Blog ini wujud kecintaan saya terhadap budaya Jawa, berisi tentang seputaran Bahasa Jawa dan sejenisnya. Ini hanya sebatas melestarikan supaya Bahasa Jawa tetap eksis meski diterjang kemajuan zaman yang semakin maju.

Sabtu, 05 Desember 2015

Tuladha Maca Pemahaman

Teks nonsastra yaiku teks utawa wacan kang isine prastawa kang bener-bener dumadi ing masarakat. Teks karangan kasebut bisa ngrembug babagan prekara saben dina, bisa awujud kawruh tinamtu, crita pengalaman, lan liya-liyane.

KENDUREN, APA WIS AREP ILANG?
                                                 Dening Arief Mulyana.
         Saperangan ahli mastani, agamane wong Jawa sing temenan iku sejatine aran kenduren. Kenduren, ora beda pokoking ngibadah. Awit kanggone wong Jawa, kabeh perkara kang ana gandheng cenenge karo lakuning urip, wiwit ceprot jabang bayi nganti tekan matine, kalebu prstawa liyane, kayata nggawe omah, lulus sekolah, ketampa nyambut gawe, kudu dikendureni. Upacara kenduren mono ancase kanggo nggayuh kaslamatan. Muga kenduren uga kasebut slametan. Wong kang wus ngleksanani upacara wujud kenduren mau, adate banjur rada ayem lan tentrem atine. Pancen kabeh mau gumantung kepercayaan pribadine dhewe-dhewe.
         Miturut Herusatoto ( 1991), kenduren iku kalebu perangan tindakan simbolis tumrape wong Jawa kanggo memuji lan  nggayuh kaslametan. Apa kang dadi tatacara, ubarampe lan lakuning upacara kenduren sejatine mung medhia simbolis kanggo nglairake pepinginan utawa panyuwunan marang Dzat Kang Luwih Kuwasa. Dadi, yen ditelusuri tenan, kenduren iku kalebu wujuding ibadah tumraping wong Jawa kang ngleksanani upacara mau, dadi kaya dene donga.
         Sejatine kapan kenduren wiwit ditindakake dening wong Jawa? Tekan saiki ora ana wong kang ngerti kanthi premati. Sing cetha, tradisi mau tinggalane para leluhur wiwit kuna-makuna. Nalika para ahli nyiarake agama Islam ing tanah Jawa (abad 14-15), wujud lan mantrane kenduren diowahi, diganti lan dicedhakake marang cara Islam. Mula sing kaleksanan saiki, kabeh dongane adate nganggo donga-donga Islam saka Qur’an utawa Hadist. Dadi kenduren saiki mono sejatine wis ora muni kaya jaman semana wis owah. Apa maneh jamane wis modheran kaya saiki.
                                      ( Kapethik saka Kalawarti Sempulur No. 2 Edisi September 2002)

Related Posts:

  • Metode SesorahMetodhe sesorah ana papat, yaiku: Metodhe Naskah, yaiku sesorah kanthi maca sawutuhe naskah utawa teks sesorah kang wis gawe sadurunge. Methode iki b… Read More
  • Materi Wara-WaraMateri Wara-wara Manungsa ora bisa urip ijen, lan mbutuhake pasrawungan karo wong liya. Kanggo nyukupi kabutuhan mau diprelukake sarana komunikasi kan… Read More
  • Cerita Rakyat Crita rakyat yaiku crita rakyat kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ana ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritaka… Read More
  • PRANATACARA PRANATACARA Pengertiane Pranatacara Sajrone bebrayan Jawa dibedakake antarane pranatacara lan pamedhar sabda. Pranatacara kerep uga diarani de… Read More
  • Contoh Basa Ngoko - Basa Krama InggilAna ing wewengkon bebrayan Jawa wis kawentar luhuring tata kramane lan sapanunggalane ing tindak solah bawaning bangsa. Mangkono uga ing bab basa Jawa… Read More

0 komentar:

Popular Posts

Recent Posts

PILIHAN MENU

Unordered List

Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.

Buscar

Mengenai Saya

Foto Saya
Saya seorang pendidik tepatnya mengajar Bahasa Jawa.