Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Selasa, 01 Desember 2015

Materi Wara-Wara

Materi Wara-wara
Manungsa ora bisa urip ijen, lan mbutuhake pasrawungan karo wong liya. Kanggo nyukupi kabutuhan mau diprelukake sarana komunikasi kang awujud basa. Mula basa banjur sinebut minangka piranti kanggo sesrawungan. Ana basa isyarat, basa tinulis lan basa lisan.
  1. Basa isyarat yaiku piranti sesrawungan kang awujud isyarat utawa lambang. Basa isyarat kaperang dadi loro. Siji isyarat kang dumadi saka mobah mosiking awak. Kang kalebu jinis iki umpamane basane wong tuna rungu. Loro, isyarat kang awujud lambang utawa simbol kang winates, umpamane sandi, morse, logo lan sapiturute.
  2. Basa lisan yaiku basa kang migunakake swara lisan umpamane basa rembugane awake dhewe ing saben dinane.
  3. Basa tulis yaiku basa sarana komunikasi kang awujud tulisan.
Wara-wara minangka sawijining wujud ngalantarake kabar/informasi kanggo menehi ngerti marang masarakat. Cara nglantarake bisa kanthi sarana layang lan bisa kanthi awujud medhia elektronik.
Wujude wara-wara bisa katitik kaya ing ngisor iki:
  1. Basane komunikatif, tegese ora ngayawara cukup apa perlune wae, nganggo tetembungan kang prasaja supaya gampang ditampa dening sapa wae kang ngrungokake utawa kang maca.
  2. Isine ringkes, tegese ngemu kang penting wae. Perangan kang ora penting prayogane ditinggal wae.
  3. Perangane genep, tegese sanadyan ringkes nanging genep.
Wara-wara kudu bisa mangsuli pitakon ing ngisor iki:
  1. Apa (kang dadi inti prastawa mau)
  2. Sapa (kang dadi inti wara-wara)
  3. Kena apa (paraga ini mau nganti bisa ngalakoni kedadeyan kaya ngono)
  4. Ing ngendi (inti wara-wara mau dilampahi)
  5. Kepriye (carane nindakake pagaweyan mau) 
  6. Pitakon liya miturut jinise wara-warane mau.

Kang kalebu jinise wara-wara umpamane:
  1. Lelayu, yaiku wara-wara kang isine ngabarake babagan kesripahan utawa tilar donya.
  2. Spanduk yaiku wara-wara kang ditulis ana ing kain dawa sing isine nampilake simbol, logo, slogan utawa pesen.
  3.  Serat sedhahan
  4. Pamlet lsp 
Perangane wara-wara:
  1. Irah-irahan (judul)
  2. Adangiyah 
  3. Pambuka
  4. Surasa basa
  5. Wasana basa
  6. Papan lan titimangsa
  7. Peprenahan
  8. Tapak asma
  9. Asma terang
Tuladha/conto wara-wara:
 Tuladha 1:

Para kadang sutresna,
Kangge mapag pengetan dinten Kamardikan kaping 71 Republik Indonesia, OSIS SMK Bina Nusantara Demak arep ndherek nggrengsengake kanthi nggelar Lomba Maca lan Nulis Geguritan kang arep diadani besuk:
     dina                    : Jumuah lan setu
     surya                  : 5-6 Agustus 2016
     wanci                 : tabuh 08.00 tekan rampung
     papan                 : Aula SMK Bina Nusantara Demak
Gegayutan karo bab kasebut, para kadang siswa kaajab supaya enggal ndaftar lomba menyang sekretariat OSIS, nyathetake dhiri marang Sdr. Kun Syafi'i, telat-telate tanggal 2 Agustus 2016.
Muga-muga byawara iki bisa ndadekake kawruh tumprap para kadang sutresna kabeh.
Matur nuwun.


                                                                                                   Demak, 25 Juli 2015
                       Ketua                                                                       Sekretaris
                         ttd                                                                               ttd

                       Arjuna                                                                      Srikandi




Latihan/gladhen:
Saka tuladha wara-wara ing dhuwur wangsulana pitakon ing ngisor iki!


1.         Wara-wara iku katujokake kanggo sapa ?
2.         Saka sapa wara-wara mau?
3.         Apa isine wara-wara mau ?
4.         Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki!
a.             nggrengsengake
b.             kabyawarakake
5.         Kepriye panemumu saka wara-wara ing dhuwur mau ?








0 komentar:

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.