Rabu, 16 Desember 2015
Selasa, 15 Desember 2015
Kumpulan Cerita Wayang (Lakon ANTAREJA, MAHARSI WIYASA, PANDHAWA SUWARGA, BAYI ABIMANYU, BATHARA SURYA)
Author: Sutresna Basa Jawa | 12.34 | No Comments |
Cerita wayang 1:
ANTAREJA
Asma pepake Raden Antareja ya Raden
Anantareja. Iseh putune Sanghyang
Anantaboga, Dewa ing kahyangan Saptapratala. Ibune akekasih Dewi Nagagini. Dene ingkang ngukir jiwa ragane Raden
Antareja iku satriya ing Munggulpamenang Raden Harya Sena. Apa sebabe Raden
Harya Sena bisa tekan Saptapratala, critane mangkene.
Ing nalikaning Kurawa nganakake
pista ing Bale Sigala-Gala, Pandhawa diundang dalasan Dewi Kunthi, nanging
bale wewangunan kang dienggonidening para Pandhawa digawe saka kayu lan
kertas kang gampang kobong. Namung digawe kaya kayu, dicet banjur diwenehi plitur kang apik. Jroning pista mau Pandhawa diaturi dhaharan kang wis dibumboni
racun, mangkono uga unjukane, ya wis dicampuri racun. Nanging Sang Harya Sena
waspada, panganan lan unjukane ora dicekel blas sanajan diisin-isin
karo Dursasana.
Dikandakake para pandhawa lan Dewi Kunthi wus samiya mabuk, nanging ora weruh saka ngendi sangkan paraning jebul ana geni kang ngobong omah kang dienggoni para Pandhawa. Kagegeran, gugup,sigra sang Harya Sena kang
cukat trengginas sigra mbopong Dewi Kunthi dalasan adhi-adhine digawa mlayu.
Kocapa sajroning bingung ana kang nuduhi dalan yaiku garangan putih kang lakune
banjur anjlog ing Kahyangan Saptapratala iku. Sawise padha diwaluyakake dening
Sanghyang Antaboga, sarembug suntara wektu ngaso dhisik ing Saptapratala, kang
wusanane Raden Harya Sena dipundhut mantu di dhaupake karo Dewi Nagagini. Lan
ora suwe Pandhawa banjur nyuwun pamit bali, Dewi Nagagini tinilar ing kahyangan
wis ana sajroning kahanan nggarbini.
Bareng tekan leking jabang bayi ,
babar miyak langse mandhala giri, brol cenger miyos kakung. Dening kang eyang
diparingi asma Raden Antareja. Sanalika den dus bayu gege walagang gelis gedhe,
glewo-glewo. Raden Anantarejo bergas, dedeg pidegsa,dening ingkanh eyang
wineleg sakeh ngelmu kadigdayan, kanuragan, kawruh kasepuhan, pinaringan upas
kang mandine kagila-gila. Bareng wis tekan diwasa kasektene wis ora nguciwani,
nuli takon marang ibune sapa kang sejatine ngukir jiwa ragane. Banjur dikandani ramane yaiku satriya
ing Munggul Pamenang kekasih Raden Harya Sena. Krungu ramane sapa, Raden Antareja banjur pamit kepingin bekti marang kang rama. Wektu kuwi ngepasi ing negara Madukara ana kedadean Duratmaka mateni Retna Wara Sumbadra.
Kuwandhane kapapanake ing sajroning prau, rinenggo rengga kadidene penganten,
dijaga dening Raden Harya Gathutkaca saka dirgantara.
Kacarita
lakune Raden Anantareja jumedhul saka pratala tiba ing pinggire Begawaran
Swilugangga, panggonane prau kang momot layone Dewi Wara Sumbadra. Sarehne ana
kahanan kang nyalawadi, Raden Antareja kepingin sumurup apa isine prau mau,
banjur dititi priksa, lan nuli weruh layon. Ketang gedhe rasa kamanungsane,
layon banjur diuripake. Sawise waluyo jati nuli tetepungan, yen garwane satriya
ing Madukara, Raden harjuna lan genti yen dheweke putrane satriya Pandhawa
Raden Harya Sena…..
Cerita wayang 2:
MAHARSI
WIYASA
Begawan Abiyasa uga sinebut Sang Maharsi Wiyasa. Ibune Abiyasa asma Dewi
Gandawati, atmajane Prabu Wasupati ratu ing Negara Wiratha. Dewi Gandawati awit isih cilik wus diwenehake marang Prabu Dasa dening Ramane. Sawiseasa diwasa, Dewi Gandawati kagarwa Begawan Palasara, peputra Abiyasa. Dewi Gandawati sawise
duwe anak Abiyasa, dheweke diwenehake dening Begawan Palasara marang
Prabu Wasupati. Nanging nalika Dewi Gandawati nedya didhaupake Prabu Sentanu,
ratu ing Ngastina, Begawan Palasara rawuh ing kedhaton Wiratha nedya mbaleni
Dewi Gandawati, satemah Prabu Wasupati kawekon ing penggalih.
Dumadakan Bathara Narada rawuh ing
kedhaton Wiratha nemoni Prabu Wasupati, Prabu Sentanu, lan Begawan Palasara.
Bathara Narada paring dhawuh supaya Dewi Gandawati di dhaupake karo Prabu
Sentanu, nanging Prabu Sentanu kudu masrahake negara Ngastina marang Begawan
Palasara. Wiwit nalika iku Sang Palasara jumeneng ratu ing Ngastina jejuluk
Prabu Dipakiswara. Mula barengwissawetara warsa anggone jumeneng nata, banjur
kalingsirake marang Sang Wiyasa, jejuluk Prabu Kresna Dwipayana, Sang
Rancakaprawa hiya jejuluk Sang Sutiknaprawa. Mula jejuluk Sang Kresna Dwipayana
awit pakulitane ireng cemani terus ing balung sungsum, mula kawastanan Sang
Rancakaprawa jalaran dhangan paring tetulung marang kawulane kang anandhang
susah. Mulane jejuluk Sutiknaprawa awit remen nggeganjar sarta agawe senenging
atine para kawulane.
Garwane
Sang Kresna Dwipayana kabeh ana telu yaiku:
- Dewi Ambika, atmajane Prabu Darma Muka ratu ing Negara Kasi, patutan anak lanang pekik, mung cacat wuta wiwit lair, dijenengake Dhestaratra.
- Dewi Ambalika rayine Dewi Ambika, peputra Pandhu Dewanata
- Dewi Datri, wanita saka golongan waisya (ing sakawit parekane Dewi Ambika) peputra Widura (Yamawidura).
Ing sadurunge dadi garwane Sang
Wiyasa, putri tetelu mau dadi garwane Raden Dewabrata ya Sang Bisma. Nanging
gandheng Bisma wadhat, mula penggalihe Dewi Gandawati ya Dewi Setyowati susah
banget, awit banjur cuthel ora ana sing nerusake nyambung dharah Barata. Mulane
Bisma nuli matur.
“Nuwun sewun Kanjeng Ibu, kepareng
kawula ngaturaken tetuladhan, nalika satriya saindenging bawana tumpes-tampis
dipun sirnakaken dening Begawan Palasara, nalika semanten para putri garwanipun
para satriya punika sami marak dhateng para brahmana, sami nyuwun dipun
nugrahani putra. Putra-putrinipun warandhanipun satriya ingkang saking para
Brahmana kalawau dados golonganing satriya. Mula kuwi, banjur ana satriya anyar ing marcapada. Kanjeng Ibu, sasampunipun paduka midhanget
tetuladhan ingkang mentas kula aturaken, wontena kepareng paduka lajeng kersa
milih Brahmana pundi ingkang badhe paduka minta sraya, supados nugrahani putra
dhateng Dewi Ambika lan Dewi Ambalika, kangge nyambet dharah Bharata
sampun ngantos kalajeng cures utawi sirna.
Sapari purnanipun atur, Dewi
Gandawati ya Dewi Setyawati mak byar, banjur kelingan yen darbe pulunan
sadurunge ginarwa ing Prabu Sentanu, yaiku Maharsi Wiyasa, putrane Sang Dewi
patutan karo Begawan Palasara. Kawiyos ngendikane Sang Dewi, ‘Kulup wruhanira,
ing sadurunge ingsun winengku ramanira, ingsunwisnate kagarwa ing Brahmana
pinunjul asma Begawan Palasara. Kula wus sesuta nunggal patutan kaliyan Sang Begawan,
peparabe Maharsi Wiyasa. Aja dadi atimu, Sang
Wiyasa taktimbali, arep takdhawuhi ngepek bojo Dewi Ambika lan
Dewi Ambalika.
Ature Bisma , “Kanjeng Ibu,
sakalangkung kapasang yogi, menawi sang Maharsi Wiyasa kersa nggarwa warandha
kekalih punika.”
Kacarita Dewi Gandawati ya Dewi
Setyawati sakala banjur muja semedi, lenging cipta kang tinuju amung Sang
Maharsi Wiyasa. Katarima panedhane sakala mak jleg tanpa weruh sangkane Maharsi
Wiyasa rawuh. Sawuse dhinawuwan sandining gati, sang Maharsi Wiyasa gelem lan
banjur klakon putri tetelune pisan kagarwa dening Sang Kresna Dwipayana
nganti patutan Dhestarata, Pandhu, lan Widura.
Sawise sawatara warsa , kalenggahaning
kraton Ngastina banjur lumengser marang Sang Pandhu. Pandhu kagungan putra
Pandhawa lima: Puntadewa, Bratasena, Harjuna, nangkula, lan Sadewa. Jroning
kalengjroning kraton ing Ngastina kaparingake marang keng
putra Pandhu Dewanata, Sang Kresna Dwipayana
bali mertapa ana ing wukir Retawu hiya Pertapan Wukir Saptaharga. Sang Begawan seneng banget marang putune, mligine Puntadewa…
Cerita wayang 3:
PANDHAWA
SUWARGA
Perang
Baratayuda Jayabinangun paripurna. Pandhawa lima sing wis rampung nindaki
jejibahan ing ngarcapada muksa sak badan wadage, merkahyangan. Bethara Narada
minangka Ketua Sekretaris Berrsama Jonggring Saloka wis ngatur, Werkudara,
Harjuna, dalah Nakula-Sadewa mangkat dhisik ; dene Puntadewa isih keri ana
ngarcapada. Mbokmenawa isih ngenteni giliran. Meh ning kayangan kok daftar tunggu kaya munggah kaji ning Indonesiya, jan ora nalar.
Bareng
wis nitipake si Pantom asu ingon-ingonane, Puntadewa enggal munggah kahyangan,
njujug pasuwargan. Jebul kecelik, Pandhawa papat dalah garwane ora ana katon,
mangkono uga para putra. Malah ing kono Darmakusuma nyumurupi Trio Ngastina,
Prabu Duryudana-Patih Sengkuni-Pandhita Durna; padha nglaras karo macit gedhang
goreng unjukane kopi tubruk. Ing ngendi dununge adil? Ingatase Prabu Duryudana
cs sing budi candhala ing ngarcapada, malah antuk kasuwargan. Dene kulawarga
Pandhawa kang tansah netepi tindak budi rahayu, mandar durung cetha nasibe.
”Pukulun Bathara Narada, kula
protes. Pandhawa sing kerja mati-matian, berjuwang memayu hayuning bawana, kok
mboten angsal menapa-napa. Niki pripun genahe, kok kaya Andi Malarangeng Partai
Demokrat mawon…” kelahe Prabu Dermakesuma.
”Ulun mboya mangerti, elek-eleekkkk.
Jeneng kita gugata menyang Bathara Guru, ulun saderma nindakake wajib,
elek-elekkk!’ wangsulane dewa model Pulo Kalimantan iku saunine.
”Pripun nakmas Puntadewa? Dilanjut?”
pitakone Dewaduta nodhi Puntadewa. Puntadewa ora bisa methuki Bathara Guru,
amung di dherekake Dewaduta ajudane Bathara Guru.
”La inggih mbacut, no. Pun tanggung
niki,” wangsulane Puntadewa geter.
Laku sabanjure sangsaya gawe
mengkirige githok. Puntadewa kudu liwat wot ogal-agil, kang ngisor kebak mawa
mangah-mangah.
”Kangmas Puntadewa, kula nyuwun
dipun luwari!” sambate Harjuna.
”Mbarep Kakangku, gak kuwat aku.
Panas!’ Werkudara uga klojotan kaya cacing kepanasen.
Mangerteni kadange Pandhawa kaya ngono, Puntadewa banjur nangis sesenggukan. Yagene Dewa selak karo janjine
sakawit. Kurang apa wong Ngamarta anggone mlaku ing dalan bener, teka
dceplungake ana kawah Candradimuka. Suwalike kulawarga Ngastina sing tansah
gawe wisuna lan ndhaku darbeking liyan, malah kepenak ana kaswargan. Jaluk kulawargane dientasake saka kawah Candradimuka, Prabu Puntadewa banjur engal bali menyang Marcakundha . Yen pinangkane ora dituruti angur dheweke
uga dicemplungake dadi siji, lebur bareng dhasaring kawah.
”Kaki Puntadewa, kenangapa jeneng
kita mrene maneh, eellekkk-eleeekkk!”
”Pukulun Narada, perkawis menika
mboten cekap dielekkkk-elleeekkkk mawon. Mesakaken kulawarga Pandhawa yen
kedangon wonten Kawah Candradimuka,” pandhesege Puntadewa sajak adreng.
Padha-padha
wayang, Puntadewa iku wayang kang paling jujur, ora nate gawe dosa. Mula kelahe
ing kadewan enggal antuk kawigaten. Otoritas ing Jonggring Saloka enggal
ndhawuhake PK (peninjauan Kembali) perkarane Pandhawa sakadang. Pungkasane hawa panas ana ing kawah Candradimuka, engal-engal didemake dening Bathara
Darma. Wusanane
kulawarga Pandhawa dientasake saka kawah candradimuka, dipindhah ana papan
panggonan kang kaline mili susu lan temboke gemblong/jadah Kosokbaline
kulawarga Kurawa dipindhah ana kawah Candradimuka.
Cerita wayang 4:
BAYI ABIMANYU
Kekasihe
Bambang Abimanyu ya Jaka Pengalasan. Dewi Rara Ireng ya putrane Dewi Wara Sumbadra kaliyan satriya Madukara Raden Janaka. Mulane kekasihe
Abimanyu jalaran pinundhut putra dening Raden Arya Bhima (mung diaku). Dene
kekasih Jaka Pengalasan jalaran nadyan putra satriya nanging laire neng tengah
alas gung liwang-liwung. Dene critane mangkene : Manut buku kagungan dalem ing
Prawiranegaran Mangkubumen Ngayogyakarta, nalikane Dewi Wara Sumbadra wayah
tingkeban, nedya angrawuhake para kadang Nata lan satriya, Raden Arjuna banjur sare karo Dewi Wara Sumbadra, dene kang kadhawuhan mangkat yaiku Patih Surata.
Ambarengi
lakon mau, ing satengahing alas Dhandhaka ana Raseksa lan Raseksi alasan, sing
wadon pamitan sing lanang ngupadi memangsan, sing lanang ditinggal. Raseksi mau
sekti tur bisa mabur, bareng ngungkuli sandhuwuring kasatriyan Madukara nuli
niyub lan banjur lumebu iang patengganing kang lagi nendra. Raseksi gandrung
marang baguse Raden Arjuna, Dewi Wara Sumbadra nuli kacidra winadhahan ing
kendhaga banjur digawa menyang Madukara nuli memba warna Dewi Wara Sumbadra
laju nusul nggone sare Raden Arjuna.
Kacarita
Raseksa kang pinasrahan kendhaga dening sing wadon, nuli tumandang mbukak
kendhaga jebul isi putri ayu. Ngira yen diajangi sing wadon supaya gelem wayuh
karo putri ayu. Ngerti ana raseksa kang arep mondhong dheweke, Dewi Wara Sumbadra banjur tulung-tulung. Sembadra lumaris, nanging tinututan. Dewi Wara Sumbadra nyemplung jurang.
Ora adoh saka kono ana padhepokaning pandhita mertapa ing pretapan Jatisari
jejuluk Begawan Jayawilasa. Kagyat sang mahayogi dene ana angin lesus.
Bareng lesuse wis ilang sang Begawan ndeloki sakubenge weruh ana putri ayu ing njero jurang banjur dicedhaki, Sang Putri arsa babaran, gya
tinulungan, bayine miyos kakung pekik warnane, ari-arine pinuja uga dadi
satriya. Jabang bayine sang putri pinaringan asma Jaka Pengalasan, dene kang
dumadi saka ari-ari diparingi asma Aribawa. Bayi diasta kondur menyang
Jatisari, den dus banyu gege walagang gelis gedhe katon jatmika merak ati.
Bocak sekarone rukun teruntungan.
Jaka
Pengalasan pinaringan klangenan pitik jago dijenengake Bedhil, nuli nyuwun
pamit bakal adu jago. Kawuwusa kang aneng kasatriyan Madukara Dewi Sumbadra
gadhungan uga wis babaran mijil kakung, nanging pasuryane raseksa, diparingi
asma Bambang Sembotho utawa Senggotho. Sing kautus momong Semar sapranakane.
Para Panakawan dhewe ya gumun, geneya Raden Janaka iku bagus tanpa cacad jebul
peputra raseksa. Kajaba nakal lan rewel, Bambang Sembotho uga seneng dolan ana alas. Ing wana ketemu Jaka Pengalasan karo Aribawa
nggawa jago si Bedhil golek mungsuh. Bambang Sembotho banjur ngajak totohan adu jago, jagone kang aran Mimis. Yen Jaka Pengalasan jagone kalah dikethok gulune,
nanging yen Bambang Sembotho jagone kalah mung diwenehi jaran tumpakane.
Jago
nuli diedu, wusana jagone Bambang Sembotho ditladhung si Bedhil mati kapisanan.
Jarane dijaluk ning ora oleh, njur perang karo Jaka Pengalasan. Bambang
Sembotho kalah nangis wadul Raden Arjuna. Raden Arjuna muntab sigra ngliga
pusaka, nedya mateni. Bocah loro mlayu mulih menyang Jatisari. Raden Janaka
nututi. Bareng tekan Jatisari, Jaka Pengalasan lan Aribawa madul marang kang
eyang Begawan Jayawilasa lan Dewi Wara Sumbadra yen dioyak satriya nggawa
keris. Mangerteni Dewi Wara Sumbadra lan Raden Arjuna tekan Jatisari, banjur sang Begawan Jayawilasa kandha wiwit purwa nganti pungkasan. Saiki Sang Arjuna priksa
yen kang ana Madukara kuwi palsu, mula Dewi Wara Sumbadra, Jaka Pengalasan lan
Aribawa diboyong menyang Madukara. Jroning Raden Arjuna mbujung Jaka
Pengalasan, Raden Gathutkaca kang nenggani Kasatriyan Madukara. Rawuhe ingkang
paman sagarwa putra nulya njateni kabeh sandining lelakon. Jaka Pengalasan lan
Aribawa kadhawuhan mrajaya Sumbadra kang ana ing ndalem pengkeran.
Wara
Sumbadra tiron ketaman pusakane Jaka Pengalasan badhar dadi Raseksi terus
kaprajaya dening Raden Gathutkaca. Bambang Sembotho prang lan Aribawa cinakot
Aribawa mati. Bambang Sembotho. Tamat mendhung peteng kang ngendhanu ing
kasatriyan Madukara. Dene anggone kekasih Raden Abimanyu mau awit nalika
Wara Sumbadra babaran nyuwun ditulungi Bhima ingkang nalika semana mentas
kondur mertapa, lan wis antuk wahyu Widayat sarta wahyu Maninten. Mula bareng
jabng bayi wus lair pinangku dening Sang Bhima. Wahyu Widayat manjing ana ing
anggane jabang bayi, lan banjur akekasih Abimanyu.
Rehning
tirta susune Wara Sumbadra durung mijil, saka eguh pratikele Sri Kresna, sang
Bhima kadhawuhan anesepsi. Wantuning satriya kekasihing Bathara, sakala
payudarane raden Bhima modod telung jempol, mijil banyu susu, sinesep dening
bayi Abimanyu ndadekake seger lan walagang gelis gedhe glewo sarta sinung
kasekten saka dayane : Wahyu Widayat. Dene Rahyu Maninten tiba ing negara
Wiratha, ya wahyu loro mau kang ing tembe bangkit nyambung dharah ratu ing
negara Ngastina sak jajahane, bisa kawengku bali ing astane dharah Pandhawa.
Suka panggalihe satriya Pandhawa, dene rampung ing pacoban, genti ngundhuh
nugraha agung.
Cerita wayang 5: | |
BATHARA
SURYA
Bathara Surya uga peparap Sanghyang Wiwaswat, ya kekasih Sanghyang Martanada
sanyata Dewaaning Rahina, kahyangane ana ing Ekacakra. Sanghyang Bathara Surya
kagungan garwa loro yaiku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Miturut pakem
pedhalangan, Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni padha pinaringan antiga siji sewang
(niji) dening Sanghyang Bathara Guru. Antiga iku pinangkane saka Dewi Kastapi,
putra-putrine Bathara Wisnu. Antiga kang diparingake Dewi Ngruna ing tembene
netes dadi loro yaiku Kagendra Sempati lan Kagendra Jenthayu . Dene ingkang
kaparingake marang Dewi Ngruni netes dadi Naga Gombang lan naga cilik-cilik
sapirang-pirang.
Manut carita pedhalangan
Bathara Surya atmajane Bethara Ismaya (Semar), kagungan titihan kang awujud
kreta bhirawa apanggeret turangga pitu cacahe, padha gedhene, padha rosane lan
padha dene banter playune.
Ya
kreta kuwi kang nate diampil Sanghyang Bathara Wisnu, dienggo nggiles satruning
Suralaya Prabu Watugunung rati ing Gilingwesi nganti tumekaning tiwas (nalika
cangkrimaning sang prabu wis kelakon kabadhe dening Sanghyang Wisnu).
Putrane Sanghyang Bathara
Surya kang kerep kacaritakake ana ing pedhalangan ana loro: Sanghyang
Rawiatmaja, yaiku ingkang nurunake para ratu ing Maespati. Ingkang nomer loro, lair saka Dewi Kunthi yaiku Sang Karno Basusena. Kajaba peputra Karno
Basusena, Bathara Surya uga apeputra putri yaitu Dewi Tapati. Dene Dewi
Tapati nuli kagarwa dening Prabu Samwarana (Sambarana), peputra kakung Prabu
Kuru.
Tedhak turune Prabu Kuru diarani
Kurawa. Bisane Prabu Samwarana kaleksanan nggarwa Dewi Tapati, awit saka
pitulungane Sang Maharsi Wasistha kang diaturi nglamarake sang Dewi. Ya, sowan
Bathara Surya, Nyuwun supaya Dewi Tapati kepareng kagarwa Prabu Samwarana.
Kacarita
Sang Bathara Surya iku kalebu salah sijining jawata kang mbeling, seneng
nggonjak Widadari ing Kaenran, kalebu Dewi Windradi ya Dewi Windrati. Rehning
Bathara Indra ngawuningani bab lekase Dewi Windradi kang agawe kuceming
kawibawan Kaendran nuli bakal kadhawuhan tumurun ana ing madya pada, sarta
bakal kajodhokake karo Sang Maharsi Gutama. Apa sebabe dene kang pinilih bakal
kaparingan jodho Dewi Windradi kok Maharsi Gutama? Ana perkara kang dadi
keprihatinane para Dewa.
Maharsi
Gutama kuwi nggone anggentur tapa katarima dening Hyang Suksma Kawekas,
tandhane, resi Gutama iki sekti mandraguna, awas pandulune ora mung
netrane nanging uga batine, bisa wuninga marang kedadeyan kang bakal klakon
nadyan atusan taun bakale. Lan sabdane mandi ngalah-ngalahi sabdane para
Dewata ing kahyangan. Para Jawata padha nguwatirake, kalebu Bathara Surya.
Mulane
bareng midhanget yen Dewi Windrati arep diparingake marang sang Maharsi Gutama,
nuli ditemoni ing patenggane sang dewi bab sandining laku sarta kaparingan
jimat Cupu Manik Astagina kanggo piranti sesambungan. Kagawa saka bektine sang
Maharsi Gutama marang ingkang murba wasesa jagat saisine iki, sanadyan kersane
Bathara Indra iku wis diwuningani, nanging ora kersa andhisiki. Mulane nadyan
tata gelar Dewi Windrati iku dadi garwane, nanging babar pisan tan nate
ngladosi pulang asmara. Nganti duwe anak cacah telu yaiku Anjana kang pambarep, Anjarnaka kang tengah, lan Anjani kang wuragil. Kabeh putrane Dewi Windrati kuwi patutan karo Dewa Rahina ya
Bathara Surya. Parandene katresnan lan pamomonge marang putra putri telu
mau katon gemati banget, ora mantra-mantra yen mau kabeh turase Bathara Surya.
Resi Gutama pancen pinunjul lan limpat ing budi miwah bangkit ngaling-alingi
wewadining para Dewa. Hyang Suksma banget rena lan tresna marang Sang Maharsi,
mula nadyan Jawata anak Dewa kadidene Bathara Surya tansah sor wibawa karo sang
Maharsi.
Ora
mung kandheg semono Bathara Surya nggone maksih ngujo hawa nepsune, rumangsa
darbe kalenggahan pangwasa dadi dewataning rahina, nalikane jaman Prabu Pandhu
uga diambali maneh. Nalika semono Dewi Kunthi Nalibrata kagungan guru Begawan
Durwasa utawa Druwasa. Sang Dewi pinaringan aji-aji kang aran Aji Sabda Tunggal
tanpa lawan utawa aji Adityahredaya, yen winateg bisa nekakake dewa. Larangane
ora kena diucapake wektu siram. Ananging Dewi Kunthi kesupen, anggone jajal dayaning aji mau ana ing sasana pasiraman.
Wau
ta ing Kahyangan Ekacakra Sang Bathara Surya piniji aso sarira, ketaman
getering daya kang asalae saka Negara Mandura, tanggap Sang Bathara, sigra
nggeblas marepeki dununging daya pangaribawa, jebul manggon ana njero sasana
pasiraman. Sakala kagyat kang tumingal, kekarone padha pandeng-pandengan,
sakecap tan ana kang angandika, mung kena dayaning aji Adityahreday mau, embuh
sapa kang miwiti datan saranta kekarone wus klelep ing madyaning yuda pulang
asmara. Mangka Dewi Kunthi isih kenya, banjur nggarbini. Begawan Druwasa ditimbali, wusanane jabang bayi kang ana guwa garba banjur sinidhikara, gawe geger ing negara Mandura. Bareng wis samekta, ana kaelokan si jabang mijil saka ing karnane
Dewi Kunthi. Miyos kakung bagus glewo-glewo, winadhahan kandhaga kalarung ing
narmada ( bengawan).
Popular Posts
-
Metodhe sesorah ana papat, yaiku: Metodhe Naskah, yaiku sesorah kanthi maca sawutuhe naskah utawa teks sesorah kang wis gawe sadurunge. Me...
-
1. UKARA CRITA (KALIMAT BERITA) Ukara crita yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandharake sawijining bab utawa kedadean marang wong l...
-
Materi Cerita Cekak (Cerkak) Cerkak inggih menika cekakan saking tembung cerita cekak. Cerkak menika mujudaken gegambaran cekak ngenging...
-
Sesorah/pidhato inggih menika wicara ngandharaken/njlentrehaken idhe, gagasan utawi pamikiran arupi pawartaos utawi pamanggih lsp ing ngaj...
-
Crita rakyat yaiku crita rakyat kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ana ing masyarakat. Crita rakyat kasebu...
-
RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Sekolah : SMP Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas/Seme...
-
Tembung garba duweni tegese yaiku tembung loro/luwih digandheng mung dadi satembung wae. Tembung-tembung iku akeh banget digunakake ana ing...
-
Pengertian Geguritan (Puisi Jawa): Miturut bausastra Jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru wi...
-
Cerita wayang 1: ANTAREJA Asma pepake Raden Antareja ya Raden Anantareja. Iseh putune Sanghyang Anantaboga, Dewa ing ka...
-
Tuladha 1: Assalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun! Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh ingkang tansah angudi dhumateng pepoyaning k...
Recent Posts
PILIHAN MENU
Categories
Unordered List
Blog Archive
-
▼
2015
(18)
-
▼
Desember
(18)
- Kebijakan Penerapan Kurikulum 13 Tentang Bahasa Jawa
- Kumpulan Cerita Wayang (Lakon ANTAREJA, MAHARSI WI...
- Soal UAS Bahasa Jawa Kelas XII Semester Ganjil
- Soal UAS Bahasa Jawa Kelas XI Semester Ganjil
- Soal UAS Bahasa Jawa Kelas X Semester Ganjil
- Tuladha Wara-wara
- Metode Sesorah
- Kumpulan Tuladha Panampi Pasrah Penganten Kakung
- Kumpulan Tuladha Atur Pasrah Penganten Kakung
- Sesorah
- Cerita Rakyat
- Tuladha Tembung Entar
- Cerkak Basa Jawa
- Tuladha Maca Pemahaman
- Parikan lan Wangsalan
- Contoh Basa Ngoko - Basa Krama Inggil
- Materi Geguritan
- Materi Wara-Wara
-
▼
Desember
(18)
Aris Nurwanto. Diberdayakan oleh Blogger.