pangestunipun   para lenggah. Mugi kaleksananing sedya ing dinten kalenggahan punika purwa madya wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng  nir ing sambekala.
Para rawuh saha para lenggah, sampun dumugi wahyaning mangsa kala binukaning
tata upacara. Nun inggih Bapa A sekaliyan garwa, ing ri kalenggahan menika ngawontenaken  pahargyan  prasaja,  kinarya  mawantu-wantu  nyuwupandonga saha pangestu para rawuh kakung sumawana putri anggenipun Bapa A sekaliyan hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qabul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu ………………. Putra putrinipun Bapa A, ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus …………… putra kakungipun Bapa B ingkang lenggah wonten  ing  ……..  (alamat  tempatinggal  BapB),  sampukaleksanan  kanthi wilujeng nir ing rubeda, duk nalika dinten ……. wanci tabuh….. mapan ing ……………… (KUA atau rumah).
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara
ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih :
(1)  Binuka  kanthi  sowaning  putra  temanten  sarimbit  saking  sasana  busana, kepareng marak sowan lenggah wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe kaleksanaaken kanthi tata upacara adat ingkang lumampah ing kukuban Pedukuhan Sanga, Karang ing mriki.
(2)  Purnaning  tata  upacara  sowanipun  pinanganten,  badhe  kasambet  Waosan
Kalamullah ingkang sampun kaserat ing Pustaka Suci Al-Qur’anul Karim.
(3) Atur pambagya yuwana saking ingkang hamengku karsa tumunten badhe kaleksanan minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.
(4) Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten dening para tetuwangga ingkang piniji.
(5)  Kasambet  adicara  ingkang  angka  gangsal,  nun  inggih  Sabdatama,  ingkang
samangke badhe kasuwunaken wursita aji saking panjenenganipun Bapa “H”
mligi kaparingaken dhateng putra penganten.
(6)  Wondene    minangka    pratandha     paripurnaning     pahargyan     prasaja     ing mangke hambok  bilih  badhe  kapungkasi  saksampunipun  wonten  pratandha saking kulawarga minangka paran para.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kinurmatan, makaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika. Mila awit  saking  punika  mugi  wontena  suka  lilaning  panggalih  kasuwun  para  rawuh tansah lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih sarwi paring puja hastawa puji  hastuti  saengga  paripurnaninpahargyan  prasaja  ing  dinten  kalenggahan punika.
Para  rawuh  sahpara  lenggah,  jumbuh  kaliyan  urut  reroncening  tata  upacara ingkang  ugi  karana  sampun  paripurna  risanpinanganten  sarimbit  anggenya hangadi salira mulas wadana, keparenging sedya sri atmaja temanten kekalih badhe hamarak sowan wonten ngarsa panjenengan sadaya lenggah wonten ing sasana rinengga. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana busana kakanthi panjenenganipun Ibu X ingkang sampun samekta ing gati, murih rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji.
Jengkaring temanten  sarimbit  saking sasana busana binarung ungeling  gendhing
ingkang jumbuh kaliyan suasana sowaning pinanganten. Nuwun sumangga.

Para tamu kakung sumawana putri ingkang minulya, paripurna lampahing tata upacara sowaning risang penanganten, katitik putra kekalih sampun lenggah jajar kanthi kawistara suka rena kaampingi kekalih Bapa saha Ibunipun ing sasana rinengga. Suwasana menika mracihnani bilih  laksitaning adicara sampun tinarbuka. Anamung  murih  lampahing  adicara  intiti  wanci  menika  wiwit  purwa,  madya dumugi wasananing pepanggihan tansah winantu ing karaharjan nir ing sambekala, iba saenipun ing ri kalenggahan punika kita tansah ndhedhepe wonten Ngarsanipun Gusti Allah SWT kanthi sareng-sareng ngunjukaken pandonga. Ingkeng menika, sumangga  kitndedonga  kanthnenuwun  lan  nyenyuwun  wonten  ngarsanipun Gusti              Allah     SWT     karana      maos      lafal      Basmallah,      kula     dherekaken.
….Bismillaahirrahmaanirrahiim.
Ndungkap  adicara  ingkang  angka  kalih,  nun  inggih  waosan  Kalamullah, ingkang badhe kasarirani dening sedherek Anamung keparenga sakderengipun, kasuwun dhumateng sagung para lenggah mugi kepareng hamidhangetaken saha ngraosaken dumugi lebeting manah suraosing Kalam Illahi minangka pandam saha pandoming tumrap ummat manungsa, kanthi kesdu munggel pangandikan sawetawis. Sakdereng lan saksampunipun kaaturaken agunging panuwun. Para lenggah kakung sumawana putri, adicara ingkang angka kalih nun inggih Waosan Kalam Illahi kasumanggakaken dhumateng sedherek ……………. Sumangga.

Paripurna waosan Kalam Ilahi, ingkang saestu ndadosaken tentreming manah kula lan   panjenengan   sedaya,   saengga   hanamba ayom   lan   ayeming   suwasana pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika.
Para rawuh ingkang tansah sinuba ing pakurmatan, tumapak titi laksana adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking panjenenganipun Bapa A sekaliyan ingkang hamengku gati. Anamung, awit keparengipun Bapa A sekaliyan, atur pambagyaharja kasuwunaken dhateng sulih sariranipun, nun inggih Bapa D”. Dhumateng Bapa D kula sumanggakaken, saha mugi kepareng Bapa A sekalian kasuwun lengser sawetawis saking palenggahan, saperlu jumeneng hanjajari Bapa “D”. Sumangga.

Sampun cetha lan trawaca atur pambagyaharja saking Bapa A sekaliyan ingkang lumantar Bapa D”. Ingkang menika, minangkani kepareng saha panuwunipun Bapa A sekaliyan, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis. Tumunten para putra


badhe sowan hangaturaken boja krami katur dhumateng sagung para lenggah. Awit saking menika, kasuwun dhumateng para tamu kakung sumawana putri ingkang sampun kaaturan unjukan sarta lampiran, kasuwun tumunten hanyekecakaken ngunjuk saha ndhahar kanthi merdu merdikaning penggalih.
Para lenggah ingkang tansah kinurmatan, kangge ngregengaken suwasana sarta pinangka sarana panglaras para lenggah anggenipun ngunjuk sarta dhahar, badhe kaaturaken pasugatan hiburan saking kulawarga ageng Paguyuban Rebana Kembang Setaman  saking Pedukuhan Sanga, Karang. Wondene lampahing wekdal sumene sawetawis kaaturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa Sudarsa minangka pangesuhing Paguyuban Rebana Kembang Setaman.
Dhumateng  para  lenggah,  kaaturaken  sugeng  midhangetaken,  sugeng  nglaras
sinambi imbal wacana. Sumangga.

Sagun para   lenggah   kakun sumawana   putri   ingkan tansah   sinub ing pakurmatan. Nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, keparenga wekdal sumene kula suwun kinarya hanglajengaken lampahing adicara.
Tumapak  ing  titilaksana  adicara  ingkang  angka  sekawan,  kasuwuparingipun tanggap  sabda   saking                 panjenenganipun                                Bapa   B   sekaliyan    ingkang   badhe dipunsalirandeninpanjenenganipun  Bapa  C minangka  talanginpangandika Bapa B sekaliyan. Dhumateng panjenenganipun Bapa “C” kula sumanggaaken, saha kasuwun keparenga Bapa B sekaliyan garwa angampingi jumenengipun Bapa “C” sadangunipun paring tanggap sabda. Sumangga.

Saestu wijang wijiling pangandika panjenenganipun Bapa “C” minangka talanging basa Bapa B sekaliyan, gya tinampi panjenenganipun Bp E minangka sulih sarira panjenenganipun Bp A sekaliyan. Ing wasana wekdal kasumanggakaken.

Para pinisepuh saha para lenggah ingkang kinurmatan. Ndungkap adicara ingkang angka gangsal, paringipun wursitawara ingkang mirunggan kaparingaken dhateng putra pinanganten sarimbit lumeberipun dhumateng para lenggah. Sabdatama saha wursita aji kasuwunaken dhumateng panjenenganipun Bapa “H”. Wusana, wekdal sacekapipun kula aturaken. Sumangga.


Awit namining sedaya kulawarga, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapa “H” ingkang sampun paring sabdatama dhumateng risang pinanganten sarimbit. Ing pangajab, sadaya pangandika sageta tinuladha dening putra pinanganten, saengga putra kekalih anggennya gesang bebrayan tansaha manggih bagya mulya samenika dumugi saklami-laminipun. Aamiin.


Para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu kinurmatan. Purnaning adicara sabdatama, tumunten wekdal badhe kasigeg lan kasumenekaken sawetawis, kinarya kangge   parin wekdal   dhumaten para   putra   ingkan badh hangaturaken pasugatan saklajengipun katur para lenggah.
Wekdal menika badhe kula aturaken dhumateng Bapa Wiji Naryana saha Bapa Sudarsa saperlu ngregengaken suwasana kanthi ungeling lelagon saking Paguyuban Rebana Kembang Setaman.


Dhumateng para lenggah, mugi kasekecakna angacarani ngunjuk saha dhahar sinambi midhangetaken pasugatan lelagon rebana Paguyuban Kembang Setaman. Sumangga.

Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala. Ingkang menika, minangka pratandha paripurnaning adicara, sumangga sareng-sareng kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumados, inggih  awit  sedaya  kamirahanipun  sampun  paring  rahmat  saengga  pahargyan prasaja menika tansah winantu karaharjan.
Minangka pratandha syukur, sumangga sareng-sareng maos lafal Hamdallah, kula
dherekaken. …. Alhamdulillahirabbil’aalamiin.
Salajengipun kasuwun panjenenganipun Ibu X saha para ingkang piniji, keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit saha Bapa ibu kekalihipun tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing dinten kalenggahan punika sampun paripurna, sinartan sesanti jaya-jaya wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit binarung ungeling Ladrang Gleyong laras pelog pathet nem.
Paripurnaning     pahargyan     prasaja     ing    ri     kalenggahan     punika,     lumantar pangendhaliwara sepisan malih panjenenganipun Bapa A sekaliyan ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah rawuh panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang kirang wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh, mawantu-wantu ingkang hamengku  gati  nyuwun  lumunturing  sih  samodra  pangaksami.  Semanten  ugi, kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang sela wader pari sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

B.   WEDHARING PURWAKANTHI SAJRONE RANTAMAN PRANATACARA

Ing alam bebrayan Jawa purwakanthi ora mung tinemu sajroning kasusastran tulis nanging uga ing sastra lisan,      basa lisan, tembang-tembang utawa gendhing Jawa.  Tuladhane  kang  tinemu  ing  basa  lisan,                 asring  digunakake  dening  para pranatacara ing tradhisi-tradhisi Jawa. Upamane ing tradhisi mantu, ing pambagya harja. Petugas MC bisa milih tetembungan kang ngemu kaendahan, awujud purwakanthi.    Purwakanth guru    swara,    guru    sastra,    lan   lumaksita    kaangge bebarengan. Tuladha:
Nuwun para sepuh, tuwin para sesepuh, ingkang  dahat pinundhi-pundhi, para
priyagung  kakung  miwah  putri,  ingkang  satuhu  pantes  sinudarsana.  Para rawuh ingkang sampun kapareng rawuh,  ingkang bagya minulya (Hariwijaya,
2005:178).



Ing pethikan atur pangandikane pranatacara kasebut ngemu purwakanthi guru swara, yaiku tembung-tembung kang ngemu swara                                           /u/. Tembung nuwun, sepuh, sesepuh, pinundhi-pundhi, priyagung, kakung, putri, satuhu, sampun, rawuh lan minulya. Purwakanthi guru sastra, tinemu tembung-tembung kang nggunakake konsonan /p/, ing tembung: para, sepuh, sesepuh, pinundhi-pundhi, priyagung, putri pantes, sampun, lan kapareng. Tembung-tembung kang ngemu konsonan /s/, tembung-tembung: sepuh,  sesepuh,  satuhu,  pantes  sinudarsana,  lan  sampun. Konsonan /h/, sepuh, sesepuh dahat, miwah, satuhu, lan rawuh. Uga aksara/ng/, ing tembung priyagung, kakung, ingkang, lan kapareng. Dene purwakanthi lumaksita, tinemu ing frasa kanthi mbaleni tembung /para/.
Tuladha liyane, ing pungkasaning atur adicara midadareni lan tebus kembar

mayang. pranatacara   minangka pratandha yen adicara wis purna utawa rampung. Pethikane ing ngisor iki:
Para tamu ingkang sutresna, purwa, madya, wasana tumapaking karya ing dalu menika sampun kalampahan kanthi  rancak kebak ing karaharjan. Kula minangka  sesulih  panjenenganipuBapaHadi  Sasangka  sarimbit,  menapa dene sagung kulawarga, ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan ing ngarsa panjenengan, inggih awit saking sampun kapareng hanjenengi tata upacara midadareni ing dalu menika.
Para rawuh, Panjenenganipun Bapak Hadi Sasangka, ..... (Suwarno, 1998:70)


Pethikan    adicara    panutup    ing    adicara    midadareni     kasebut,    ngemu purwakanthi guru swara, guru sastra, lan lumaksita. Purwakanthi guru swara kanthi mbaleni aksara swara /a/ ing  tembung purwa madyawasana tumapaking karya ing dalu punika. Kalampahan kanthi rancak kebak karaharjan. Purwakanthi guru sastra ing tembung sesulih, sasangka sarimbit, saking sampun kapareng tanpa pepindhan, panjenengan,     hanjenengi     para,     purwa,     tumapak,      sampun,     kalampahan, panjenenganipun bapak, menapa panuwun, tanpa pepindhan, kapareng lan upacara. Tembung tembung kasebut ngemu konsonan /s/, /p/, /k/, lan /ng/ kang dibolan- baleni Purwakanth lumaksit tinem in tembung:   Bapak                              Had Sasangka, panjenengan, panjenenganipun, lan hanjenengi.


DAFTAR PUSTAKA


Pringgadigda, Suwarna. 1998. Gita Wicara Jawi. Yogyakarta. Penerbit Kanisus.

Sastro Utomo, Sutrisno. 2005. Upacara Daur Hidup Adat Jawa. Semarang. Effhar & dahara Prize.

Sumber Internet:

(1)     http://jihankismi.blogspot.com/2013/12/basa-rinengga-kanggo-pepaes- sastra.html, diakses tanggal 24 Agustus 2014
(2)     http://www.kawuryan.com/?p=335, diakses tanggal 24 Agustus 2014

(3)      (trah-atmosukartan-solo.blogspot.com/.../mc-pranatacara-pranata-ad... diakses tanggal 6 Juli 2016):.
(4)     ithinkeducation.blogspot.com/.../bedane-pranatacara-lan-pamedhar

(5)       (https://www.google.com/search?q=adicara+siraman+manten&...,          diakses tgl 12 Juli 2016)


h=657&source=... Diakses tgl 14 Juli 2016

0 komentar:

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.