Prathelan
crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no.1-3!
Nulung Sedulur
Sawise lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake sekolah jalaran wong tuwane ora duwe
ragad. Sanajan nasibe kaya mangkono Sarno ora nglokro, tansah ikhtiyar kanthi
sregep maca buku, majalah, lan liya-liyane supaya krawuhe saya mundhak
pinter lan dewasa ngadhepi kahanan uripe. Bareng saya gedhe pikirane saya maju
ora kalah karo kanca-kancane sing padha isih tetep sekolah. Sanajan wis ora
sekolah anggone kekancan karo kancane sing isih sekolah tetep sumambung apik.
Sarno saiki duwe usaha anyar yaiku dadi tukang cukur. Usaha iki dilakoni kanthi
seneng jalaran manut panemune Sarno, tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing
nistha nanging malah mulya. Awit saka katrampilane dadi tukang cukur, wong dadi
kathon ngganteng. Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang cukur jalaran usaha
iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe. Sarana kang dibutuhake mung gunting,
peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.
Kaya unen-unen : Sapa temen bakal tinemu, sapa obah mamah. Ikhtiyar Sarno
diridlani dening Gusti. Akeh wong kang padha teka lunga anggone njaluk tulung
Sarno supaya dicukur. Sarno ora tahu ngarani upah kang dibayarake sing
padha cukur, amung sapawehe. Pakarti kang kaya ngene iki kang njalari wong-wong
padha seneng cukur menyang nggone Sarno. Awit kekuwatane wong kuwi beda-beda
mula ya ana sing menehi kanthi murwat uga ana sing sethithik. Kabeh mau ditampa
dening Sarno kanthi lila legawa tanpa ngresula. Ing atine Sarno, kajaba usaha
kuwi dalane rejeki uga bisa kanggo sarana tetulung marang tangga teparo. ***
1.
Wos surasane alenia 1 wacan ing dhuwur
yaiku . . .
A.
Lulus SMP, Sarno ora bisa nerusake
sekolah
B.
Sarno ora kalah karo kancane sing tetep
padha sekolah
C.
Sarno bocah pinter lan pikirane
maju
D.
Wong tuwane Sarno ora duwe ragad
E.
Sarno tansah ikhtiyar kanthi sregep
maca buku
2.
Wos surasane alenia 2 wacan ing dhuwur
yaiku . . .
A.
Dhuwit asile nyukur kanggo nyukupi
kabutuhane, uga kanggo mbantu wong tuwane
B.
Awit saka katrampilane dadi tukang
cukur, wong dadi kathon ngganteng
C.
tukang cukur kuwi dudu pagaweyan sing
nistha nanging malah mulya
D.
Sarno miwiti usahane kanthi dadi tukang
cukur jalaran usaha iki ora mbutuhake pawitan kang gedhe
E.
Sarana kang dibutuhake mung gunting,
peso, jungkat, kursi, pengilon, lan ubarampe liyane.
3.
Tegese ukara “Sapa temen bakal tinemu”
yaiku . . .
A.
Sapa sing gelem usaha bakal sugih uripe
B.
Sapa sing gelem usaha bakal kelakon
sing dikarepake
C.
Sapa sing gelem usaha temenan bakal
ketekan apa sing dikarepake
D.
Sapa sing gelem usaha bakal mulya uripe
E.
Sapa sing gelem usaha bakal seneng
uripe
4.
Pacelathon ing ngisor iki wacanen
kanthi premati!
Suryani :
“Piye kabarmu Pras?”
Prasetyo
: “Oalah, Sur, esuk nakir sore nakir, sing ditaksir godhong ploso, esuk mikir sore
mikir, sing dipikir ora rumangsa!”
Suryani
: “Tegese apa kuwi?”
Prasetyo
kuwi kreatif kaya awake dhewe. Dheweke uga seneng migunakake parikan
kanggo pacelathon.
Parikan
kang diomongke Prasetyo gunane kanggo ... Suryani kanthi alus.
A.
Nesu marang
B.
maido
C.
ngritik
D. nyemoni
E.
ngenyek
5.
Parikan ing ngisor iki tutokna supaya
dadi parikan kang trep.
Kembang anggrek rumambat tepining bethek, ……
A.
nganti tuwek ngelmu iku ora kalong
B.
nganti tuwa ngelmu iku ora entek
C.
nganti sokmben ngelmu iku ora entek.
D.
nganti tuwek ngelmu iku ora entek.
E.
nganti sokmben ngelmu iku ora kalong
6.
Parikan kang migunakake pranatan (8
wanda + 8 wanda) x 2 yaiku ….
A.
Kembang cengkeh, gandha sedhep warna
aneh. wong sing sumeh, tartamtu mitrane akeh.
B.
Gedheg manggar, bumbune mrica ketumbar.
Lamun sabar, bisa lejar sarta binger
C.
Ngisor gendheng saponana, Nata watu
jejer sanga. Abot entheng lakonana, Golek ngelmu nganti purna
D.
Kembang kencur, ganda sedhep sandhing
sumur. Kudu jujur, yen kowe kepingin luhur.
E.
Ngasah arit nganti landep, dadi murid
kudu sregep.
7.
Wacanen pacelathon kang migunake
wangsalan ing ngisor iki!
Resi : “Tinimbang
nganggur, ayo bedhekan wae Mbak Siwi!”
Siwi
: “Manut, kowe apa aku dhisik sing mbedheki?”
Resi
: “Kowe wae sing mbedheki dhisik Mbak. Aku sing mbatang(mangsuli)!’
Siwi
: “Aku dhisik ya, rungokna! Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara
kandha-kandha! Hayo, apa batangane pring
dhempet?”
Rewangana
Resi mikir lan mangsuli bedhekane Siwi. Kira-kira batangane ....
A.
bandha
B.
semaya
C.
duga
D.
gadha
E.
andha
8.
Pacelathon ing ngisor iki wacanen
kanthi premati!
A : Punapa
kepareng, Kula badhe nyuwun priksa?
B : Ya,
kena bae arep takon apa?
A :
Jenisipun ukara menika miturut isinipun wonten gangsal. Kula namung
ngertos tiga inggih menika ukara pawarta, ukara pitakon, ukara pakon. Lajeng
ingkang kalih menapa nggih….
B : O…
ngono ta, sing 2 yaiku ukara pamenggak kang isine menggak supaya ora nglakoni
kang dikarepke dene ukara pangajap yaiku ukara kang isine ngarep-arep.
A :
Nggih…sakniki Kula sampun mangertos, matur nuwun.
Paraga
kang luwih enom yaiku….
A.
A, katitik matur nganggo basa
ngoko
B.
B, katitik matur nganggo basa ngoko
C.
A, katitik matur nganggo basa
karma
D.
B, katitik matur nganggo basa krama
E.
A, katitik matur nganggo madya
9.
Ukara ing ngisor iki kang ora
migunakake unggah-ungguh basa kang trep yaiku ….
A.
Kula boten sarujuk menawi tiyang dhahar
punika kaliyan jumeneng tuwin ngendikan.
B.
Pak, punapa kula pikantuk nderek
panjenengan?
C.
Le, tulung, coba golekana layang ulem
nggone Pak Rejo.
D.
Menawi saged kula nyuwun wekdale
sekedhap kangge ngendikan kaliyan panjenengan.
E.
Bu, nyuwun pangapunten menawi atur kula
kalawau lepat.
10.
Ancase diwontenake musyawarah nggih
menika ... .
A.
Njaluk informasi saka
narasumber
B.
Golek panemu
C.
Ngudhari bab
tertemtu
D.
Ngraketake paseduluran
E.
Golek jumbuhing pamawas utawa
pasarujukan
11.
Kang pagaweyane golek warta diarani . .
.
A.
Penyiar
B.
Juru warta
C.
Juru tulis
D.
Pranatacara
E.
Pujangga
12.
Pawarta kang nyritakake prastawa utawa
kadadeyan kaya-kaya wong kang maca nekseni dhewe prastawa mau utawa nyritakake
kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates kanthi
cetha, diarani wacana . . .
A.
Persuasi
B.
Deskripsi
C.
Argumentasi
D.
Eksposisi
E.
Narasi
13.
Ing ngisor iki titikane wacana narasi,
kajaba . . .
A.
Ana perangane paraga
B.
Aja perangane setting wektu
C.
Ana perangane setting panggonan
D.
Ngembangake judul
E.
Ana perangane setting swasana
14.
Tembang ing ngisor iki satitekna!
|
|
|
|
|
Asmaradana
Sejatine
uri iki
Kaya
dene wong lelungan
Nang
donya mung mampir ngombe
Teruse
jagad akherat
Nunggal
lawan Pangeran
Kang
titis pangestinipun
Yekti
antuk kanugrahan
|
|
|
|
|
|
|
|
|
Watake tembang Asmaradana ing sisih
kiwa yaiku . . . .
A.
Seneng
B.
Sedhih, prihatin
C.
Gagah, galak
D.
Kendho
E.
Luwes
15.
Ing ngisor iki kang migunakake guru
lagu lan guru wilangan (6-i) yaiku ... .
A.
Dedalane guna lawan sekti
B.
Tumungkula yen dipun dukani
C.
Kudu andhap asor
D.
Bapang den simpangi
E.
Wani ngalah dhuwur wekasane
16.
Ing ngisor iki guru lagu lan guru
wilangane tembang mijil kang miturutmu bener yaiku ... .
A.
12u, 6a, 8i, 12a.
B.
10i, 6a, 10e, 10i, 6i, 6u.
C.
8a, 11i, 8a, 7a, 12u, 8a, 8i.
D.
10i, 8a, 10o, 10i, 6i, 7u.
E.
12i, 6a, 8i, 8a.
17.
Ngrungokake atur pambagyaharja
penganten, kang nindakake saka pehak . . .
A.
Panatacara
B.
Penganten putri
C.
Penganten
lanang
D.
Pambyawara
E.
Sesulih kang nduwe gawe
18.
Nalika ngrungokake atur pambagyaharja,
ana pratelan : Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes punundhi. Para
tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.
Pratelan
iku kalebu perangan tanggap wacana kang diarani . . .
A.
Pambuka
B.
Dudutan
C.
Surasa
D.
Basa
E.
Panutup
19.
Mijile temanten putri saka panti busana
dikantheni kanthi gendhing . . . .
A.
Ketawang larasmaya
B.
Ketawang kodhok
ngorek
C.
Ketawang sekarteja
D.
Kateawang tirta
kencana
E.
Ketawang mayangmaya
20.
Sadurunge ditindakake tatacara panggih
temanten, ditindakake tatacara . . .
A.
Pasrah
temanten
B.
Jengkar saka palenggahan
C.
Tatacara
krobongan
D.
Dodol dhawet
E.
Rawuhing besan
21.
Paraga utama sajrone crita Dewa Ruci
yaiku . . .
A.
Arjuna
B.
Dursasana
C.
Bima
D.
Duryudana
E.
Puntadewa
22.
Bima Bungkus, Laire Gathutkaca, Laire Wisanggeni, Kresna Duta, Wahyu Makutharama, Petruk dadi
ratu, kalebu lakon wayang sing kajupuk saka crita ….
A.
Mahayana
B.
Mahabarata
C.
Mahadewa
D.
Ramawijaya
E.
Ramayana
23.
Jinising aksara ing ngisor iki satitekna!
a. Aksara legena f. Angka murda
b. Sandhangan g. Aksara murda
c. Aksara
sambung h. Angka Jawa
d. Aksara
pasangan i. Aksara rekan
e. Aksara swara
Tata tulis aksara
jawa ing dhuwur, sing kalebu wujud- wujude maneka warna tata tulis aksara Jawa
yaiku ... .
A.
a, b, c lan
f
B.
a, b, d, lan g
C.
b, d, e, lan
c
D.
a, b, c lan f
E.
d, c, g, lan h
24.
Tumrape
wong Jawa. Yen ditulis nganggo aksara Jawa
yaiku …..
a.
?tum][pP[w=ojw.
b.
?tumR[pP[w=ojw.
c.
?tumr[p[w=ojw.
d.
?tum][p[w=ojw.
e.
?tumR[p[w=ojw.
25.
Ing
jaman sewu. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …..
a.
?ai=jmnSewu.
b.
?ai=jmnsewu.
c.
? ai=jmvSewu.
d.
?ai=jm[nSwu.
e.
?ai=jmn[swu.
26.
Luwes lan bisa nampa ilining jaman.
Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …..
a.
?luweSlNbisnMpailini=jmN.
b.
?lu[wsLnBisnmPailinNi=jmn\.
c.
?luwesLnBisnmPailinNi=jmn\.
d.
?lu[wsLnBisnmPailini=jmn\.
e.
?luwesLnBisnmPailini=jmn\.
27.
Obahe
mangsa lan wektu. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …..
a.
?[aobh[am=slnWekÒ|.
b.
?[aob[am=slnWekÒ|.
c.
?[aobaem=slnWekÒ|.
d.
?[aobh[am=sl[nWkÒ|.
e.
?[aobhaem=slnWekÒ|.
28.
Tatag
ngadhepi kanyatan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a.
?ttg¿nGdepikvtn¿.
b.
?ttgZdepPikvtn¿.
c.
?ttg¿zdepikvtn¿.
d.
?ttgZdepikvtTn¿.
e.
?ttgZdepikvtn¿.
29.
Saiki
pancen jaman wesi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a.
?saikip[vCnJmnWesi.
b.
?saikip[vCnJm[nWsi.
c.
?saikip[vCnJmvWesi.
d.
?saikip[nCnJmneWsi.
e.
?saikipnCenJmnWesi.
30.
Swarane
sendhok ing meja. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a.
?sWr[n[s[nDokKi=[mj.
b.
?sWr[n[s[nDokHi=[mj.
c.
?sWr[n[s[vDokHi=[mj.
d.
?sWrnese[nDokHi=mej.
e.
?suwr[n[s[nDokHi=[mj.
31.
Ana
rapat utawa pasamuan resmi. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
a.
?anrptautwpsmuanresMi.
b.
?anrptHutwpsmuanResMi.
c.
?anrptautwpsmuanResMi.
d.
?anrptHutwpsmuan>sMi.
e.
? anrptHutwpsmua[nRsMi.
32.
Wacanen wacan ing ngisor iki!
“Kenapa
ilmuwan Barat seneng neliti wayang ing tanah Jawa? Miturut Franz Magnis Suseno
jroning Etika Jawa (1985),
saben wayang sakabehe ditampa minangka gegambaraning uripe manungsa Jawa. Kawit
cilik, wong Jawa duwe saperangan identifikasi moral marang tokoh
pewayangan. Dheweke bebas milih salah sijine gegambaran kang dianggep nocogi
lan uga bisa ditampa masarakat. Nanging ora ateges kabeh gambaran wayang iku
pantes digumuni. Maneka rupa lakon kang kebak sawetara piwulang kasusilan, mula
figur kang ala wae uga nemokake papan ing panggung crita.”
Kang dirembug ing paragraph kasebut
yaiku … .
A.
Alesane kenapa ilmuwan Barat seneng
neliti wayang ing tanah Jawa.
B.
Andharane Franz Magnis Suseno jroning Etika
Jawa (1985)
C.
Piwulang wayang sakabehe ditampa
minangka gegambaraning uripe manungsa Jawa
D.
Wong Jawa duwe saperangan identifikasi
moral marang tokoh pewayangan
E.
Maneka rupa lakon kang kebak sawetara
piwulang kasusilan
33.
Ing ngisor iki kang kalebu wacan artikel kanthi tema ngasah kewasisan yaiku … .
A.
Lah menika ta, wus dumugi wahyaning
mangsa kala dhawahing pepesthen, ing samadyaning bale pinajang ing siang/dalu
menika, wonten titahing Gusti Allah SWT. Ingkang arupi kakung miwahing putri,
wus manunggaling tekad arsa mbangun brayat kanthi anetepi upacara adat.
B.
Ora dirasa Pak Naya ari mlaku-mlaku
anjlog dhukuh Randhu, Kalurahan danaraja. Terus duwe gagasan arep mampir
maring umahe Pak Arja. Dhasare wis lawas ora ketemu. Temenan, Pak Naya mampir
neng umahe Pak Arja, kayogawe won ge nang umah.
”Kula nuwun.” ”Mangga, e, e, e, ...... daning Pak Naya. Sing pundi mawon,
si ?”
C.
Kaping
loro, sregep gladhen. Gladhen kuwi perlu kanggo ngasah keprigelan lan
kewasisan kita. Saya asring diasah, saya landhep anggone magawe. Kejaba iku, uga bisa migunani
marang dhiri pribadi lan sakiwa-tengene dhewe.
D.
Rong dina kepungkur MasAmat ora
dodolan tape sebab dheweke nyambangi dulure sing ana ing Kutawinangun. Dina iki
dheweke wis dodolan maneh kaya biasane. Rombong pikulan lan dhingklik ora nate
kari ngancani Mas Amat ngubengi desa Tangkisan – Karangnangka ya desane. Kabeh
wis apal karo swarane. Akeh sing padha seneng nukoni tapene Mas Ahmat sing
pancen nikmat.
E.
Mas Amat : Inggih mangga.. matur nuwun lo Mbak…(Dhuwit seket ewu
diambungi sadurunge dilebokna kesake) wihh.. iki jenenge rejeki nomplok..rejeki
ketemu Pocong (muni ngono karo nyedhak setengah bisik-bisik ing kupinge Mas Pri
sing mung nyawang karo mencep)
34.
Artikel ing ngisor iki wacanen kanthi premati!
“Sanajan bakat uga dadi perangan kang bisa anyengkuyung bisa orane utawa kasil
orane manungsa ing donya, nanging sejatine perkara bisa lan orane utawa kasil
lan orane mau gumantung saka tekad. Tekad kepengin bisa, tekad kepengin kasil.
Kanthi tekad kuat, kita bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit
lair.”
Ing ngisor iki kang ora ana gegayutane karo Prathelan artikel Jawa
ing dhuwur yaiku … .
A.
perkara bisa lan orane utawa kasil lan
orane mau gumantung saka bakat.
B.
bakat uga dadi perangan kang bisa kasil
orane manungsa ing donya.
C.
kang wigati iku tekad kepengin bisa lan
tekad kepengin kasil.
D.
kanthi tekad kuat, kita bisa kasil.
E.
manawa kita duweni tekad kuat, mesti kita
bisa kasil kaya dene wong kang duweni bakat wiwit lair.
35.
Dikandhanana bola-bali ya ora tau
nggugu.
Miturut
silsilahe ukara, ukara ing ndhuwur kalebu ukara . . .
A.
Andharan
B.
Pitakon
C.
Induktif
D.
Sambawa
E.
Krenteg
36.
Kang kudu digatekake sajroning
mragakake sandiwara, kajaba . . .
A.
Lafal
B.
Mimik
C.
Intonasi
D.
Watak
E.
Dekorasi
37.
Paraga sandiwara kang gaweyane mungsuhi
paraga utama diarani paraga … .
A.
Protagonis
B.
didagonis
C.
Betagonis
D.
tritagonis
E.
antagonis
38.
Ing tengah dalan
ketepakan ketemu karo Mas Pri sing
lagi ngrondha kemul sarung sajak males lan ngantuk banget.
Mbak Yupinah: Lhaiki uwonge….!
Mas Pri : ya ampyun… ngaget-ngageti ae..se
Mbak..Mbak.. ana apa iki kok rombongan?
Zaenab : Mas Pri.. aku tak takon….
MasPri : Ee.. ana Mas Amat barang ta iki…emm nggawa tape ora, Mas?
Mas Amat : Ora! Tapeku buyar
diborong pocong!
Mas Pri : Zaenab arep takon
apa,mau?
Latar
ing prathelan drama ing dhuwur manggon ana ing …
A.
Dalan
B.
Pos rondha
C.
Kuburan
D.
Pinggir kali
E.
Omah
39.
Petikan Drama ing ngisor iki satitekna!
YUYU KANGKANG : “eiiiitsss, nanging...,
ahaaa, ana syarate”
PARA KLENTHING : “apa kuwi?”
YUYU
KANGKANG : “aku mung njaluk piiiiiii lussss, ahaaa”
PARA KLENTHING : “pilus apa kuwi??”
YUYU KANGKANG : “pilus kuwi yaiku pipi
alus, ahaaaa, ngerti ta maksude?”
(para
klenthing rambugan eyel-eyelen)
YUYU KANGKANG : “piye, yen wegah ya
wis, kowe kabeh ora bakal isa nyebrang”
K. ABANG
: “ Yuyu
Kangkang,”
YUYU KANGKANG : “ahaaa....”
Watake yuyu kangkang ing drama kasebut yaiku …
A.
Galak
B.
Sekti
C.
Pinter
ngapusi
D.
Pinter ngrayu
E.
Seneng mbeda
40.
Petikan Drama ing ngisor iki satitekna!
K. IJO
:”apa, arep numpang ning kene? Ning kene
panggonane wis entek!”
K. UNGU :“iya! Luwih
becik kowe golek panggonan liya!”
K. KUNING:“aku njaluk tulung banget,
dikon turu kandhang pitik aku ya gelem”
K. BIRU :”huh, ki
bocah ngeyel banget ta, dikon lunga ya lunga! Tak jiwit lho! nanging nganggo
tang!”
Prathelan
drama ing dhuwur diarani ... .
A.
Prolog
B.
Monolog
C.
Epilog
D.
Katalog
E.
Pacelathon
41.
Geguritan ing ngisor iki wacanen kanthi
premati!
Jaman iki wis banget tuwa
Dening
: Turiyo Ragil Putra
Ngger, anakku
Jaman iki wis banget tuwa
Kabudayan wis rontang-ranting
Mung kari crita
Aja maneh sinom, dhandhanggula, utawa gambuh
Salarik
guritan wae wis ora ana sing nggape
Kajaba
kerlap-kerlipe lintang ing langit kana
Sing
setya ngrenggani sepine wengi
Binareng
angambare cempaka sari
|
Piwulang
apa kang bisa dijupuk saka geguritan ingdhuwur . . .
A.
Jaman saiki kabudayan wis dilalekake
B.
Kabudayan wis samsaya
ditinggalake
C.
Kabudayan kudu dilestarikake
D. Jamansing
wis tuwa
E.
Kabudayan sing kari crita
42.
Tembung-tembung kang nerangake tumindak
pagaweyan, diarani tembung . . .
A.
Tembung
kriya
B.
Tembung sesulih
C.
Tembung
aran
D.
Tembung wicalan
E.
Tembung katrangan
43.
Bebasan kaya ancik-ancik pucuking eri.
Apa
tegese ancik-ancik pucuking eri . . .
A.
Nemu
kasusahan
B.
Rebutan barang sepele
C.
Tansah
kwatir
D.
Paseduluran sing ora rukun
E.
Andum barang marang wong liya,
nanging awake dhewe malah ora kedhuman
44.
Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi
premati!
Nguri-uri
Kesenian Jawa
Wiwitan ngadege paguyuban seni Laras
Madya, ndhisike ing Desa Gembongan ana sawijining grup Wayang Wong, ananging
saka ajuning jaman banjur ilang. Sabanjure ana salah sawijining pawongan kang
asale saka Desa Gembongan, yaiku Mas Purwanto, kang lenggah ing Ngayogjakarta.
Mas Purwanto sakdurunge babar pisan ora ngerti karo sing jenenge kesenian Jawa.
Anehe bareng ora lenggah ing Desa Gembongan, piyambake ngajak-ajak nguri-uri
kesenian Jawa. Pangajabe Mas Purwanto ditampa kanthi senenging ati dening
pawongan kang padha seneng karo seni Jawa kuwi. Mula sing padha seneng kesenian
Jawa kuwi terus nganakake kumpulan kanthi mbentuk paguyuban seni Laras Madya
kang dijenengi "Ngesti Laras".
Wacan
ana ing dhuwur didhelok saka panggonan ukara bakune. klebu paragraf . .. .
A.
Dhedhuktif
B.
Naratif
C.
Indhuktif
D.
Informatif
E.
Ineratif
45.
Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi
premati!
Tembang campur sari sing kawentar ditembangake Dhidhi Kempot iku akeh banget.
Ana tembang sing nggambarake katresnane priya marang sawijining wanita sing
pagaweane bakul lemper. Sing kasmaran nganti kedher atine, sanajan amung numpak
sekuter. Tembang mau irah-irahane ‘Sekonyong-konyong Kedher’. Sing mesakake
tembang sing nyritakake wong kang kasmaran, sing ditresnani lunga tanpa kandha,
anggone nggoleki tekan ngendi-endi. Ora ana sing mangerteni lungane, prasasat
sewu kutha wis diliwati, digoleki meksa durung ketemu. Sing nggambarake
kelangan katresnan ana ing Tanjung Mas Semarang, Stasiun Balapan Solo uga ana.
Miturutmu, wacan ing nduwur kalebu jinise paragraf…
A. naratif
B. deskriptif
C. indhuktif
D. dhedhuktif
E. dhedhuktif
induktif
46.
Ing ngisor iki kang dudu ca-cakane
nulis wacana argumentasi yaiku …
A.
Milih topik
B.
Nemtokake tujuwan
C.
Nemtokake irah-irahan
D.
Nyusun cengkorongan
E.
Ngringkes cengkorongan
47.
Ing jaman samangke kathah tiyang
ingkang boten saged basa Jawa kanthi sae.
Tembung samangke ana ukara ing dhuwur tegese …
A.
Saiki
B.
Kuno
C.
Modheren
D. Saweg
E.
Biyen
48.
Ing ngisor iki tuladha ukara kang
mratelakake cacah, ukuran, takeran utawa timbangan yaiku …
A. Kowe
aja lunga menyang ngendi-endi ing kono wae
B. Ngene
lho carane ngawe youtube, ora ngono kuwi
C. Wangsul
rumiyin, mangke mriki malih
D. Dhuwit
samana akehe mau apa sangumu sesasi?
E. Sampeyan
badhe tumbas manapa badhe sade?
49.
Kang kalebu ukara pakon pangajak yaiku
…
A.
Awas sing ati-ati!
B.
Kowe ora kena dolan yen during sinau!
C.
Sadurunge, piwulangan diwiwiti sumnagga
mangastungkara rumiyin!
D. Gek
ndang digarap!
E.
Aku dak dolan ning omahmu ya, nanging
disuguhi ya!
50.
Mangkene, mangkono, mangkana kuwi
minangka tetembungan kang mratelakake …
A.
Cacah, ukara lan timbangan
B.
Kahanan utawa patrap
C.
Panggonan barang kang dadi katrangane
tembung aran
D. Wektu
kang kapungkur
E.
Barang kang mentas dirembug
Sugeng
makarya!