Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Senin, 07 Desember 2015

Cerkak Basa Jawa

Cerkak yaiku susastra gancar (karya sastra prosa) kang isine nyritakake sawijine lelakon kang dianggep wigati kang duweni kesan tunggal (kurang saka 10.000 tembung). Cerkak iku pancen sawijining crita kang cekak (kalebu crita wacan narasi), nanging ora teges menawa kabeh crita cekak iku dijenengake cerkak. Umpamane fabel, dongeng, anekdot, lan crita-crita rakyat minangka tuladha crita kang cekak, nanging ora bisa diarani cerkak.
Cerkak nduweni titikan mangkene:
  1. Critane cekak
  2. Cacahe paraga mung sithik
  3. Paraga sing dicritakake ora owah nasibe
  4. Critane fiktif utawa ora nyata. Arepe dudu crita sing satenane, isine crita logis kaya urip satenane
  5. Pokoking crita (masalah) tumuju marang sawijining crita, kang njalari efek tunggal lan kesan tunggal.
  6. Ngandharake perkara kang winates karo bab-bab kang penting wae
  7. Ngandharake prastawa kang tliti lan cetha uga prayoga
  8. Menawa ditulis mung antarane 3 tekan 10 kaca.
Unsur-unsur pandhapuke cerkak ana 2 yaiku:
1. Unsur Intrinsik
    a. tema: underane perkara
    b. alur: urut-urutane kedadeyan
    c. tokoh: paraga
    d. watak: sifate paraga
    e. setting: papan kedadeyan
    f. amanat: piwulang kang dikandhut
2. Unsur Ekstrinsik
    a. faktor agama
    b. faktor ekonomi
    c. faktor pendhidhikan
    d. faktor sosial
    e. faktor budaya

Related Posts:

  • Materi Cerita Cekak (Cerkak) Materi Cerita Cekak (Cerkak) Cerkak inggih menika cekakan saking tembung cerita cekak. Cerkak menika mujudaken gegambaran cekak ngengingi lelampaha… Read More
  • Tuladha Wara-waraTuladha Wara-wara:  Tuladha 1: Para kadang sutresna, Kangge mapag pengetan dinten Kamardikan kaping .... Republik Indonesia, OSIS SMK Bina Nus… Read More
  • Materi Wara-WaraMateri Wara-wara Manungsa ora bisa urip ijen, lan mbutuhake pasrawungan karo wong liya. Kanggo nyukupi kabutuhan mau diprelukake sarana komunikasi kan… Read More
  • PRANATACARA PRANATACARA Pengertiane Pranatacara Sajrone bebrayan Jawa dibedakake antarane pranatacara lan pamedhar sabda. Pranatacara kerep uga diarani de… Read More
  • Contoh Basa Ngoko - Basa Krama InggilAna ing wewengkon bebrayan Jawa wis kawentar luhuring tata kramane lan sapanunggalane ing tindak solah bawaning bangsa. Mangkono uga ing bab basa Jawa… Read More

0 komentar:

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.