Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Tampilkan postingan dengan label Kelas XI. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Kelas XI. Tampilkan semua postingan

Selasa, 08 Desember 2015

Metode Sesorah

Metodhe sesorah ana papat, yaiku:
  1. Metodhe Naskah, yaiku sesorah kanthi maca sawutuhe naskah utawa teks sesorah kang wis gawe sadurunge. Methode iki biasa digunakake ing adicara resmi kayata pidhato kenegaraan, upacara mengeti dina nasional. Nanging uga bisa digunakake dening wong kang lagi gladhi. kaluwihane sesorah bisa runtut, kekurangane kurang komunikatif.
  2. Metodhe Apalan, yaiku sesorah kanthi ngapalake naskah utawa teks kang wis digawe. Metodhe iki biasane digunakake dening wong kang lagi anyaran paring sesorah utawa isih gladhi. Kaluwihane bisa ngandharake dhewe, kekurangane kurang komunikatif luwih-luwih yen ana sing lali.
  3. Metodhe Ekstemporan, yaiku sesorah kanthi gawe catethan bakune/pokok-pokoke sesorah. Metodhe iki biasane digunakake dening wong kang prigel sesorah. Kaluwihane bisa runtut lan komunikatif.
  4. Metodhe Impromtu, yaiku sesorah kanthi dadakan/spontan. Metodhe iki biasane digunakake dening wong kang prigel sesorah.
Urut-urutane sesorah
  1. Supaya anggone sesorah runtut prayogane nggatekake urut-urutane sesorah kaya ing ngisor iki:
  2. Purwaka, isine salam pambuka, atur pakurmatan, muji sukur marang Gusti, lan matur nuwun marang tamu kang kersa rawuh.
  3. Isi/wigatining atur, isine bab-bab kang diaturake, umpamane atur pambagya supitan, syukuran, wakil kulawarga ing mantenan, lsp.
  4. Panutup, isine dudutan (simpulan), pangarep-arep (harapan), atur panuwun, lan nyuwun paangapura sarta salam panutup. 
 Ancase sesorah:
  1. Atur pambagya, sesorah kanggo nampa tamu
  2. Atur kabar/informasi/pawarta
  3. Atur panglipur/hiburan
  4. Atur pangajak
 Jinis sesorah
  1. Sesorah lan medhar sabda, yaiku tetembungan kang digunakake kanggo apa wae kang sipate umum tumprape micara ing sangarepe wong akeh.
  2. Ular-ular, wursitawara, wasitawara, yaiku sesorah kang ancas lan isine babagan kautaman, pitutur, lsp.
  3. Atur pambagyaharja, yaiku sesorah kang ancas lan isine kanggo nampa rawuhe para tamu.
  4. Tanggap wacana, yaiku sesorah kang ancas lan isine kanggo nanggapi ature pambagyaharja.
  5. Khotbah, yaiku sesorah kang ancas lan isine mligi babagan agama.

Senin, 07 Desember 2015

Sesorah

Sesorah/pidhato
inggih menika wicara ngandharaken/njlentrehaken idhe, gagasan utawi pamikiran arupi pawartaos utawi pamanggih lsp ing ngajengipun tiyang kathah.
Supaya bisa kasil kanthi apik, paraga sesorah mbutuhake persiapan utawa nyepakake prakara kang ana gandheng cenenge karo sesorah.  
Prakara kang perlu disiagakake yaiku:
  1. Nemtokake temene sesorah
  2. Nemtokake ancase sesorah
  3. Nglumpukake bahan sesorah
  4. Gawe cengkorongan sesorah
  5. Gawe naskah sesorah saka cengkorongan mau
  6. Mangerteni wong kang ngrungokake 
  7. Gladhen kanthi nyuwara.
Bab wigati kanggo paraga sesorah
ing urip bebraayan iki, ana kalane awake dhewe dipatah sesorah ing ngarepe wong akeh. Umpamane ing acara arisan, acara supitan, sukuran, lsp. Sapa bae jan-jane bisa maraga sesorah kapan lan ing ngendi wae. Supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik mula paraga sesorah kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki.
1. Basa 
Basa kang digunakake kudu cocog/laras karo sing diadhepi
2. Busana
Nalika sesorah prayogane migunakake busana kang becik lan sopan. Bab iki kajaba ngurmati sing mirengake bisa uga kanggo njaga lan ngajeni awake dhewe.
3. Swara
Swara sing kepenak dirungokake. Ora keseron uga ora alon banget. Anggone ngucapake tembung sing cetha, ora groyok, ora kecepeten saengga apa kang diandharake bisa gampang ditampa. Kajaba iku anggone sesorah uga nganggo irama, aja kaya wong maca buku.
4. Swasana
Bab iki bisa gegayutan karo basa, busana, lan swasana nalika sesorah. Nalika arep sesorah kudu bisa mangerteni adicarane, saengga bisa nglarasake basa lan busanane. Nalika sesorah kudu bisa tanggap ing sasmita saka para lenggah.
5. Solah bawa/Patrap
Solah bawane wong kang sesorah kudu madhep, manteb, lan teteg. Madhep marang para lenggah, aja ndhingkluk lan aja ndhangak. Supaya solah bawa bisa madhep, manteb, lan teteg iku mbutuhake gladhen lan wektu.

Sabtu, 05 Desember 2015

Contoh Basa Ngoko - Basa Krama Inggil

Ana ing wewengkon bebrayan Jawa wis kawentar luhuring tata kramane lan sapanunggalane ing tindak solah bawaning bangsa. Mangkono uga ing bab basa Jawa. Basa Jawa uga duwe tata krama sing diarani "UNGGAH-UNGGUH" utawa "Undha-usuking basa". Unggah-ungguh utawa undha-usuking basa iku kanggo manut wong kang guneman (wong kapisan), karo wong kang diajak guneman (wong kapindho), sarta wong kang digunem (wong katelu). Miturut cak-cakane, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku:
1. BASA NGOKO
Basa ngoko yaiku basane wong kang ora pati ngurmati kang diajak guneman. 
Basa Ngoko ana rong werna:
a. Ngoko Lugu
Basa kang digunakake antarane pawongan kang wis rumaket. Wujude tembung ngoko, ora ana tembung kang krama inggil tumrap wong kang dijak guneman. Yen ana, mung tumrap marang wong sing digunem. Panganggone basa ngoko lugu yaiku:
1. Kanca kang wis rumaket/menyang sapadha-padha kang wis kulina banget
tuladha:
Kowe mau mangan apa?
Kowe arep menyang ngendi, Di?
Dhi, sesuk yen mangkat pramuka kowe ngampiri aku dhisik ya! 
Minggu sesuk pada bal-balan menyang lapangan gelem ora?
2. Wong tuwa marang bocah enom
tuladha:
Le, sapa kancamu mau?
Nang, kowe kudu luwih sregep sinau kanggo ngadhepi ujian sesuk! 
Ni, jupukna buku iku!
3. Pawongan kang lagi ngunandika
Kapan ya aku bisa lunga menyang Bali?
Awak yen lagi apes, tiwas nulung malah kepenthung.

b. Ngoko Alus/Ngoko Andhap
Basa ngoko sing kacampuran krama alus/inggil tumprap wong kang diajak guneman.
titikane basa ngoko alus:
  • awake dhewe panggah ngoko wong liya dicampuri krama alus tumrap perangane awake sing diajak guneman utawa sing digunem, lan sandhangane wong sing diajak guneman utawa wong sing digunem.
  • tembung aku panggah aku.
  • tembung kowe disalini panjenengan utawa sliramu
  • ater-ater lan panambang ora dikramakake, panggah di-, ake panggah -ake.
Panganggone basa ngoko alus:
1. kanca padha kanca sing wis rumaket nanging luwih ngajeni (dudu bocah pada bocah)
2. ibu marang bapak
    tuladha: Pak, yen arep dhahar wis daktata ana ing meja!
3. adhi marang kangmas/mbakyu
    tuladha: Mas, yen kersa mengko dakampiri mrikasni bioskop.
4. kangmas/mbakyu marang adhine
5. anak marang wong tuwa
    tuladha: Bu, yen arep tindak dakterake.
6. wong tuwa marang wong enom, nanging pangkate luwih dhuwur utawa wong kang pangkate luwih dhuwur marang andhahan kang luwih tuwa.

2. BASA KRAMA
Basa krama kaperang dadi loro yaiku:
a. Krama Lugu
Krama lugu yaiku basa krama kang kedadeyan saka tembung krama.
Panganggone:
1. Wong tuwa marang wong enom kang durung pati kulina.
    tuladha:
    a. Di tengga sekedap, nak. Dimas saweg dipurugi wonten wande
    b. Mangga, Dhik, pinarak rumiyin
    c. Sampeyan ngertos daleme Pak Guru Amir?
2. Bocah marang bocah kang durung kulina
    a. Leres bapak sampeyan ingkang dados kepala polisi wonten tlatah mriki?
    b. Lha, bilai temenan menika, malah kita ingkang kapatah ndherekake Pak Kepala, kamangka seragame    dereng jangkep

b. Krama Alus/Inggil
Basa krama kang kedadeyan saka basa krama lugu lan krama inggil. Krama inggil iku basa kang ngajeni banget. wujude kaya basa mudha krama, kaceke panambang-mu owah dadi panjenengan utawa panjenengan dalem. Tembung aku diowahi dadi abdi dalem, dalem, kawula, kula lan sapanunggalane.
Panganggone: kanggo guneman marang wong kang kudu dikurmati/diajeni, guneman bocah enom marang wong tuwa, wong enom marang wong enom sing diajeni, sapadhane wong tuwa kang padha ngajeni, pawongan kang padha-padha ngajeni.
Tembung kang dikramakake inggil kayata perangane awak, kriya, solah bawa panganggo utawa barang darbe lsp.
tuladha:
1. Ibu, mangke bapak klawan ibu dipunaturi rawuh wonten ing sekolahan.
2. bapak Lurah tindak dalemipun Pak Kohar ingkang saweg gerah.
3. Bilih bapak ngersakaken mirsani sapunika, sadaya berkas sampun kasiapakan.












Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.