Tuladha Wara-wara:
Tuladha 1:
Para kadang sutresna,
Kangge
mapag pengetan dinten Kamardikan kaping .... Republik Indonesia, OSIS SMK
Bina Nusantara Demak badhe ndherek ngregengaken kanthi nggelar Lomba
Maos lan Nyerat Geguritan ingkang badhe dipungelar benjing:
dina : .................
surya : ................
wanci : .................
papan : ..................
Gegayutan
kaliyan bab kasebat, para kadang siswa kaajab supados enggal ndaftar lomba
marang sekretariat OSIS, nyathetaken dhiri marang Sdr. Kun Syafi'i,
telat-telatipun .......................
Mugi-mugi byawara menika saged ndadosaken kawruh tumprap para kadang sutresna sedaya.
Matur nuwun.
Demak, ...............
Ketua Sekretaris
ttd ttd
Arjun Srikandi
Tuladha 2:
WARA-WARA
Katur sedaya siswa SMK Bina Nusantara Demak
Sesambetan kaliyan pengetan dinten kamardikan RI ingkang kaping 71, OSIS SMK Bina Nusantara Demak badhe ndherek ngregengaken kanthi ngawontenaken Lomba Pentas Seni Kelas, benjang:
dinten : setu
surya : 20 Agustus 2016
tabuh : 08.00 - 12.00 WNIK
papan : Aula SMK Bina Nusantara
Pramila, dhutaning kelas saged kadhaptaraken ing sekretariat OSIS utawi kaliyan sedherek Ahmad Firman XI TKJ satelat-telatipun dinten
Mekaten wara-wara punika kawedalaken, sedaya pandangon saged pinanggih Ketua OSIS. Nuwun.
Demak, 5 Agustus 2016
Ketua OSIS
ttd
Ahmad Firman
Tidak ada komentar:
Posting Komentar