Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Selasa, 08 Desember 2015

Metode Sesorah

Metodhe sesorah ana papat, yaiku:
  1. Metodhe Naskah, yaiku sesorah kanthi maca sawutuhe naskah utawa teks sesorah kang wis gawe sadurunge. Methode iki biasa digunakake ing adicara resmi kayata pidhato kenegaraan, upacara mengeti dina nasional. Nanging uga bisa digunakake dening wong kang lagi gladhi. kaluwihane sesorah bisa runtut, kekurangane kurang komunikatif.
  2. Metodhe Apalan, yaiku sesorah kanthi ngapalake naskah utawa teks kang wis digawe. Metodhe iki biasane digunakake dening wong kang lagi anyaran paring sesorah utawa isih gladhi. Kaluwihane bisa ngandharake dhewe, kekurangane kurang komunikatif luwih-luwih yen ana sing lali.
  3. Metodhe Ekstemporan, yaiku sesorah kanthi gawe catethan bakune/pokok-pokoke sesorah. Metodhe iki biasane digunakake dening wong kang prigel sesorah. Kaluwihane bisa runtut lan komunikatif.
  4. Metodhe Impromtu, yaiku sesorah kanthi dadakan/spontan. Metodhe iki biasane digunakake dening wong kang prigel sesorah.
Urut-urutane sesorah
  1. Supaya anggone sesorah runtut prayogane nggatekake urut-urutane sesorah kaya ing ngisor iki:
  2. Purwaka, isine salam pambuka, atur pakurmatan, muji sukur marang Gusti, lan matur nuwun marang tamu kang kersa rawuh.
  3. Isi/wigatining atur, isine bab-bab kang diaturake, umpamane atur pambagya supitan, syukuran, wakil kulawarga ing mantenan, lsp.
  4. Panutup, isine dudutan (simpulan), pangarep-arep (harapan), atur panuwun, lan nyuwun paangapura sarta salam panutup. 
 Ancase sesorah:
  1. Atur pambagya, sesorah kanggo nampa tamu
  2. Atur kabar/informasi/pawarta
  3. Atur panglipur/hiburan
  4. Atur pangajak
 Jinis sesorah
  1. Sesorah lan medhar sabda, yaiku tetembungan kang digunakake kanggo apa wae kang sipate umum tumprape micara ing sangarepe wong akeh.
  2. Ular-ular, wursitawara, wasitawara, yaiku sesorah kang ancas lan isine babagan kautaman, pitutur, lsp.
  3. Atur pambagyaharja, yaiku sesorah kang ancas lan isine kanggo nampa rawuhe para tamu.
  4. Tanggap wacana, yaiku sesorah kang ancas lan isine kanggo nanggapi ature pambagyaharja.
  5. Khotbah, yaiku sesorah kang ancas lan isine mligi babagan agama.

Related Posts:

  • Cerkak Basa Jawa Cerkak yaiku susastra gancar (karya sastra prosa) kang isine nyritakake sawijine lelakon kang dianggep wigati kang duweni kesan tunggal (kurang saka … Read More
  • Tuladha Tembung EntarTembung entar (kata kiasan) yaiku tembung kang tegese ora salugune utawa samasthine. Tuladha: Abang kupinge        … Read More
  • Tuladha Maca Pemahaman Teks nonsastra yaiku teks utawa wacan kang isine prastawa kang bener-bener dumadi ing masarakat. Teks karangan kasebut bisa ngrembug babagan prekara … Read More
  • Parikan lan Wangsalan Guneman utawa pacelathon marang wong liya iku ana tata kramane utawa unggah-ungguhe basa, punapa maneh guneman nganggo parikan utawa wangsalan… Read More
  • Cerita Rakyat Crita rakyat yaiku crita rakyat kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ana ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritaka… Read More

1 komentar:

Unknown mengatakan...

Mantap sangat membantu

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.