Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Selasa, 08 Desember 2015

Kumpulan Tuladha Panampi Pasrah Penganten Kakung

Tuladha Panampi Pasrah Penganten Kakaung
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
    Dhumateng Panjenenganipun Bapak (..................../kang pasrah) ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan ageng ingkang sinuba ing pakurmatan.
     Nun inggih saderengipun kula nampi wosing gati rawuh Panjenengan sapendherek, boten kesupen kula ugi ngaturaken puji sukur wonten ngarsanipun Gusti Purbaningrat, awit Panjenengan sedaya dalasan kula tansah dipunkeparengaken kempal manunggal wonten madyaning bebrayan ageng ing siyang punika kanthi rahayu nir ing sambekala.
    Panjenenganipun Bapak (..............) menggah lekasing pangandika Panjenengan hamasrahaken putra penganten kakung kula tampi kanthi sae, handadosaken suka bingahing manah, salajengipun badhe kula aturaken dhumateng Panjenenganipun Bapak (.......................) amargi badhe kapanggihaken miturut adat Widi Widana ingkang sampun sinengker. Pungkasaning atur kula minangka talanging basa Bapak (...............), kula tansah tumadhah lubering pangaksama, amargi kiranging suba sita, klentuning basa sastra anggen kula matur wonten ngarsa Panjenengan sami.
     Kajawi punika Panjenengan sarombongan taksih kula suwun hanjenengi panggih sri pengenten ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan ing siyang punika.
Cekap sementen atur kula.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

0 komentar:

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.