Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Senin, 07 Desember 2015

Tuladha Tembung Entar

Tembung entar (kata kiasan) yaiku tembung kang tegese ora salugune utawa samasthine.
Tuladha:
Abang kupinge        : nesu
Bening atine             : sumeh
Cilik atine                : gampang nesu
Dawa tangene          : seneng njejupuk barange liyan
Enteng tangan           : seneng tandang gawe
Gedhe atine              : ora kuatir, tatak, kendel
Idu geni                    : omongane tansah kelakon
Jembar kawruhe       : akeh ilmune
Kasar tembunge       : tembunge sarwa saru
Landhep pikire         : pinter banget
Manis eseme            : eseme ngresepake ati
Nandur kabecikan    : gawe kabecikan
Oleh merem              : mangerti
Padhang pikire         : seneng
Rai gedheg               : ora duwe isin
Sabuk galeng            : sugih sawah
Tanpa tilas                : ora ana orehe
Udan tangis              : akeh sing padha nangis
Wedi getih                : jirih

Related Posts:

  • Metode SesorahMetodhe sesorah ana papat, yaiku: Metodhe Naskah, yaiku sesorah kanthi maca sawutuhe naskah utawa teks sesorah kang wis gawe sadurunge. Methode iki b… Read More
  • Cerkak Basa Jawa Cerkak yaiku susastra gancar (karya sastra prosa) kang isine nyritakake sawijine lelakon kang dianggep wigati kang duweni kesan tunggal (kurang saka … Read More
  • Cerita Rakyat Crita rakyat yaiku crita rakyat kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ana ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritaka… Read More
  • Tuladha Tembung EntarTembung entar (kata kiasan) yaiku tembung kang tegese ora salugune utawa samasthine. Tuladha: Abang kupinge        … Read More
  • Contoh Basa Ngoko - Basa Krama InggilAna ing wewengkon bebrayan Jawa wis kawentar luhuring tata kramane lan sapanunggalane ing tindak solah bawaning bangsa. Mangkono uga ing bab basa Jawa… Read More

0 komentar:

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.