Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Senin, 07 Desember 2015

Sesorah

Sesorah/pidhato
inggih menika wicara ngandharaken/njlentrehaken idhe, gagasan utawi pamikiran arupi pawartaos utawi pamanggih lsp ing ngajengipun tiyang kathah.
Supaya bisa kasil kanthi apik, paraga sesorah mbutuhake persiapan utawa nyepakake prakara kang ana gandheng cenenge karo sesorah.  
Prakara kang perlu disiagakake yaiku:
  1. Nemtokake temene sesorah
  2. Nemtokake ancase sesorah
  3. Nglumpukake bahan sesorah
  4. Gawe cengkorongan sesorah
  5. Gawe naskah sesorah saka cengkorongan mau
  6. Mangerteni wong kang ngrungokake 
  7. Gladhen kanthi nyuwara.
Bab wigati kanggo paraga sesorah
ing urip bebraayan iki, ana kalane awake dhewe dipatah sesorah ing ngarepe wong akeh. Umpamane ing acara arisan, acara supitan, sukuran, lsp. Sapa bae jan-jane bisa maraga sesorah kapan lan ing ngendi wae. Supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik mula paraga sesorah kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki.
1. Basa 
Basa kang digunakake kudu cocog/laras karo sing diadhepi
2. Busana
Nalika sesorah prayogane migunakake busana kang becik lan sopan. Bab iki kajaba ngurmati sing mirengake bisa uga kanggo njaga lan ngajeni awake dhewe.
3. Swara
Swara sing kepenak dirungokake. Ora keseron uga ora alon banget. Anggone ngucapake tembung sing cetha, ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diandharake bisa gampang ditampa. Kajaba iku anggone sesorah uga nganggo irama, aja kaya wong maca buku.
4. Swasana
Bab iki bisa gegayutan karo basa, busana, lan swasana nalika sesorah. Nalika arep sesorah kudu bisa mangerteni adicarane, saengga bisa nglarasake basa lan busanane. Nalika sesorah kudu bisa tanggap ing sasmita saka para lenggah.
5. Solah bawa/Patrap
Solah bawane wong kang sesorah kudu madhep, manteb, lan teteg. Madhep marang para lenggah, aja ndhingkluk lan aja ndhangak. Supaya solah bawa bisa madhep, manteb, lan teteg iku mbutuhake gladhen lan wektu.

Related Posts:

  • Contoh Basa Ngoko - Basa Krama InggilAna ing wewengkon bebrayan Jawa wis kawentar luhuring tata kramane lan sapanunggalane ing tindak solah bawaning bangsa. Mangkono uga ing bab basa Jawa… Read More
  • PRANATACARA PRANATACARA Pengertiane Pranatacara Sajrone bebrayan Jawa dibedakake antarane pranatacara lan pamedhar sabda. Pranatacara kerep uga diarani de… Read More
  • Materi Cerita Cekak (Cerkak) Materi Cerita Cekak (Cerkak) Cerkak inggih menika cekakan saking tembung cerita cekak. Cerkak menika mujudaken gegambaran cekak ngengingi lelampaha… Read More
  • Metode SesorahMetodhe sesorah ana papat, yaiku: Metodhe Naskah, yaiku sesorah kanthi maca sawutuhe naskah utawa teks sesorah kang wis gawe sadurunge. Methode iki b… Read More
  • Materi Wara-WaraMateri Wara-wara Manungsa ora bisa urip ijen, lan mbutuhake pasrawungan karo wong liya. Kanggo nyukupi kabutuhan mau diprelukake sarana komunikasi kan… Read More

0 komentar:

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.