Parikan lan Wangsalan
Guneman utawa pacelathon marang wong liya iku ana tata
kramane utawa unggah-ungguhe basa, punapa maneh guneman nganggo parikan utawa
wangsalan. Unggah-ungguh yaiku sopan-santun, tata susila, tata pranataning basa
miturut lungguhing tata krama utawa nggunakake basa. Babagan unggah-ungguh basa
di butuhake banget ing jaman moderen iki. Emane, basa krama kurang kaajarake
marang siswa ing sekolahan. Mula iku ing kene para siswa bakal di ajari kepriye
tuladhane pacelathon arang wong kang luwih tuwa.
2. Wangsalan
b. Wangsalan edi peni
Tuladha:
1. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya.
(Carang wreksa: pang, wreksa wilis tanpa patra: wit kayu urip)
2. Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu emen, wong anom wedi kangelan.
(Kolik priya: tuhu, Anjani Putra: Anoman)
Unda-usuking basa kaperang dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama.
Basa ngoko kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang wis kulina utawa
satataran. Dene basa krama kagunakake kanggo sesambungan karo wong kang durung
kulina utawa wong kang tataran bebrayan luwih tuwa.
1. Parikan
Parikan uga sinebut
pantun, kajupuk saka asal-usule tembung mangkene: kramane pari iku pantun. Carane ndapuk mardika wae, syarate ana werna telu yaiku:
a. winengku ing purwakanthi ab-ab, tegese swara ing pungkasane gatra ing sampiran mau kudu padha utawa meh padha karo swara ing pungkasane wanda panggonan isi.
b. kawengku ing guru wilangan: cacahe wanda panggonan sampiran padha karo cacahing wanda ing perangane isi (perangan iki saiki wis ora pati digatekake)
c. ukara ing perangan isi kudu cetha, supaya lawan tutur bisa cepet nangkep karepe
d. parikan bisa dumadi rong gatra utawa patang gatra. yen ana pantun rong larik diarani pantun kilat/karmina.
Manut cacahing wandane, parikan iku bisa diperang dadi telu, yaiku:a. winengku ing purwakanthi ab-ab, tegese swara ing pungkasane gatra ing sampiran mau kudu padha utawa meh padha karo swara ing pungkasane wanda panggonan isi.
b. kawengku ing guru wilangan: cacahe wanda panggonan sampiran padha karo cacahing wanda ing perangane isi (perangan iki saiki wis ora pati digatekake)
c. ukara ing perangan isi kudu cetha, supaya lawan tutur bisa cepet nangkep karepe
d. parikan bisa dumadi rong gatra utawa patang gatra. yen ana pantun rong larik diarani pantun kilat/karmina.
a. Parikan kadadean saka (4 wanda + 4 wanda) x 2
Tuladha:
1. Manuk
emprit, nucuk pari
dadi
murid, sing taberi
2. Wajik
klethik, gula jawa
luwih
becik, sing prasaja
3. Jemek-jemek, gula jawa
aja ngenyek, padha kanca
4. Wedang bubuk, gula jawa
ora mathuk, lewa-lewa
b. Parikan kadadean saka (4 wanda + 8 wanda) x 2
1. Gudheg
manggar bumbune mrica ketumbar
lamun
sabar, bisa lejar serta bingar
2. Kembang waru, asri megare tan dangu
ayo nggugu, ujar piwulange guru
3. Kembag mlathi, warna peni ngganda wangi
watak putri, kudu ngati-ati
c. Parikan kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) x 2
Tuladha:
1. Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
eling-eling para siswa, wajib seneng nggubah basa
2. Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong plasa
esuk mikir sore mikir, sing ditaksir ora krasa
3. Jangan kacang jangankara, kaduk uyah kurang gula
piwelingku mring pra mudha, aja wedi ing rekasa
Wangsalan yaiku
unen-unen meh kaya cangkriman, dene tebusane utawa batangane (jawaban) srana sinandi tegese ora blaka, ora diceplosake. Ana wangsalan padinan/pacelathon, edi peni lan tembang.
a. Wangsalan padinan/pacelathon
Tuladha
1. Janur
gunung esuk-sesuk dolan mrene
(janur
gunung : aren (kadingaren))
2.
Sekar
aren, sampun dangu-dangu
(sekar/kembang
aren : dangu)
3. Roning
mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso
(roning
mlinjo : so)
4. Nyaron bumbung, nganti cengklungen anggonku ngenteni tekamu.
(nyaron bumbung: angklung)
Tuladha
Pacelathon
Wis sawetara wektu aku kepengen tuku buku Basa Jawa. Buku
kuwi kanggo sinau supaya aku tambah pinter. Sawijining dina, aku matur karo
paklik yen aku arep nyuwun arta.
Ardi : “Kula nuwun.”
Paklik : “ O nggih. Mangga ... mangga, kok njanur
gunung Le dolan mrene.”
Ardi : “Sowan kula mriki badhe nyuwun tulung, menapa
saged Paklik?”
Paklik : “ Ana apa Le sejatine. Sajake wigati sanget.”
Ardi : “Menika Paklik. Kula badhe nyuwun arta kangge
tumbas buku Basa Jawa
Paklik : “Oooo dhuwit kanggo tuku buku Basa Jawa to,
Sik dakjupukake.”
Ardi :
“Inggih Paklik, Kula tengga.”
Paklik : “Iki
Le dhuwite.”
Ardi : “Matur nuwun, Paklik. Amargi sampun sonten
kula badhe nyuwun pamit.”
Paklik : “ Ya, ngati-ati ya ning dalan
Ardi : “ Nggih Paklik.”
Tuladha:
1. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya.
(Carang wreksa: pang, wreksa wilis tanpa patra: wit kayu urip)
2. Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu emen, wong anom wedi kangelan.
(Kolik priya: tuhu, Anjani Putra: Anoman)
c. Wangsalan awujud tembang
Wangsalan kang kanggo
ing tembang. Biasane kanggo sing panembrama, arane umpak-umpak. Gerongan,
umpak-umpak, wangsalan diterusake tembang Kinanthi Sandhung utawi Kinanthi
subakastawa.
Tuladha:
Kinanthi linging pitutur,
kenthang rambat manyan putih
awasna dipun pratela
noleha wiranging wuri
cecangkok wohing klapa
kang dadi pathoking urip
kenthang rambat : tela
menyan putih : wlirang
cecongkak wohing klapa : bathok
Tuladha sanese:
1.
Petis
manis, sarining kaca benggala (4+8)
Aja
ngucap yen durung dirasa-rasa (kecap rasa)
2.
Jenangsela
wader kalen sasonderan (4+8)
Apuranto
yen wonten lepat kawula (apu, sepat)
3.
Balung
geni, kalong lit kang aneng wisma (4+8)
Dhuh
pra siswa, yo sinau basa jawa (mawa/wawa, lawa)
0 komentar:
Posting Komentar